Minggu, 31 Maret 2019

NGAPURA


Minggu Kliwon 31 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yusak 5:9-12
Jabur 32
2 Korinta 5:16-21
Lukas 15:1-3,11b-32
“Bocah mau nuli matur: ‘Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng Gusti Allah lan dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak.Lukas 15:21

Tembung NGAPURA kuwi tegese mapanake samubarang kang wis kelakon dadi bali apik, wis ora rusak. NGAPURA kuwi mung bisa klakon nalika ana sing ora apik. Yen samubarang wus apik kabehm ora mungkin ana tumindak NGAPURA. Dadi, NGAPURA kuwi sawijining tumindak kang dilakoni dening sapa wae kanthi ora nganggep lelakon ala sing kawuri. Sejatine ana lelakon, lan kuwi isa njalari rusaking sesambung utawa seduluran, ananging sakwise ana tumindak NGAPURA, kabeh sing ala sirna,ilang diemplok sing doyan ngemplok..hehe


Sing isa nindak’ake NGAPURA kuwi wong sing  jembar atine lan jero penggalihe, sing siap kelangan apa wae sing sejatine  dadi darbek’e. tanpa anane jembaring ati lan jeroning penggalih, tangeh lamun  klakon kahanan NGAPURA kuwi. Lan mung NGAPURA ing antarane siji-lan sijine sing isa ndadekne urip bebarengan kuwi isa ngrasakne TENTREM RAHAYU.

Piwulangge Gusti Yesus ana ing Injil Lukas 15 nerangake, sepira  ajine tumindak sing diarani NGAPURA kuwi. Nalika kuwi, ana bapak sing duwe anak loro, njur sing ragil njaluk bagean banda warisan. Iki jian kurangajar tenan, lha bapakne jik meger-meger kok ya ega-tegane njaluk bagean. Ning ya njur diparingi, njur didol lan diawut-awut neng paran. Bareng entek, njur bingung nggolek pangan,lan ngrasakne angele nggolek pangan, nganti pakanan babi wae kolu dipangan. Kuwi sing njalari bocah ragil kuwi sadar, yen urip neng omahe bapakne luwih kepenak, mula njur mutusake mulih lan bapakne ya nampa kanthi bungah, malah dipahargya geden.

Sanadyan NGAPURA kuwi tumindak sing jian apik, merga lumantar NGAPURA ing antarane siji lan sijine menungsa, kabeh sing ala ilang, ananging kuwi durung temtu dadi renaming penggalihe kabeh wong, nyatane kangmase bocah ragil kuwi sing angel ngapura tumindak’e adine  Kangmase kuwi ora isa nampa yen adine sing wis njaluk jatahe warisan, bareng entek njur mulih lan bapakne nampa.


Sejatine tumindak’e awak’e dewe..(sing maca tulisan iki) durung mesti luwih apik tinimbang si ragil neng critane Injil lukas, ananging  kerep pada tumindak kaya sing mbarep, mula angel NGAPURA lan nampa adine dewe. Kuwi kabeh sing ndadekne urip ora tentrem.

“Lik, kok rakersa dadi panitia Paskah ki ngapa?”, Takone Dalijo neng Lik Ndoleng.
“Gah, neng kana ana Markun..tekano kapan aku moh nyambut gawe karo dekne”, Saurane Lik Ndoleng krasa sengol.
“Yungalah Paklik, urip sepisan kok ditindes rasa sing ala ta..mbok ya diapura yen ana sing salah..ben tentrem uripmu..marem kuwi durung tentu tentrem lho..”Nduk I’in sajak ngojahi Lik Ndoleng.
“Angel In, wong  kuwi gara-garane Yu Wasti mbiyen luwih milih kang Markun gek, tinimbang Paklik..”Dalijo mangsuli lan sajak nyemes Lik Ndoleng.
“Dus….ngerti wae kue kuwi Joooo!!!!!!”, Lik Ndoleng muni rada sugal, njur mak klepat nglungani…

Mung srana NGAPURA lupute siji lan sijine urip iki bakal kebak katentreman..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH