Jumat, 05 April 2019

RAGUNA


Jemuah Kliwon 5 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 43:8-15
Jabur 126
Yokanan 7:1-2,10, 25-30
“Gusti Allah ngandika mengkéné, “Umat-Ku ladèkna ing pengadilan. Awit padha duwé mripat, nanging picak, duwé kuping, nanging budheg!” Yesaya 43:8

Apa wae sing katon ing njagad iki mesti dititahke merga ana gunane. Yen  sabarang sing ana iki wis ora migunani, kayane luwih apik yen diobong lan awune isa didadekne rabuk. Rabuk kuwi sing isa migunani dadi srana subur’e tetanduran. Ananging yen sakwise diobong wae njur awune ora kanggo nggawe, mbuh apa apik’e barang kuwi, merga jian wis mentok, wis RAGUNA. Apa wae sing wis RAGUNA mesti diendani, disingkiri, merga ora ana fungsine babar blas. Dene sing isa dadi RAGUNA kuwi ora mung barang, isa wae ide utawa pendapat, isa uga tumindak. Dene sing ngrasa kui migunani apa RAGUNA isa awak’e dewe lan uga liyan. Yen awak’e dewe utawa pribadi, akeh sing dirasa RAGUNA. Isa kuwi barang, sesambungan, seduluran lan liya-liyane.


Bab RAGUNA kuwi nate dadi lantaran dukane Gusti Allah, marang wong ngisrael neng jamanne nabi Yesaya. Lha kenapa  kok Gusti Allah duka? Kuwi mergane wong  ngisrael ngeyele ora njamak, ndendenge pol lan polahe ora isa dicatur.  Wis dibebasne seka panindes  Mesir, diparingi lemah sing gemah ripah lohjinawi lan sakdawane urip ora nate ditegakne dening Gusti, njaluk apa-apa mesti dituruti dening Gusti, ananging mung kon eling karo Gusti wae angele eram. Kamangka Gusti ora njaluk 100 persen wektune wong ngisrael, ora. Babar blas ora, mung njaluk eling, kuwi wae ing wektu-wektu sing tartemtu. Kuwi wae jik dinyang karo wong ngisrael, lan malah dilirwakne. Kabeh kuwi sing ndadekne Gusti Allah duka yayah sinipi. Mula saking dukane nganti ngendika, “…Awit pada duwe mata (basane sing  nulis lho nggih) ning picak, duwe kuping ning budheg!!” apa njur menungsa isa nyalahke Gusti Allah merga dukane? Ora! Kuwi pancen hak’e Gusti. Gusti pirsa lan ngrasa yen tumindak kaya mengkono kuwi isa ndadekne uripe wong ngisrael RAGUNA, ora ana ajine lan pantes tinumpes.

Apa sing ditindakne wong ngisrael njamane nabi Yesaya, jik kerep ditindakne wong jaman saiki. Wis dicukupi apa wae sing dadi butuhing uripe, malah kepara diluwihi, ananging mung dikon eling lan ngelingi marang Gusti wae angele ora njamak. Ana wae alesan sing diaturke. Sing repot, sibuk,lali, focus beda lan liya-liyane,lan kuwi kabeh katone logis utawa tinemu nalar, ananging sejatine mung Nglali marang sing paring kuwi kabeh. Mula sejatine urip sing kaya mengkono kuwi isa diarani RAGUNA, lan ora salah yen diuncalne, diguwang sakadoh-adohe. Sejatine Gusti mung ngersakne menungsa eling lan ngelingi marang Panjenengane sak ndulit saka wektu peparinge, orasah 10%, kakean!, kuwi wis ndadekne Gusti ora duka lan mirsa yen menungsa kabeh iki ana GUNANE. Mula saiki mbalik neng para maos, arep dadi sing RAGUNA apa sing ana GUNANE neng ngarsane Gusti?

“ Kang, wingi aku resik-resik omah, neng lemarimu aku nemu poto-poto njaman mbiyen ik?”, Nduk I’in semanta neng Dalijo.
“Sengaja In, taksimpen, takrumati. Sanadyan ora kabeh nggambarke seeming urip. Kuwi kabeh jik ana GUNANE tumrap uripku, mula taksimpen.”Semaure Dalijo.
“Weh, po enek potone Tarsi In?”Lik Ndoleng njedul seka pawon, jik sarungan langsung nyosor takon.
“Ana Lik, poto njaman lekak raenak. Jian kang Dal cen gemi stiti..kabeh lelakon dirumati merga ana GUNANE” Nduk I’in mangsuli.
“Aku ora arep niru paklik In, mbiyen pas ditinggal omah-omah Yu Wasti, njur nesu, kabeh diobong, dipendem jero..E.eee bareng isa kepethuk meneh saiki kaya abg, jian wis tekenan, jik puber..hahaha”Dalijo entuk mimis kanggo mlintheng Lik Ndoleng.
“Trondolo gowang..bocah iki bendina mesti isa wae ngece wongtua…..” Batine Lik Ndoleng..

Ayo ngupaya ben urip iki ana GUNANE lan ora dadi sing RAGUNA.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH