Kamis, 10 Januari 2019

BLAKA


Kemis Kliwon 10 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Kohelet 1:1-11
Jabur 29
Lukas 1:26-38
“Asmané Allah kang mulya kuwi luhurna; padha sujuda ing ngarsané karo nganggo sandhangan suci!” Jabur 29:2

BLAKA kuwi tembung sing tegese meh pada karo jujur, mung bedane yen jujur kuwi tumindak sing kalkon sakwise ana tuntutan saka pihak liya, dene yen BLAKA kuwi dituntut apa ora tetep nglakoni apa anane, ora kewalik, ana apane..
BLAKA iki bab patrab urip, kepiye mapanke uripe ana neng ndonya, sepira pangertene bab SING NGECET LOMBOK, apa mung dianggep kaya menungsa apa dipapanke ana neng papan sing sakmestine. Ana wong sing mapanke Gusti Allah mung kaya menungsa, isa diapusi,mula tumindak sing ora sakmestine kanthi sesideman, rumangsane yen wis sesideman njur Gusti ora pirsa, iki lakya nyepelekne Gusti Allah.

Piwelinge Juru Jabur ana neng Jabur 29 kudune dadi kaca pangilon kanggo sapa wae. Juru Jabur maringi weling (disuwelke njur dieling-eling) supaya matrap urip kanthi “Sandhangan Suci”. Kuwi kabeh diwulangke merga manut paseksine Juru Jabur, Gusti Allah kuwi ana neng ngendi wae, neng saknduwuure banjir ana, saknduwure samodra ana, ana neng Gunung, pokok’e ana neng ngendi-ngendi panggonan. Kabeh kuwi kudune dadi papan sing nyadarake yen kabeh kahanane menungsa kapirsan dening Gusti. Mula saka kuwi, ayo pada nganggo SANDHANGAN SUCI neng urip iki. Rasah pelit-pelit,rasah kakean alesan yen dijak makarya neng pasamuan,rasah numpuk-numpuk bada donya, rasah kemaki,rasah ngapusi,rasah..rasah..lan sakpiturute..
Ayo pada sujud lan ngluhurke Gusti Allah kanti kasucen..

“In,sidane kowe arep umbruk apa nggo acara penting tahun iki?”, Dalijo esuk kuwi karo ngopi nakoni dulure wedok I’in.
“Anu kang..hmm..anu..aku meh misungsungke wektuku, tenagaku lan brayatke..lha piye arep misungsungke duwit kahanane ya ngerti dewe..” Wangsulane I’in kanthi katon rada mangu-mangu..
“Sing manteb wae nduk..apa wae pisungsung kuwi dadi srana kaluhurane Gusti,sing penting BLAKA karo kahanan. Aja duwe ngomong randuwe , lan uga kosok baline, randuwe muni nduwe.. “, Lik Ndoleng njedul saka sisih kulon lawing karo kojah..
“Wah, setuju sampeyan aku lik..jian saiki bareng raisa nggoda Yu Wasti, malah wicaksana..”, Dalijo kumat ngecene karo Lik ndoleng..
“Lambemu Jo…bocah kok konsistene ngeram..kawit jik neng weteng wis ngece wae isane..jian bakat tenan ngger awakmu kuwi, ning ya gek rabio..selak lumuten..”,Lik Ndoleng jik isa mbales..
“Dussssss….”, Batine Dalijo, meh muni pekewuh..

Ayo tanah matrap urip sing BLAKA..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH