Selasa, 02 April 2019

PAGER


Selasa Pahing 2 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Kaimaman 25:1-19
Jabur 53
Yokanan 5:1-16
“Yèn kowé mengko mlebu ing tanah sing dijanjèkaké Allah marang kowé, kowé ora kena nggarap lemahmu ing taun kapitu; srana mengkono kowé ngurmati Allah.” Kaimaman 25:2b

Sapa wae sing maca  tulisan iki mesti wis paham karo apa kuwi PAGER, yakuwi piranti sing digawe dening menungsa kanthi tujuan kanggo mbatesi. Model utawa jinise PAGER akeh banget, seka sing sederhana nganti sing paling modern, ning tetep wae fungsi utamane PAGER kuwi ya kanggo mageri utawa mbatesi. Menungsa kuwi klebu titah sing aneh, kanggo liyan seneng nggawe batesan-batesan, ning yen kanggo awak’e dewe, wegah dibatesi utawa diPAGER’i. Mula ya ora aneh yen akeh wong sing njur seneng nerak utawa nabrak PAGER. Pisan pindo krasa aneh, rumangsa luput utawa salah bab nerak utawa nabrak PAGER kuwi, ning suwening-suwe ya dadi biasa, lumrah-lumrah wae. Sing kulina nerak PAGER, mesti maca tulisan iki sinambi meam-mesem, ana uga sing sajak nesu, lha kae maca karo mbesengut…hehe..santai bro..


Gusti Allah, lumantar Musa, ya nate nggawe PAGER kauripan tumrap bangsa ngisrael. Kuwi akeh ditulis neng kitab Kaimaman. Kaya sing dadi wacan dina iki, yaiku Kaimaman 25. Neng bab kuwi akih lan rinci tenan PAGER sing diyasa dening Gusti Allah, mirunggan neng ayat 2, Gusti nggawe PAGER bab nggarap lemah. Bangsa ngisrael olih nggarap lemah peparinge Gusti, malah dinawuhan nggarap supaya entuk pemetu kanggo kabutuhaning urip. Mbuh arep ditanduri apa, sauger lemahe cocok, manga,sing penting kuwi kanggo cukuping butuh. Ananging pas tekan tahun kapitu, manut petungane bangsa ngisrael, lemah sing kulina digarap kuwi kon libur, dipre’ekne, ora olih digarap. Tujuan sejatine yakuwi supaya lemah ya isa ngaso saka pagaweane ngetokne pemetu kanggo cukuping kebutuhan menungsa. Lumantar Musa uga diweling, yen PAGER kuwi diterak, isa ndadekne bebendu.

Neng sajroning urip iki ya ana PAGER, sing isa ndadekne urip bebarengan iki ana bates-bates. PAGER kuwi ora krangkeng, dudu penjara, ning mung saderma bates,pepeling ben ora klalen. Saumpama urip kuwi kaya ruangan, ambane ngeram, ning ya tetep ana batese. Sanadyan kaya mengkono, pancene menungsa kuwi ora nduweni rasa marem, mung dijaluk sithik wae jik ngenyang, supaya PAGER’e dibubrah, dimbrukne. Alesane ya ndakik-ndakik, jare ikilah, jare kuwilah. Yen rada ditegasi, njur ngamuk, nesu,mutung,mbesengut kaya Semut ngrasakne sumuk. Ana uga menungsa sing modele kaya ngene,wis diparingi pranatan dening Gusti, ning malah ngenyang, jare nduwe model dewe kanggo nresnani Gusti..weladalah..jian…


“Paklik, nyuwun tulung, yen teng peken, mang pundutne  Tlabung riying nggih..”Dalijo esuk kuwi  basa mlipit karo Lik Ndoleng sing meh nyang pasar. Lan ora mangsuli, Lik Ndoleng bablas ngetokne hondane. Nduk I’in sing krungu welinge Dalijo, ya melu ngelikne.
“Ampun supe lho lik, welinge kang Dal niku…”
“Hmmmm..hhhh…”wangsulane Lik Ndoleng, sinambi mesem lan manthuk.
“Lik, jolali lho..”Dalijo wis ora basa meneh merga rasabar karo wangsulane Lik Ndoleng.
“Iyo..iyo Jo, iyik..crigis  anggere duwe kekarepan. Njur mangkat, lan nalika sore, bubar rampungan gawean Dalijo takon bab titipane, Lik Ndoleng jebul NGLALI.
“Yuh Lik, wong biasane sampeyan  nyuwun tulung kula, sakisa kula mesti kula usahaken, sakniki ngepasi kula nyuwun tulung kok nggih dilirwakne ta Lik?”, Dalijo kranta-ranta.
“Jo, elinga, njaluk tulung kuwi ya njaluk..yen ora diwenehi ya aja nesu. Uripku iki hakku, yen kowe njaluk aku, njur ora takwenehi, ya aja ngamuk..!”, Lik Ndoleng malah sing sajak’e nesu..

Kulina akeh, njur dijaluk siji kerep-kerep’e ora olih..kuwi watak srakahe menungsa..ati-ati wae..Gusti isa nimpahke bebendu!!!

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH