Setu Wage 19 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK
Yeremia 4:1-4
Jabur 36:5-10
Lukas 2:22-35
“Padha
netepana prejanjianmu karo Pangéran, Allahmu, lan uripmu pasrahna marang Aku,
hé kowé wong Yéhuda lan Yérusalèm. Yèn ora, paukuman-Ku bakal murub kaya geni,
merga saka sakèhé kaluputan sing wis koklakoni. Mangka urubé bakal ora kena
disirep, iya jalaran saka penggawému sing ala” Yeremia 4:4
Yen ngomong bab SUNAT, mesti angen-angene akeh
wong mung marang bab pucuk’ing kulit “manuk’e” wong lanang sing diiris,ditata
lan (mungkin) dihias, supaya ora njendhel regetan sing kudune bablas mili nalika
nguyuh. Mula saka kuwi, arang wong sing ngrembug bab SUNAT, pomeneh wong
wadon.(eh mbuh ding, aja-aja wong wadon yen ngrumpi ya ngrembug bab SUNAT…),
merga SUNAT kuwi dudu babagan sing lumrah dirembug. Paling-paling umpama’a
ngrembug ya malah bab nyumbang’e wae, nalika wongtuane sing diSUNATi kepengen
entuk bathi..
Ana neng Kitab Susi, eh Suci…SUNAT kuwi ora
mung bab pucuk’ing kulit sing diiris,ditata lan diukir, ananging ana tegese
sing luwih jero,yakuwi bab Prasetyane manungsa karo Gusti. SUNAT ana neng Kitab
Suci didadekna perkara sing sinengker lan uga Tanda Pepeling. Nalika arep SUNAT,
kabeh diwulang bab SUNAT lan maknane, dene sakwise diSUNAT, kudu mulangake bab
SUNAT kuwi mau marang anak putune. Manut kapercayane wong Yehuda lan Israel,
SUNAT kuwi ajine ngeram, mula ya diajeni. Merga lumantar SUNAT apa sing kudune
ditanggung dening menungsa wis ditanggung dening Gusti.
Lumantar SUNAT, Gusti
Allah janji ngayomi, nentremke,nyukupi lan nuntun salakune wong Yerusalem. Ananging
yen mblenjani janji, ora setya tuhu karo Gusti, ukuman sing ngenteni. Lumantar SUNAT,
Gusti siap nyukupi apa sing dadi “kebutuhane” menungsa,ning yakuwi,menungsa ya
kudu mbangun turut karo apa wae pranatan lan pepakone urip saka Gusti, nyleweng
ya remuk ndul….
“In…bojomu kae SUNAT ra?”, Sore kuwi ujug-ujug
Dalijo nakoni sing aeng-aeng karo Nduk I’in..
“Yo mbuh kang..lha aku dewe ya ora isa mbedakne
endi sing sunat lan ora….Mung jarene kang Batani mantri tukang SUNAT kae,
sansaya akeh sing SUNAT, sansaya akeh sabetane”,Wangsulane Nduk I’in sinambi
nyiling kopi, lan raine katon rada nesu.
“Lha kowe poyo SUNAT ta Jo?”, Lik Ndoleng
ujug-ujug njedul seka kamar, kaya biasane, metu kamar karo mbenerke sarungane
sing tansah mete-mete.
“Yen aku genah SUNAT lik, mbiyen pas lulus
esempe, rapercaya,iki delok’en..”, Dalijo mangsuli, sajak esmosi merga rada
diece Lik Ndoleng.
“Biyuhhhh..esempe lagi SUNAT kang Dal? Lha
mendah ulete kang…”Nduk I’in rasida nesu malah bungah isa ngece Dalijo.
“SUNAT kuwi yen saiki maknane wis bea karo
jaman Kitab Suci. Saiki mung pantes-pantes, lan kanggo kesehatan. Ananging mbiyen
kuwi nggo tanda prajanjiane Gusti Allah karo menungsa, ora bain-bain. Mulane sanadyan
saiki ws rada beda maknane, ayo tansah dieling, yen lumantar SUNAT kuwi mbiyen
Gusti nate janji karo menungsa,yen arep tansah ngrumati saklawase urip. Ora mung
lumantar SUNAT, apa wae ayo dipapanke minangka carane Gusti ngrumati titah’E”,
Lik Ndoleng sesorah,karo ngelus-lus brengose sing mung kaya sungut Lele..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar