Selasa, 16 April 2019

OBOR



Selasa Legi 16 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 49:1-7
Jabur 71:1-14
Yokanan 13:21-33,36-38
“Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, “Kowé bakal Dakparingi kuwajiban sing luwih luhur. Ora mung mbangun bangsa Israèl sing isih urip waé, nanging kowé iya bakal Dakdadèkaké oboré bangsa-bangsa, supaya salumahé bumi bakal nampa karahayon.”Yesaya 49:6

Kanggone wong njaman  mbiyen, apa meneh yen wayah mbengi, OBOR banget diperlokne nalika arep lelungan. Apa sebab’e merlokne OBOR?Merga kahanan jik peteng ndedet merga listrik durung tekan ndesa-ndesa lan dalane jik kaya njaman Majapait..Beda karo saiki, nalika Pakde Jokowi mbangun lan mbangun negara kanthi apik lan tumata, kabeh dalan padang lan alus. Oiya, balik neng bab OBOR mau, mbiyen sing bisa didadekne OBOR seka pirang-pirang cara. Ana sing nggawe oncor, yakuwi pucuk’e pring sing rada cilik, dikethok 30an senti, njur didokoni uceng-uceng, diiseni lenga pet lan uceng-ucenge disumet. Oncor iki luwih awet, merga lengane pet mung kanggo nelesi uceng-uceng, ananging nggawene rada ribet. Ana OBOR blarak, yakuwi blarak garing ditaleni njur disumet, iki mayar ning mung sediluk njur entong, ana meneh OBOR seka janggel jagung, disuduk’I cuthik njur clupne lenga pet, sumet, wis kena dingo OBOR.


Lha seka macem-macem OBOR mau, sanadyan beda-beda ning ana siji sing madakne,yakuwi kabeh kudu gelem kobong, utawa kepangan geni. Pancen OBOR kuwi maedahi tenan merga sing maune peteng dadi padang. Ananging OBOR dewe kudu siap ngorbanake awak’e supaya isa dipangan geni lan dadi sumbering oadang kuwi mau. Sanadyan wis ngorbanake awak lan suwening suwe isa entek lan ilang, ananging arang ana sing gelem mapanake OBOR kuwi dadi pahlawan. Biasane rampung dingo ya diguwang lan njur dilalekne, ora ngelingi yen tanpa OBOR kuwi mesti lakune isa kedusang-dusang, ora ngelingi nalika tanpa OBOR kuwi bisa wae ora tekan tujuan. Ning ya pancen wis dadi nasipe OBOR yen kudu dilalekne, dikiwakne saka ing uripe sapa wae sing wis entuk kabegjane urip. 

Manut piwulange Kitab Suci, ing kitab Yesaya, sejatine kabeh sing percaya Gusti Allah kuwi antuk gawean mulya, yakuwi dadi OBOR’e jagad. Merga dadi OBOR ya kudi isa madangi lan siap ngorbanake apa wae, ora mung duwit utawa banda, ning ya urip lan uga nyawa. Iki pancen abot, ananging iki timbalan saka Gusti. Ben kuwat, kudu dadi pangeling-eling yen uripe awak’e dewe kuwi sejatine tanpa Gusti blas renek artine, mula yen wis diangkat lan isa ana artine meneh, lan dinawuhan dadi OBOR, ya aja selak. Pancen ribet lan abot, ning yen ora dilakoni ya isa diarani menungsa sing mbalela. Mula ayo dadi OBOR kanggo jagad.
“Ora ngono ta Jo, kowe kuwi bola-bali digawe nemahi kapitunan karo cah lor kali kok ya jik tetep wae ngapik’I, gek entuk-entukanmu ki apa?”, Lik Ndoleng sore kuwi pas ngrumpi neng lincak teras sisih kulon nakoni Dalija merga njembleng karo tumindak’e Dalijo sing sok ratinemu nalar.


“Iki merga aku didawuhi Gusti supaya isa dadi pepadang Lik. Mula jenenge pepadang ya kudu murup lan murup kuwi ya rekasa”, Wangsulane Dalijo.
“Rasah crigis kokean paido Lik, melu kaya kang Dal wani ra?”, Nduk I’in kaya biasane, nyoal-nyael.
“Paklik gelem dadi OBOR mung yen ana Yu Wasti In”, Saurane Dalijo sajak ngece, sinambi nglepus jian sajak suegere poll..
“Dusss..kena meneh yen bab Wasti….Cen semangatku yen ana cah siji kae..”Batine Lik Ndoleng.

Dadia OBOr kanggo sapa wae, aja mung merga wong siji pa loro!

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH