Rabu, 10 April 2019

MBALENI


Rebo Kliwon 10 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Habakuk 3:2-15
Jabur 20
Yokanan 8:31-42
“Dhuh Allah, kawula sampun mireng bab pakaryan ingkang Paduka tindakaken, ngantos manah kawula kepranan sanget. Pakaryan kaélokan ing jaman kepengker menika mugi Paduka wontenaken malih ing jaman samenika. Ing salebeting duka, mugi kersaa ngèngeti kanthi kawelasan!” Habakuk 3:2

Sanadyan ukara “Theklek Kecemplung Kalen” sing tegese tinimbang golek aluwung balen, kuwi ora kabeh seneng, ning sejatine ya ora kleru. Merga kangelan nggolek sing anyar, lan njur kelingan jaman sing wus kliwat dirasakne kepenak, mula ya akeh sing jik seneng karo ukara kuwi. Dadi  sing diarani balen kuwi ya ora luput. Dene tembung MBALENI kuwi tegese muter arah kanggo marani sing wis nate klakon utawa dilakoni. Sepisan meneh, isane klakon MBALENI kuwi biasane merga  nate nglakoni lane ling yen sing klakon kuwi rinasa apik tur ya  kepenak. Yen ora percaya ya takon wae ing nate balen utawa MBALENI. Lha sing maca tulisan iki karo mesam-mesem brarti nate balen..hehe


Bab balen lan MBALENI kuwi nate dadi pengarep-arepe wong ngisrael ing jamane nabi Habakuk. Nalika nembe ngrasak-ngrasak’ake lelakone urip njur kelingan sing wis kawuri, Habakuk njur eling yen mbiyen Gusti Allah nate tumindak sing ngedab-edabi. Mula saka kuwi, nalika ngadepi kahanan sing dirasakne abot,  njur kelingan sing mbiyen lan ndonga merga nduweni pengarep-arep. Dene isine donga kuwi supaya apa wae lelakon sing apik, sing nate dirasakne dening Habakuk (bangsa ngisrael)   isa klakon maneh, tegese Gusti Allah kersa MBALENI sing nate katindak’ake. Tumrap Gusti, bab MBALENI kuwi mayar, ananging sing abot kuwi menungsane, gelem pora MBALENI tumindak apik, manut kersane Gusti kaya sing nate dilakoni dening pra leluhure?

Saiki kabeh mbalik neng menungsane, ya kabeh sing maca tulisan iki. Yen ngarep-arep Gusti MBALENI pakaryane sing nyenengake, ya ayo mbudidaya rumindak apik, ora mung agawe luput wae. Sing kerep klakon kuwi menungsa tumindak luput njur karepe diapura terus, ananging pada wegah ngowahi patraping urip, lan sanadyan luput tetep ndonga supaya Gusti MBALENI pakaryane ngapura utawa ora duka marang menungsa. Lha pola pikir ngene iki lakya sakmeange dewek?Ning ya akih sing nduweni pikiran kaya mengkene, ya ta?Hayo…jujur baen..
“Kang Dal, wingi sore kok paklik nampa telpun karo mesam-mesem ki seka sapa ya?”, Nduk I’in sore kuwi takon marang Dalijo.
“Weh, ya embuh In, wong aku ora krungu. Lha kira-kira seka sapa manut pandugamu?”, Wangsulane Dalijo.
“Kuwi Wasti cah, takon suk malem setu sida rapat apa ora. Jare WA kanca-kanca liyane ora ditanggepi, mula njur telpon aku” Lik Ndoleng nyauri merga ngepasi metu seka pawong karo mangan jadah bakar sing guprut merga campur lebu layan.
“Wah, ngalamat balen ya lik?Isa MBALENI lelakon endah sing mbiyen, semangat rapat meneh ya Lik?Mumpung kang Markun penataran..”Dalijo sajak entuk mimis kanggo mbedili Lik Ndoleng.
“Lambemu Jo…crigis..!”Wangsulane Lik Ndoleng sajak isin ning ya jik mesem sithik, karo muni ngono, ngisep udud, ndilalah luput, sing diisep malah genine. Mangga para maos mbayangke polahe Lik Ndoleng.

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH