Sabtu, 26 Januari 2019

NGINTHIL


Setu Legi 26 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 5:1-13
Jabur 19
Yokanan 1:43-51
Ésukè Gusti Yésus ngersakaké tindak menyang tanah Galiléa. Ana ing kana ketemu karo Filipus. Pangandikané Gusti Yésus marang Filipus: “Mèlua Aku.” Yokanan 1:43

Ora ateges yen wong melu liyan kuwi ora mandiri, ananging isa uga merga rasa percaya sing dhuwur. Dene wong sing melu wong liya isa diarani wong sing lakune NGINTHIL ana ing sakmburine sing ditutke. Mula saka kuwi tembung NGINTHIL kuwi bsa diartekne sabarang tumindak kang klakon kanthi niru utawa nulada liyan lan saumpama kuwi bab lakuning urip, NGINTHIL kuwi tumidak ana ing sakmburine pawongan kang didadekna panutan.

Nalika miwiti pakaryane, Gusti nimbali para-para sing dikersakne mirunggan
ngrewangi pakaryane. Ana pawongan cacah rolas kang pinilih tinimbalan mirunggan kanggo nderekne Gusti. Kabeh dtimbali jumbuh karo jenenge sowing-sowang lan sakwise ditimbali banjur pada diajak nderek Gusti. Anggone nderek kuwi mestine wae ana ing sakmburine Gusti, mula isa diarani NGINTHIL. Amarga lumaku ana sakmburine Gusti, mula mesti kudu manut lan niru sakparipolahe sing ana neng ngarepe, ora bisa nsisik’i lan ora kena kadohan jarak’e, merga yen kadohan mesti kelangan andulu, lan isa ilang ora ngerti sangkan parane.

Mula saka kuwi, yen wong urip neng ndonya iki ora duwe panutan, bisa ilang saka punjering urip. Dene pilihan sapa sing bakal dadi panutan kuwi terserah siji lan sijine. Ananging yen ana sing pengen manut lan NGINTHIL Gusti, ya kudu siap melu saktindak’e gusti. Kudu siap “Kesel” merga dijak ngandiwae kersane Gusti,kudu siap urip winates kaya gayane Gusti, kudu siap ngapura marang sapa wae, malah kepara sing natoni ati lan uripe, kudu gelem tetulung marang sapa wae, kudu ndongakne sapa wae lan sakteruse, pokokne kabeh kudu NGINTHIL Gusti, pisan wae lali utawa kadohan saka tindak’e Gusti, ngalamat ilang.

“Lik, tak takon ya, aja nesu?”, Dalijo sore kuwi nakoni Lik Ndoleng sing jik maca kalawarti basa jawa.
“Takon wae, rasah kokean protokoler…”, Sareh Lik Ndoleng lehe mangsuli.
“Lha janjane sampeyan k iwis ngapura kang Markun rung ta Lik?”, Pitakonane Dalijo sing ngagetke Lik Ndoleng, merga sejatine ya jik lara ati, jik cemburu lan sakpanunggalane.
“Sing jenenge ngapura kuwi total lik, satus persen, ora ana syarat siji-sijio. Jare sampeyan kresten,sing tegese kaya Gusti Yesus. mula kudu NGINTHIL utawa nulada 100% Gusti. Ngapura sing serius, rasah masang rai ditekuk-tekuk saben kahanan, ora becik..”Dalijo Ngoceh kaya nabi salah urip.
“Kang Dal, mang mbengi mangan apa tik kojah ngalah-alahke nabi?”, Nduk I’in melu kaget.
“Mbuh iki, ning ngger aku nyawang praenan mbekethut kaya Kiriq raisa kawin, pikiraku  ora semeleh In, kaya paklikmu sing mbagusi kae, nggere bar ketemu kang Markun mesti njekethut..njelehi..ngono kok jare muridte Gusti Yesus”, Dalijo semaur karo  klepas-klepus karo djarumsupere..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH