Kamis, 18 April 2019

MINGSET


Kemis Pon 18 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 12:1-14
Jabur 116:1-19
1 Korintus 11:23-26
Yokanan 13:1-17,31-35
“Gusti Yésus pirsa, yèn Sang Rama wis masrahaké sakèhing pangwasa marang Panjenengané. Panjenengané uga pirsa, yèn asalé saka Allah, lan bakal kondur menyang ngarsané Allah. Mulané Panjenengané nuli jumeneng, ngrucat jubahé, sarta ngubetaké kain mau ana ing lambungé.” Yokanan 13:3-4

Biasane saben menungsa kuwi seneng kahanan sing apan, sing kepenak utawa ora ngrekasa. Dene kahanan kepenak kuwi ora teka dewe, ananging kudu diperjuangke. Lha yen wis ana neng kahanan kepenak, sakbanjure arang wong sing gelem MINGSET, utawa pindah saka kahanane mau. Iki ana neng kabeh kahanane urip. Nalika nduweni jabatan sing penak,njur wegah lengser utawa mingset saka panggonane, mula lumantar apa wae yen isa jabatan utawa kahanan penak kuwi dijaga nganti ngetohne nyawa. Kahanan penak utawa mapan kuwi jare wong pinter sok diarani status quo, mbuh apa artine ngko takon wae mbek Dalijo.


Bali neng tembung MINGSET, kui tegese obah,pindah,nggeser saka kahanan siji neng kahanan liyane. Dene alesane MINGSET kuwi ya akeh banget, ana merga ora krasan neng kahanane, yen iki lumrah merga njur nggolek papan sing luwih ngepenakne, ana sing merga pengen nggolek pengalaman anyar, iki ya akeh sing nglakoni, la nana uga sing MINGSET merga timbalan batin merga kapercayan.  Neng Kitab Suci, pernahe neng Injil Yokanan bab 13, neng kana dicritak’ake bab Gusti Yesus sing kersa MINGSET, nilar kahanan penaklan nyenengake nalika nembe kembul bujana karo para sekabate. Dene anggone Gusti Yesus MINGSET kuwi tujuane ora nggolek kahanan sing luwih kepenak, ananging malah “njupuk dalan ngrekasa”. Lha kepiye ora ngrekasa? Ingatase Guru lan malah Gusti Allah kang Manjalma, sing kudune diladeni dening menungsa, lha iki malah MINGSET seka lungguhe,cucul jubbah njupuk lap kanggo nyeka sikile para murid.

Gusti Yesus kersa MINGSET seka kahanan sing kepenak kanggo nulungi liyan, supaya ya ngrasakne penak. Apa sing ditindakne Gusti Yesus kuwi pralambang, misuhi sikil lan nyeka utawa ngelapi, kuwi tanda pangresikaning dosa. Merga dosa menungsa bakale cilaka, mula kudu diresiki ben merdika. Lha kuwi kabeh tujuan mulya sing ditindakne Gusti Yesus, MINGSET kanggo tetulung liyan, ora mbegegeg kaya tugu, merga wis kepenak uripe. Mula neng wanci Kemis Putih iki, ayo pada nulada Gusti, ayo MINGSET saka papan kepenak’e dewe-dewe. Sing biyasane pelite raukur tur ora nate merduli liyan, MINGSET’a, Sing biasane malese ora njamak bab leladi, ayo MINGSET, bubar maca tulisan iki njur rajin, sing biasane nesunan,ngamuk’an lan liya-liyane, ayo MINGSET. Kabeh supaya kahanan isa luwih apik…


“Kang Dal, kawit wingi bengi kok Paklik Ndoleng sinau ngidung kuwi kenapa ya?”, Nduk I’in takon karo Dalijo, sajak gumun karo plageane Lik Ndoleng sing beda.
“Mbuh kae, bar diWA yu Wasti yak’e, njur gelem latihan ngidung”, Wangsulane Dalijo sinambi nyumet djarumsupere.
“Ora ngono cah, iki kuwi merga aku arep MINGSET, pindah seka kahanan malesku saksuwene iki. Aku jebul dijatah dadi kantoria nggo Jumat Agung, mula sakdurunge latihan bareng ya latihan dewe ndisik” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Mesti merga Yu wasti ya Lik?”, Dalijo jik njarag.
“Ora, wingi aku seka sowan neng pastori, andum berkah, lha mbokmu cilik bar sertipikasi, mula ya aku eling Gusti. Lha ps kuwi aku ketemu kang Sranto, njur diweling bab kantoria iki. Njur aku semangat latihan, merga jik diagem Gusti”, Lik Ndoleng njlentrehne kanthi tablang..

Mbah’e



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH