Jumat, 12 April 2019

JEJEG


Jemuah Paing 12 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 54:9-10
Jabur 31:9-16
Yokanan 10:31-42
“Gunung-gunung lan punthuk-punthuk bakal ngalih saka enggoné, nanging katresnan-Ku ora bakal pisah saka kowé. Janji-Ku paring katentreman bakal Daktetepi.” Mengkono pangandikané Pangéran sing ngasihi kowé” Yesaya 54:10

Sing diarani JEJEG kuwi nalikaisa ngadeg utawa mapan manut kahanan sing sakmestine. Dene supaya isa JEJEG kudu nduweni sikil utawa srana sing bisa nyangga kang bakoh lan uga pondasi utawa pancatan sing kuwat lan bakoh. Dene sabarang sing ngadeg supaya tetep bisa diarani JEJEG kuwi nalika tetep kuwat ngadepi sawernaning ancemaning kahanan. Menawa wit-witan, supaya isa diarani JEJEG yakuwi nalika ngadepi angit gede lan lemah loongsor tetep ora ndoyong apa meneh ambrug. Supaya tetep isa diarani JEJEG, kudu kuwat ngadepi apa wae sing nempuh neng uripe.

Crita Kitab Suci yakuwi neng Kitab Yesaya 54 ayat 9-10 maringi gambaran marang menungsa kaya ngapa pangupayane Gusti tetep njaga prasetyane supaya tetep JEJEG lan ora goyah, kamangka kudu ngadepi menungsa sing angele ngeram sraten-sratenane. Lha piye ora angel?Lha wis ditulungi, diberkahi,diayomi lan malah wis dicukupi apa sing dadi butuhe, ananging tetep wae ngeyel,mbandel lan ora gelem mbangun turut. jik kerep maneni lan nyingkur karo kersane Gusti. Lha ngadepi kuwi kabeh, Gusti Allah tetep JEJEG njaga janji utawa prasetyane marang menungsa. Digambarake sanadyan gunung-gunung pada ngalih utawa pindah nggon, ananging prasetyane Gusti ora bakal ewah gingsir.

Bab JEJEG kuwi magepokan karo jani, lan gegayutan masalah janji iki menungsa sing kerep ngendani utawa ngingkari janji. Kanggone menungsa gawean njaga JEJEG’ing janji kuwi abote ngeram, mula rasah pada nggumun yen akeh sing ngrusak sesambungan merga seka ora isa njaga JEJEG’in janji sing nate diungelne. Anaging kaya ngapa’a wae, menungsa kudu sinau lan ngupayakne supaya isa njaga JEJEG’e janji, mbuh marang sakpepada apa meneh karo Gusti.

“Lik,aku wingi dipenthelengi  kang Anto Krusuk, merga takelikne pas wayahe rapat majelis kok malah mincing. Dekne muni-muni ora karuan”, Critane Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Cen Anto Krusuk kuwi arang mangkat rapat gek kang”, Nduk I’in kaya padatan melu nyoal-nyael.
“Lha kan mincing kuwi hobine, lan ora ana sing isa nglarang wong nglakoni hobi, wong ya ora njaluk wong liya bab ragad’e mincing” Lik Ndoleng semaur sajak mbelani Anto Krusuk.
“Yo bener kuwi lik, ning mbiyen kan janji nalika diteguhne, yen arep tansah setya netepi timbalane. Kuwi tegese ora JEJEG karo janjine, lan iki sing diblenjani Gusti Allah, dudu menungsa”, Dalijo njlentrehne kanti gambling lan ketok yen Lik Ndoleng semu kesiku, merga ya kerep ora isa JEJEG anggone netepi timbalan.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH