Sabtu, 20 April 2019

STANMEN


Setu Kliwon 20 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Ratapan 3:1-9,19-24
Jabur 31:1-5,16-17
1 Petrus 4:1-8
Matius 27:57-66
“Aku iki wong sing wis ngrasakaké diukum déning Allah! Aku digiring mlebu ing pepeteng, saya suwé saya jero. Aku digebagi bola-bali tanpa welas. Dagingku padha suwèk, nganti kaya mangap-mangapa, balungku padha tugel. Aku dilebokaké ing pakunjaraning kasangsaran sing nggegirisi. Aku dipeksa manggon ing jagading wong mati sing ora ana entèk-entèké.” Kidung Pangaduh 3:1-6

Nalika kudu mbuka acara esiengem neng njakarta, pak presiden Joko Widodo kudu macak utawa tampil manut kekarepaning sutradara. Ing acara kuwi pak presiden kudu numpak onda gede, lan glibetan ana ing dalan gede sing ramene ora njamak. Malah ora mung kuwi, pak presiden ya kudu mlumpati kahanan sing ruwet nganggo hondane. Akeh “adegan” mbebayani nalika acara kae, lan merga sing tekan para pamirsa kabeh katindak’ake dening pak presiden, mula ya ora sithik sing njur tuwuh pitakonan, “gek pora mbebayani sing dirtindakne pak presiden kuwi?”. Sanadyan ana neng tayangan tipi kabeh sing nindakne pak presiden, ananging pas adegan-adegan berbahaya ana sing ngganteni, lha sing ngganteni iki sing diarani STANMEN (stuntman). Merga peranne dadi SETANMEN kuwi mau, pawongan sing maragakne isa ngrasakne dadi presiden lan uga isa ngrasakne nalika ngliwati agedan-adegan sing mbebayani.

Si Cantik LUNNA

Yen wingi nalika Jumat Adi, BENINGE EMBUN ESUK ngajak sadar yen kasangsaran sing kudune disangga menungsa wis ana sing makili, ing Setu Cilep iki, ayo pada mlebu kahanan kang wening. Ing sajroning wening kuwi mau, ayo pada ngicipi, melu ngrasakne kasangsarane Gusti Yesus. Kaya dene STANMMEN sing nggenti maragakne pak presiden, ayo saiki pada mbudidaya dadi STANMEN bab kasangsaran sing diayahi Gusti Yesus, tujuanne supaya isa melu ngrasakne. Lan kanggo tambahan pangerten bab lakune kasangsaran sing diangga Gusti, lumantar tulisan iki takweruhi yen kuwi kabeh katindak’ake dening Gusti amarga TRESNA. Tresna luwi kudu nandang sengsara lan ngrasakne tatu. Mula yen Gusti nandang tatu lan sengsara, kuwi malah mratandakne yen tresna kuwi pancen nyata.

Saiki mbalik nyang awak’e dewe kabeh minangke menungsa (sing ora rumangsa menungsa rasah mbacutke maca), arep tetep ngetut wingking Gusti lan siap tatu lan sengsara apa mung patut-patute minangka warga negara ngindnesa nduweni agama?Kuwi gumantung pilihane dewe-dewe,ananging perlu dimangerteni, Gusti Yesus ora isa diapusi, lan mirsani atine menungsa kabeh. Mula ing Setu Cilep iki, ayo pada mawas diri, meneng ben wening, njur melu ngrasakne kasangsarane Gusti. Ayo dadi STANMEN penyalibane Gusti.

“Lik, kok kawit wingi ora dhahar, lagi masani sinten?Yu Wasti ben bali ya?”, Takoni nduk I’in kaya padatan, clelek’an ning kebak ing katresnan.

“Crigis In lambemu! Hmmm..jabe ora meh misuh malah kowe kuwi nggoda..”Semaure Lik Ndoleng sareh, merga karo mesem.

“Dadi bener ya Lik, lagi masani Yu Wasti? Jian pol tenan lik tresnamu, kaya lagune swargi mbah Surip, alapyupull..” Dalijo melu semaur lan sajak ngecene luwih jeruu..


“Dusss….cah siji iki…hmmm..njaluk tak kepruk tenan” Batine Lik Ndoleng, meh muni sajak isin dinesoni sing maca BENINGE EMBUN ESUK.
“Kabeh pandugamu kleru cah, aku pancen pasa, ning tujuanku mung pengen melu ngrasakne kasangsarane Gusti. Iki dina Setu Cilep, wektu sing apik kanggo mlebu neng kahanan kang wening, lha caraku lumantar pasa” Semaure Lik Ndoleng wicaksana, kuwi sing ndadekne I’in lan Dalijo mak klekep, meneng!

Mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH