Minggu, 07 April 2019

MBALIK


Minggu Pahing 7 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 43:16-21
Jabur 126
Filipi 3:4b-14
Yokanan 12:1-8
“Nanging kabèh prekara sing dhèk biyèn dakanggep maédahi mau, saiki dakanggep mitunani merga Sang Kristus.” Filipi 3:7

Nalika ana sing mlaku ngalor, njur entuk pepeling mbuh seka sapa lan kuwi ndadekne dewekne mandek, sakbanjure  ngowahi arah lakune, kuwi isa diarani MBALIK. Dene laku sing diowahi kuwi kudu 180 derajat, yen ora mung isa diarani menggok. Dadi sing diarani MBALIK kuwi ngowahi  arah sing kosokbaline. Sanadyan kayane mung sepele, ananging tumindak MBALIK kuwi ora gampang, apa meneh yen sing MBALIK kuwi babagan orientasining Urip. Sing mbiyen mung mburu kadonyan lan babar blas mikirke urip karohanen njur dadi MBALIK nomerke siji karohanen kuwi  ya angele ora njamak,ning ya akeh sing nate ngalami sing kaya mengkene iki.

Neng Kitab Suci akeh crita bab wong sing MBALIK pamawase bab urip. Rasul Paulus nate crita kaya ngapa patrap uripe sakdurunge “dicekel” dening Gusti Yesus. gethinge marang Gusti lan para penderek’e jian raumum, mula seneng yen isa merjaya lan mateni sapa wae sing nderek lan percaya Gusti Yesus. ananging sakwise dicekel dening Gusti Yesus, pamawase bab urip jian MBALIK grembyang, dadi rowange Gusti Yesus sing peng-pengan. Ana uga wong wadon sing ya MBALIK grembyang, kuwi jenenge Maryam, sedulure Lazarus. Sakdurunge pethuk Gusti Yesus, jian mikire urip kuwi mung seneng lan bandha donya, mula kanggo ngupaya kuwi direwangi makarya sing nerak trapsilaning urip. Lha bareng kepethuk Gusti Yesus, kabuuuehhh ilang, diculne, mung Gusti sing nomer siji.

Saka crita-crita kuwi, isa dijupuk kesimpulan, yen tanpa pangerten sing oenenr lan bener bab urip lan Gusti Yesus, tangeh lamun  isa MBALIK. Lan sanadyan wis ketemu lan (jare) nderek Gusti, ananging yen ora sadar lan nyadari ya oramungkin isa MBALIK. Sanadyan ketok rajin neng nggreja ananging pola pikire jik ora malih, jik pelit, jik nesunan, jik kemaki, jik rumangsa pinter dewe,jik ngeyelan, jik sengit karo  liyan. Kuwi durung MBALIK seka patrap urip lawase.

“Ora ngono ta Jo, bola-bali ropat-rapat neng nggreja kuwi ngrembug apa ta?”, Lik Ndoleng sakplok’e kalah saingan karo kang Markun saiki dadi arang gelem melu panitia, lan mung entuk inpormasi seka kiwa tengen wae.
“Yo ngrembug sing kaya sampeyan kuwi lik, pikirane neka-neka lan nylekuthis”, Nduk I’in malah sing semaur.
“Weh tik malah aku?Lha aku mung ngeman ragate greja, nggere rapat kan makani lan ngombeni. Kuwi durung yen ngundang singliyane.  Lha nggere rapat kudu ngundang lan ngek’I info kuwi po ya isa nyangoni?”, Lik Ndoleng sajak sansaya erosi..eh emosi.
“Ngene lho lik, kabeh kuwi kudu dirembug lan disengkuyung bebarengan. Ben tinemu apik. Bab  ragad kuwi mayar, kabeh wis cinawis dening Gusti. Rasah pelit-pelit, bandane dewe iki berkah, mula kudu dipisungsungke kanggo pakaryane Gusti”, Wangsulane Dalijo sajak wicaksono.
“Sakbare ditinggal nikah Tarsi kok sliramu wicaksana men  ta Kang?”, Nduk I’in malah nyenggrok aten-atene Dalijo.
“Ssstt..menenga In, taktapuk tusewunan lho koengko!!”, Unine Dalijo.

Mbahe…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH