Kamis, 04 April 2019

NGETIGING


Kemis Wage 4 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 43:1-7Jabur 126
Yokanan 5:31-47
“Yèn kowé nyabrang banyu sing jero, Aku bakal nunggal karo kowé; kowé bakal ora kleleb lan nemu kasangsaran. Yèn kowé mlaku ngambah geni, bakal ora geseng. Sakèhé kasusahan lan kasangsaran bakal ora gawé laramu.Merga Aku iki Pangéran Allahmu, Kang Mahasuci, Allahé Israèl, Juru Slametmu. Mesir Dakagem dadi tebusanmu, lan Étiopia lan Séba Dakkalahaké dadi gantimu.” YEsaya 43:2-3

Tembung NGETIGING kuwi dudu tembung sing populer ana neng basa jawa umum, tegese kabeh daerah isa ngerti tembung kuwi. Tembung NGETIGING kuwi mung ana neng daerah-daerah tertemtu, mula ya kudu dijelasne supaya dong utawa paham, menawa tetep durung paham, ya ben sowan mbah’e karo nggawa gula lan kopi, nggo wedangan..hehe. Oiya, dadi klalen, wong iki meh njarwakne artine tembung NGETIGING malah sambat njaluk gula lan kopi. NGETIGING kuwi kahanane wong mlaku sing banter utawa rikat banget, ora nolah-noleh lan ngener marang tujuan sing jelas. NGETIGING bisa klakon nalika wus ana keyakinan kan manteb, mula ora sanggarunggi baba pa wae sing bakal dialami.


Anane isa NGETIGING nalika ana kahanan sing mendukung, kayata awak sehat, ongkos ana, rasa ya anal an kemantepan sing dadi modal nomer siji. Yen wis yakin  utawa manteb, mesti bakal siap ngadepi apa wae, lan mesti NGETIGING nglakonine. Kahanan NGETIGING iki nate klakon marang bangsa ngisrael njamane Yesaya, nalika wis dikandani bab kaya ngapa anggone Gusti Allah njanjeni arep ngancani lakune. Gusti Allah janji nunggal ing sadengah kahanan, mlaku neng banyu utawa kali ora bakal klelep lan sengsara, ngambah geni mulad-mulad ya ora geseng. Kuwi kabeh kudune sing ndadekne bangsa ngisrael isa nglakoni kanti tetag lan tatag ben  tutug, lan kuwi kabeh isa dibahasakne NGETIGING.

Ananging sanadyan wis dijanjeni Gusti, akeh menungsa sing durung yakin, jik mangu-mangu. Kuwi kabeh apik ning ora sing paling pener, kudu mapanke kersane Gusti sing nomer siji, dudu nalar pikira sing dadi juru mudining urip. Yen wis dijamin Gusti yen arep diayomi, ya ndang mlaku wae NGETIGING..

“Ora ngono ta Jo, kok awakmu tetegmen dadi wong tani kuwi apa sing ndasari kaya mengkono? Kamangka akeh wong sakpantaranmu sing kayak-kiyak yen kon ngolah lemah?”, LIk Ndoleng nakoni Dalijo.ngepasi ngereg pari neng sawah sing kinupeng ing puthuk kuwi.
“Lha iki wangsit seka swargi bapak je Lik, lan aku wis diwarsi ngelmune wong olah tetanen, mula aku ya teteg wae, ibarate wong mlaku ya NGETIGING..hehe”, Semaure Dalijo sareh, karo nyokot jadah.
“Lha yen sampeyan kok wani ninggal Yu Wasti, miih Lik Trinil ki piye sejarahe Lik?”, Nduk I’in melu nyoal-nyael, sajak ndedes Lik Ndoleng.
“Hmmmm..iki dirungu wong akeh kok takon kaya mengkono ta bocah iki..dusssss”, Batine Lik Ndoleng sajak kemropok, meh muni misuh pekewuh, merga jare misuh kuwi dosa..

Mbah’e



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH