Rabu, 03 April 2019

MITUHU


Rebo Pon 3 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 4:1-7
Jabur 53
Yokanan 5:17-30
“Wong wadon mau banjur mulih. Satekané ngomah anak-anaké dikon mlebu lan lawangé dikancing. Botol cilik sing isi lenga zaitun mau banjur dijupuk, lengané diiling ing botol-botol kothong sing dicepakaké déning anak-anaké. Sawisé botol-botol mau kebak kabèh, wong wadon mau njaluk botol menèh. Nanging anaké mangsuli, “Sampun telas.” Lengané ing botol cilik mau iya banjur mampet.” 2 Para Raja 4:5-6

Apa-apa sing ana neng donya iki mesti pepasangan, mula kuwi sing diarani jangkep. Ana padhang ana peteng, ana awan ana bengi, ana warreg ana luwe, uga ana mbalela ya ana sing MITUHU. Yen mbalela kuwi nglakoni tumindak sing nglawan karo dhawuh, MITUHU kuwi netepi sakabehing dhawuh kanthi tulus lan iklas. Anane gelem nglakoni apa wae wujuding dhawuh kuwi merga nduweni keyakinan utawa kapercayan. Yen ora nduweni keyakinan, nggone nglakonu kuwi mung amarga wedi, lan kuwi ora apik.


Crita neng Kitab Suci bab nabi Elisa sing disowani mbok randha sing lagi ginubet masalah apik kanggo pangiloning urip. Mbok randha, nduweni masalah abot, njur sowan nabi. Mesti simbok randha  kuwi nduweni kapercayan sing bakoh marang Gusti lumantar nabi Elisa. Mula bukane nabi Elisa ya bingung, njur piye carane nyaurke utange mbok randha, njur takon apa sing diduweni. Mbok randha matur yen nduwene mung lenga zaitun, kuwi wae mung sithik, diwadahi botol cilik wae ora kebak.

Nabi Elisa njur nyenyuwun marang Gusti, kepiye anggone arep nulungi. Bareng wis entuk WANGSIT, lan kuwi dipercaya seka Gusti, njur ngomong karo mbok randha, supaya nyilih botol nyang tangga-tanggane. Mbok randha ngakon anake nyilih tanggane, sakwise entuk  njur mulih. Saktekane ngomah njur kon nutup lawange, lan lenga zaitun sing disimpen neng botol cilik kuwi kon nyilingi neng botol-botol sing disilih seka tanggane. Mbokmenawa neng batine mbok randha kuwi ya tuwuh rasa anyel lan nggumun. Wong aku kuwi nduwe utang sakndayak abuh, lha kok malah mung kon nyilih botol neng tangga. Wong ya nabi mbok ya ndonga, njur mak pethuhuk ana duwit okih. Ndawuhi kk  nylekuthis, ora berwibawa babar blas..mbok menawa ngono kuwi batine mbok randha..hehe. Ananging merga butuh tenan ya ndadekne mbok randha kuwi percaya, ora ngenyang. Isa wae ngenyang, “om nabi, mbok ampun sepele ngaten ta anggenipun nulungi, kula kan gadhah cara piyambak, strategi piyambak kangge manut”,anaging kuwi ora dilakoni, mbok randha MITUHU karo dhawuhe nabi, ora mbalela.

Sing nggumunake, lha kok lenga neng botol kuwi ora entek, nganti kabeh botol sing disilih seka tangga entek, lenga asline tetep ijik. Njur sowan nabi, ditakoni bab botol sing othong, semaur yen wis entek. Banjur dikon ngedol kanggo nyaur utang, turahane nggo urip karo anak’e.


Mujijat sing dialami mbok randha kuwi isane klakon merga MITUHU, ora mbalela. Sanadyan dhawuh kuwi ora tinemu ing nalar,njelehi lan ora nggumunake, ananging kuwi kersane Gusti, dudu karepe dewe. Mujijat kuwi mung ana ing astane Gusti, ora ana neng nalar pikirane menungsa.  Kerep kersane Gusti kang lumantar menungsa kuwi aneh, remeh lan ora mbrejaji, ning yen dilakoni kanthi MITUHU mesti nemahi berkah, yen diwaneni ya mesti nemahi bilahi. Mula saka kuwi, apa wae sing dadi dhawuhe Gusti, sanadyan katon sepele, remeh lan ora mbrejaji, aja dinyang, lakonono. Dadia umat sing MITUHU…

“Jo, lehmu ngrumati arit bulug kuwi ngeram, apa renek arit liyane?”, Alok’e Lik Ndoleng ngerti Dalijo nggone gemati karo Arit warisane swargi bapakne.
“Mbok’o elik,katon ora aji, lan ora mbrejaji, iki welinge swargi bapak Lik, mula kudu taklakoni. Aku pengen mbangun turut karo wong tuwa, sanadyan wis ora ana, ora pengen dadi wong sing diarani mbalela, pengen dadi bocah MITUHU”, Semaure Dalijo. Krungu wangsulane Dalijo, Lik Ndoleng njur meneng, kelingan jaman mbiyen, kerep maneni wongtuwane, lan ujug-ujug mbrebes mili neng mripate.
“Kang Dal, mbok apakne paklik, lha kae kok membah-membih?”, Nduk I’in klesik-klesik karo Dalijo.
“Waduh, paklik baper In..” Semaure Dalijo.
“Dadi eling cah, olehku mbalela karo wong tuwa, ora MITUHU.saiki nggrantes, kranta-ranta..”Lik Ndoleng semaur, njur ngusap luh karo sarunge, lha jebul mung arungan thok, kuwi sing ndadekne I’in njerit-njerit…girab-girab..

Mbahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH