Sabtu, 13 April 2019

JINEM


Setu Pon 13 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Image result for siluet senyum wanita cantik

Kaimaman 23:1-8
Jabur 31:9-16
Yokanan 11:45-56
“Sajroné nem dina kowé padha nyambuta-gawé, nanging élinga, dina kapitu, dina Sabbat, kuwi dina kanggo ngaso. Ing dina mau aja padha nyambut-gawé, nanging kudu nglumpuk ngibadah.” Kaimaman 23:3

Yen soal dum-duman, tumrap menungsa kuwi sing dadi pusat utawa pokus pikirane arang sing mikir liyan, mesti sing penting mikir awak’e dewe. Iki yen sing didum samubarang sing dirasa nyenengake utawa isa dadi kebanggaan. Ananging critane mesti beda menawa sin diddum kuwi soal gawean utawa tanggung jawab. Yen soal gawean utawa tanggung jawab, mesti akeh sing pada enda lan ninggalake glanggang supaya wong litya sing kumanan tanggungjawab. Apa sing dadi tulisan pambuka kuwi sejatine nggambarake kahanane menungsa, klebu sing maca tulisan iki, yen soal jatah nampa sing nyenengake njaluk’e nomer siji, dene yen soal tanggung jawab yen isa ngendani sak-adoh-adohe.


Piwulange Kitab Suci bab mranata wektu peparinge Gusti jian cetha wela-wela, ananging akeh menungsa sing nyepelekne. Pancen ing jaman saiki nglirwakne kersane Gusti kuwi oralangsung nampa akibate, mula ya sansaya akeh sing pada wani njarag Gusti. Wis genah banget yen sakjroning  seminggu wis diatur ana pitung ndina lan sing sedina kanggo manembah, ning pancet wae, jika uakih sing nyrobot wektu peparinge Gusti maul an tetep migunakne kabeh wektune kanggo mbledig kadonyan lumatar pegaweanne. Neng Kaimaman 23 ayat 3 jelas ditulis kudu kaya piye menungsa kuwi mapanke uripe, ananging ya sing kalkon ora kaya sing didawuhke Gusti. Ananging sanadyan angel ngibadah ning ya tetep njaluk berkah lan njaluk keslametan.

Mula saka kuwi, ayo ditata meneh anggone ngedum wektu peparinge Gusti, ora kedu kabeh nggo mburu kesenanganing kajasmanen, ning ya kudu ngelingi kebutuhan karohanene. Aturanne Gust iwis pas, petungane Gusti jian pas tenen.

“Lik, sampeyan kenal JINEM?”, Ujug-ujug sore kuwi Dalijo nakoni Lik Ndoleng bab JINEM, nalika lungguhan neng teras, ngepasi padang mbulan.
“Weh, cah ngendi meneh kuwi kang Dal? Apa mirip yu  Wasti?Omahe ngendi? Jik bujang po wis nduweni anak bojo?”, I’in konsisten kaya padatan, nyoal-nyae bab informasi.
“Lha kapan pethukmu Jo?Apa pas nikahane Tarsi?Apa nengpapan liya?”LIk Ndoleng sajak sansaya penasaran.
“Wah, jian pol tenan lik sing jenenge JINEmkuwi, sampurna! Jian canggih tenann”, Dalijo orandang nyritakne sapa JINEM kuwi malah sajak ngubengake crita, pengen nggarapi I’in lan Lik Ndoleng.
“Mbok jopelit-pelit,aku kenalno  Jo, tak melu nyawang. Ananging kok jenenge kaya bocah jaman mbiyen?”, Unie Lik Ndoleng.
“Lhaiya kang, masak saiki ana sing jenenge JINEM”,  Nduk I’in ya sansaya penasaran.
“Iki dudu uwong ya, iki petungane Gusti bab ngedum wektu. Seminggu diparingi wektu nemndina kon makarya, lan dina kaping pitu ngaso, ning ya jik akeh sing nglanggar, JINEM kuwi dudu cewek, ning petungan, siji kanggo Gusti lan enem kanggo nyambut gawe, kuwi wae jik dirampasi dening menungsa kabeh”, Semaure Dalijo cetha lan kabeh njur meneng saja isin.

Salam JINEM
Mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH