Kamis, 11 April 2019

SUMELEH


Kemis Legi 11 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 53:10-12
Jabur 31:9-16
Yokanan 8:51-59
“Begja-tiwas kawula wonten ing asta Paduka, Paduka mugi ngluwari kawula saking tanganipun satru, ingkang ngoyak-oyak kawula.” Jabur 31:16

SUMELEH kuwi linggane Seleh, sing tegese mapanake barang ana neng papan tartantu, merga wus dipapanake, mula ora digegem utawa dicekel meneh dening  menungsa. Seka lingga Seleh kuwi ya ana tembung nyelehake, sing tegese mapanake samubarang ing papan sing wus kaangkah, mula saka kuwi SUMELEH  isa diarani kahanan sing wis mapan kanthi antheng lan rinasa aman. Tembung SUMELEH sakbanjure isa kanggo ngarani kahanan sing ora mligi kanggo barang, ananging kanggo kahanane menungsa, sing tegese masrahake samubarang ing uripe ana ing kahanan sing gumatok, la nana ing tata kapercayan, SUMELEH kuwi wong sing wis total percaya marang sing maha kwasa.


Neng Kitab Jabur dicritakake kaya ngapa kandele percayane Juru Jabur. Ing kana Juru Jabur wis pasrah, SUMELEH bab uripe. Juru Jabur wis masrahne uripe sakwutuhe neng Astane Sing maha kwasa, kuwi minangka syarat supaya diluwari saka sakabehing karubetaning urip. Dene pengalamaning Juru Jabur bab karubetaning urip kuwi merga diuyak-uyak mungsuh sing ngener marah urip lan keslametane. Juru Jabur masrahake uripe kuwi merga percaya, yen mung Gusti Allah thok thill, sing isa maringi pitulungan sing sampurna, mula ya isa SUMELEH temenan. Dadi, isane Juru Jabur SUMELEH kuwi merga kapercaya lan merga pengalaman.

Ing jaman saiki, perkara SUMELEH kuwi rada rumpil dalane, pomeneh yen kon SUMELEH marang Gusti. Menungsa ing jaman saiki jik luwih percaya karo duwit tinimbang karo Gusti Allah. Titik’ane, aluwung ora ngibadah tinimbang prei seka anggone mburu duwit. Iki kabeh isane klakon merga ing pemikirane, Gusti Allah kuwi isa dinego,dijak nyang-nyangan lan isa dimanipulasi. Isa uga diarani yen pangertene bab Gusti Allah kuwi mung cethek banget, mula ya ora isa nyeleh’ake uripe marang Gusti, jik luwih ngrasa aman nalika sumende marang duwite utawa bandane.

“Wah, aku wingenane kae jik rung trima yen diarani ora nengenake Gusti, aku kesinggung yen merga ora setuju bab kertu persembahan bulanan saben warga siji. Karepku sakomah siji, wong ya sumbere siji”, Lik Ndoleng nggedumel bab kertu pisungsung, lan yen nesu jian raine Lik Ndoleng kaya walang klilipen.
“Kuwi merga pikirane sampeyan kaya wong bakulan neng pasar Lik. Pisungsung pratelan percayane dewe sing uripe dewe iki mung merga dirumat dening Gusti, mula ya kudu mercayakne kabeh neng pangrumate Gusti. Duwit kuwi mung srana, rasah pelit-pelit, kuwi kabeh merga seka Gusti. Sampeyan sugih mbelgedu kuwi mung merga kamurahane Gusti wae, mula ya ayo percaya. Aja nyelehne urip neng duwit Lik, neng sumendekne neng Gusti”, Dalijo dina kuwi sajak wicaksana raumum, mbuh merga kena apa.
“Kang Dal, kok takrasane akhir-akhir iki dirimu jian kaya Begawan, kowe ki jan-jane gek entuk wangsit apa she?”, Nduk I’in nyoba nakoni Dalijo.
“Iki merga aku SUMELEH neng Gusti In, ora kaya Paklik, jik luwih percaya karo bandane tinimbang karo Gusti”, Muni ngoneo karo nglirik Lik Ndoleng sing jik mrengut, malah sansaya tambah, jian kaya Jingklong Putus cinta.
“Dusss..lambemu Jooo…tak tapuk satusan ewu sepuluh  kowengko!!!”, Unine Lik Ndoleng, yen iki ora mbatin merga erosi..eh emosi..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH