Selasa, 09 April 2019

NGGIRING


Selasa Wage 9 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Para Hakim 9:7-15
Jabur 20
Lukas 2:41-51a
“Uga rama lan ibuné padha gumun banget. Maryam kandha: “Nggèr, yagéné kowé kokgawé répoté bapak lan ibumu? Olèhku padha nggolèki kowé nganti uwas atiku.” Lukas 2:48

NGGIRING kuwi tumindak kanggo ngarahke utawa ngenerke apa wae manut kekarepane. NGGIRING kuwi kena kanggo ukara macem-macem, kayata NGGIRING Sapi, iki tumrap sing nate angon, NGGIRING bal, sing seneng bal-balan lan uga NGGIRING opini, supaya terpengaruh lan setuju karo opinine. Sakliyane tembung NGGIRING ana tembung sing cedak banget bab tata tulisane, yakuwi NGIRING. Sanadyan mung beda huruf “G” siji, ananging  tegese ya beda banget. Yen NGGIRING kuwi tumindak kanggo ngarahke apa wae manut kekarepane, dene NGIRING tumindak kang uga seka mburi, ananging manut karo sing ana ngarepe. Yen NGGIRING apa wae sing ana ngarepe kudu manut karep’e, dene NGIRING kuwi sing mburi kudu manut karo ngarepe.


Menungsa kuwi tinitahke kanthi akal budi, supaya bisa mranata lan ngrancang uripe. Lumantar akal budi kuwi mau, menungsa isa  natal an ngatur sakperangan perkara ana ing uripe. Mung saperangan, merga sing saknjabane kekuatane kudu Sing Kuasa ingkang ngatur. Ananging merga saking ndendenge, kabeh yen isa kudu diatur lan manut kekarepane menungsa, malah kepara Gusti Allah,Sing Kuasa bab sakabehe kahanaing Jagad wae meh diatur dening menungsa, ana sing malah ngancam Gusti Allah, dijak kampanye barang..hehe

Bab “ngatur” apa wae kuwi nate klakon neng Kitab Suci, pernahe neng Injil Lukas 2. Neng kana rama lan biyunge Gusti Yesus rada esmosi nalika Gusti jik cilik, ngepasi dijak riyaya neng Yerusalem. Menggalihe rama lan ibune Gusti, nalika bubar Gusti Yesus wis kondur bareng kanca-kancane, ndisik’i. jebul ora, bareng bubar lumaku sedina muput lan ditakokne sanak lan kadange, jebul  ora an sing mbarengi. Mula rama lan ibune Gusti njur bali cengkelak, tekan Yerusalem, pernahe neng Pedaleman Suci mrangguli Putrane nembe diskusi karo para ahlining Toret. Nalika didangu ibune, kaya nats renungan ing nduwur, Gusti Yesus paring wangsulan sing ndadekne rama lan ibune rada kaget.

Sanadyan tata tanggung jawab minangka wong tua, apa sing ditindakne rama lan ibune Gusti Yesus kuwi bener, ananging yen dipapanke ana ing tata kapercayan, ora bener babar blas. Ing bab iki rama lan ibune Gusti ora pareng NGGIRING Gusti, supaya Gusti manut kabeh karo kersane rama lan biyunge, ning kudune NGIRING Gusti, manut apa wae sing dikersakne lan ditindakne Gusti.

Kaos Karakter DalijoNdoleng
@Rp.100.000


Ing  jaman saiki ya jika nggladeg wong sing  pengen NGGIRING Gusti, supaya kabeh kekarepane dituruti. Wong tipe kaya mengkene iki gampang mutung, gampang nesu lan ngamuk. Ngibadah tujuane mung arep meksa Gusti, ora minangka atur panuwun. Sing tipe ngene iki gampang titenane, wonge arang mesem, kokean maido, tukang ngritik lansakpanunggalane, merga tipe iki sing senenge NGGIRING Gusti, ora NGIRING Gusti.

“Jo, yen manut kowe, nalika dongamu ora disembadani Gusti, pye sikapmu?”, Lik Ndoleng sore kuwi nakoni Dalijo.
“Yen aku nesu Lik, wong kene wis percaya lan dadi pelayan sing pengpengan kok dongane ora dituruti”, Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael.
“Aku sih santai wae Lik, manut kersane Gusti, aku NGIRINGke tindak’e Gusti, ora NGGIRING Gusti manut kekarepanku. Buktine tekan saiki aku jik dewe,jomblo, malah bar ditinggal nikah..”Saurane Dalijo sareh banget.
“Kowe ki sabar po nglalu ta Jo, kok takrasakne kaya wong mupus ing pengarep-arep?” Takone Lik Ndoleng.
“Duss..cah tuwek siji iki, kene sinau sareh malah diece terus..”Batine Dalijo.

Saiki pada arep NGIRING’ke Gusti po NGGIRING Gusti?

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH