Senin, 15 April 2019

NGURUPNE



Senen Kliwon 15 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 42:1-9
Jabur 36:5-11
Yokanan 12:1-11
Rayung kang pepes tumelung ora bakal kakethok, tuwin uceng-uceng kang melik-melik ora bakal dipateni, nanging iku bakal ngundhangake kabeneran kalawan setya” Yesaya 42:3

Bab geni, antarane NGURUPNE lan mateni kuwi mestine luwih mayar mateni, iki yen urupe geni jik cilik, ning beda yen wis gede utawa mulad-mulat. Yen jik cilik, mateni mung kari nyebul utawa ndamoni, isa uga lumantar disuntak banyu. Ananging yen NGURUPNE luwih abot, apameneh yen kahanane teles utawa ana unsur banyune sing njalari angel murup.  Kuwi kabeh yen bab NGURUPNE geni kang sanyatane, beda meneh yen tembung NGURUPNE kuwi bab pasemon, utamane NGURUPNE semangat utawa krenteg bab pakaryan lan kapercayan.


Ana neng Kitab Suci, pernahe neng Kitab Yesaya, Gusti Allah nate menehi pamece utawa nubuatan sing wujud’e janji, yen Panjenengane ora bakal mateni uruping geni kauripan anaging malah meh NGURUPKE sing mati lan njaga sing ijik urip. Kersane Gusti Allah iki jelas, sejatine dudu bab geni saknyatane ananging bab krenteging urip. Nalika semana pasamuan kagungane Gusti Allah  nembe lemes kapercayane amarga tinindes mungsuh, mula semangat utawa krenteging urip meh wae ilang utawa mati. Ana ing kahanan kang kaya mengkene iki Gusti Allah aweh janji marang pasamuan, yen Gusti ora balak nugel rayung utawa swiwi sing tatu lan ora bakal mateni uceng-uceng sing mung kari melik-melik. Tujuan seka janji kuwi mau supaya semangat urip pasamuan tetep jinaga kuwat lan dadi srana pangluwaran.

Uripe menungsa saben jaman mesti ngadepi maneka werna masalah, lan isa wae masalah  kuwi mepes semangate urip pasamuan. Supaya tetep jinaga semangat utawa krenteg’e urip, pasamua kudu diparingi janji, supaya kaya dene gene urupe tetep anal an menawa ora ana genine Gusti sing bakal NGURUPNE.

“Jo, kok taksawang-sawang, takrasak-rasakne, awakmu kuwi semangat temen yen babagan kegiatan greja, jan-jane apa ta sing njalari?”, Lik Ndoleng sore kuwi nalika udan ricih-ricih lan jagongan nakoni Dalijo.
“Weh, aku ki mung mratelakne pamaturnuwunku marang Gusti sing wis nyukupi kabeh kabutuhaning uripku lho Lik”, Wangsulane Dalijo.
“Kuwi tegese wong sing isa nyadari kahanane urip Lik, tansah atur panuwun, ora mung nuntut wae, ning ragelem makarya. Akeh sing gaweane mung nuntut wae, njalukan karo Gusti, giliran dijak makarya lehe enda pintere pol” Nduk I’in kaya biasane, mela-melu.
“Nah, kaya kuwi Lik, I’in ki saiki pintere pol”, Dalijo ngalem dulure wedok.
“Weh, lha pobutuhmu wis dicukupi Gusti Jo, nyatane tekan saiki jik dewe, jare cah nom-nom, jik Jomblo”, Muni ngono Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme, sinambi nglirik Dalijo.
“Trondolo..cah tuwek iki jik isa ngoso aku, awas sesuk-sesuk, takgenti sikat”, Batine Dalijo, rawani muni, wedi didukani sing pada maca tulisan iki..

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH