Senin, 08 April 2019

NDUDING


Senen Pon 8 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 40:1-15
Jabur 20
Yokanan 8:1-11
“Satengahé memulang, para ahli Torèt lan wong-wong Farisi padha ngirid wong wadon sing konangan lagi laku jina. Wong wadon mau nuli digawa sowan ing ngarsané Gusti Yésus, lan dikon ngadeg ana ing tengah.

Saben papan mesti nduweni cara ngucapake tembung, semono uga kanggo tembung NDUDING. Ana sing ngarani Nuding lan uga ana sing ngarani nunjuk, ning kabeh mau sejatine tumindak kang pada, nggunak’ake salah siji driji tangan kanggo nudhuh liyan. Mulane NDUDING kuwi isa diarani tumindak sing ngenerake perkara marang sawijining kahanan, isa barang lan uga menungsa, NUDHING kuwi isa apik ananging ya isa ora apaik. Sanadyan NNUDING kuwi sejatine pagawean netral, ananging saiki kayane NDUDING kuwi wis klebu golongan sing ora apik.

Crita neng Kitab Suci bab para ahli toret sing nggiring pawestri (jarene) ketangkep tumindak ora penenr, dadi gambaran kanggo urip ing jaman saiki uga. Apa mergane para Ahli Toret tumindak kaya mengkono? Merga rumangsa suci,rumangsa ora (konangan) nglakoni sing kaya dilakoni wong wadon sing digiring menyang ngarsane Gusti Yesus. para ahli toret wani NDUDING wong liya merga rumangsa ora nglakoni kaya sing dituduhke dilakoni wong wadon kuwi.  Sejatine, lumantar NDUDING marang wong wadon kuwi, wong akeh, utamane para ahli toret, nembe  NDUDING awak’e dewe, merga driji sing dienggo nginceng liyan mung siji, dene sing ngarah awak’e dewe paling ora ana telu.  Mirsani kahanan kaya mengkono, Gusti Yesus njur tumindak, ora ngendikan ning malah nulis neng lemah ngagem drijiNe. Iki sing marakne trenyuh, jebul jaman mbiyen, Pedaleman Suci kuwi jik kalah mewah karo omah pribadi, mula yen saiki papan pangibadah (greja) ora luwih apik seka omah pribadi, ya malah iki sing ngalkitabiah jebule..

Mbalik neng bab NDUDING mau, sejatine sapa wae sing NDUDING kuwi wong sing kumenthus, kumlungkung, sombong , kemaki lan sejatine ora luwih apik tinimbang sing nembe dituding. Mula aja gampang NDUDING liyan, luwih becik ngowahi penemu-penemu urip sing luput lan uga tumindak sing mung nguyak kemaremaning kamanungsan.

“Paklik,mau bengi rapat nganti wengi, ora puput-puput wong kabeh malah NDUDING siji lan sijine”, Dalijo esuk kuwi nyruput kopi karo nglepus sakdurunge mangkat ngarit, wadul karo Lik Ndoleng.
“Kuwi tegese jik bocah pikirane. Yen diwasa ora ngono, sanadyan blegere diwasa ning yen jik tuding-tudingan, kuwi jik cilik, yen jik njaluk digatekne, jik kemaki rumangsa isa dewe ananging yen njur ora isa nglakoni nyalahke liyan, kuwi pikiran gemblung”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Weh, yen ngonoo saiki wong sregep ngibadah ya jik akeh sing gemblung ya Lik?”, Nduk I’in melu cawe-cawe..
“Kayane ya jik akeh wae nganggo banget In..”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Weh, paklik malah NDUDING liyan..”Dalijo ngelikne Lik Ndoleng..


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH