Minggu, 21 April 2019

SUWUNG


Minggu Legi 21 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 65:17-25
Jabur 118:1-2,14-24
Lelakone Para Rasul 10:34-43
Lukas 24:1-12
“Bareng wis tekan pesaréan padha weruh, yèn watu sing kanggo nutupi pesaréané wis ngglimpang saka ing panggonané. Wong-wong wadon mau nuli padha mlebu ing pesaréan, nanging layoné wis ora ana.” Lukas 24:2-3

SUWUNG kuwi ora ana isine, bisa merga lunga utawa pancen durung nate ana isine. Sakliyane ora ana isine, SUWUNG isa uga diartekne ora ana sing nguwasani, ora ana sing mbaureksa. Bab SUWUNG iki, tumrape menungsa isa ndadekne rong kahanan, yakuwi susah lan seneng, gumantung apa sing dadi underane SUWUNG. Yen nembe nggolek’i, njur nemok’ake ananging  kahanane SUWUNG, wis mesti ndadekna susah. Beda critane yen ngerti omahe ana sing nguwasani, dikon lunga ora gelem, njur ujug-ujug dadi SUWUNG, yen ngene iki mesti ngrasakne bungah. SUWUNG isa ndadekne bungah lan uga ndadekne susah, kuwi kasunyatan. Ana uga SUWUNG sing kudune dadi kabar kabungahan ananging malah ndadekne susah sing pada nyekseni.

Si LUNNA

Crita bab sedane Gusti Yesus dadi underan kapercayane Greja, yen wungune Gusti dadi pancatan kapercayane Greja. Ana neng Injil Lukas bab 24 dicritak’ake, nalika para wong wadon, esuk umun-umun mlaku menyang sareane Gusti Yesus. Tujuanne ora arep nekseni, apa bener apa sing kapangandika’ke, yen sakwise seda njur telungndinane, ananging arep nelakake tresnane lumantar nyekar. Mula sakwise tekan pasareane Gusti Yesus, kahanane wis SUWUNG,para wong wadon mau sedihe ora njamak. Lha ngapa sedih?Merga rumangsa yen apa sing dadi pengarep-arepe sing pungkasan ilang. Sedih amarga sedane Gusti Yesus pancen ndadekne sapa wae sing tresna Panjenengane kelangan, mula nalika niliki Pasareane lan SUWUNG sedih kuwi rinasa sampurna.

Merga sedih, para wong wadon mau ora eling karo weling lan janjine Gusti, yen sakwise seda, dina kapingtelune arep wungu meneh. Ati sing ginubet rasa sedih lan kelangan, ndadekne mata batin utawa mata rohani menungsa blawur lan ora isa nyawang apa-apa, klebu kaelokan-kaeloan sing ditindaken Gusti.

Sarean sing SUWUNG sejatine mratandakne yen dayane pati wis diremuk nganti ora nduweni daya meneh. Watu gede sing nutupi pasarean sing nggeser dadi pratanda yen wungune Gusti, kuwi nggeser lan malah kepara nyingkirake apa wae sing nutupi dalaning berkah. Mulane SUWUNG sejatine isa diartekne kahanane ati lan pikirane menungsa. Ayo pada diSUWUNGake saka sakabehe pangerten sing mati. Apa wae sing ada gegayutane karo bab “mati” ayo pada disuwung’ake, kuwi kabeh merga sawab wungune Gusti Yesus. Mula yen pada ngrayakne paskah, sing tegese ngriyayakne wungune Gusti Yesus, ananging semangate sik “mati”, merga bubar paskah ya jik wegah obah, kuwi sejatine ora yakin yen kubure Gusti Yesus SUWUNG.


“Jo, apa sing dadi pengalaman penting bab wungune  Gusti, bab pasareane sing SUWUNG?”, Lik Ndoleng esuk kuwi, jam telunan, nalika umyek  cecawis arep ngibadah subuh, ndadak takon neng Dalijo.
“Serius po gojek Lik?”, takone Dalijo.
“Karepmu Jo, saksenengmu…” Wangasulane Lik Ndoleng.
“Yen aku Suwung kuwi brarti renek isine Lik” Nduk I’in kaya biasane, nyoal-nyael yen ana sing rembugan.
“Pada kaya I’in Lik..hehe..tapi kanggoke, bab pasareane Gusti sing SUWUNG kuwi dadi srana pepeling kanggo aku, yen aku kudu nyuwungake ati lan pikiranku seka kabeh sing klebu dayane pati. Ya males, pelit,cuek,nesunan,mutungan,muringan,lan kabeh sing ora ana daya mbangun lan mbangun bab sing apik”, Wangsulane Dalijo sajak kaya propesor.
“Weh, wis lali tenan karo Tarsi kang Dal, kok wicaksana men?”, I’in jik sempat njarak.
“Duss..cah siji iki..” Batine Dalijo, njur mangkat bebarengan neng ibadah paskah.

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH