Sabtu, 05 Januari 2019

DI’NGON


Setu Kliwon 5 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 31:7-14
Jabur 72
Yokhanan 1:18-10
“Pangandikané Pangéran mengkéné, “Hé para bangsa, padha ngrungokna dhawuh-Ku! Padha wartakna menyang tanah-tanah pesisir sing adoh. Umat-Ku Dakbuyaraké, nanging bakal Dakklumpukaké lan Dakengon kaya pangon ngengon panthaning wedhusé.” Yer 31:10

Kanggone wong ndesa, bab angon kuwi perkara sing lumrah, mbuh kuwi angon Sapi, Kebo,Wedus utawa Bebek. Angon kuwi gawean ngrumati sabarang sato kewan sing di ingu, mirungganne nalika diculne saka ing kandang lan dipapanke ana neng papan khusus. Dene papan khusus sing kanggo angon kuwi diarani pangonan. Angon kuwi pagaweane menungsa, dene sato kewan’ne kuwi sing diarani DI’NGON, ing tegese nembe dirumati kanthi mirunggan. Sing angon kuwi bisa sing nduwe dewe, ning ya isa ngakon lan mbayari wong liya utawa mburuhke kanggo angon kewan-kewanne. Kewan sing nembe DI’NGON kuwi kudu manut karo sing angon, merga mesti diarahne,digawa menyang papan sing luwih apik, sing akeh pakananne lan omben’ne. menawa kewan’e manut, ya ora bakal dikapak-kapakne utawa diajar dening sing angon, ning yen mbalela utawa ndendeng, isa diajar supaya bali menyang dalan utawa papan sing sakmestine. Arang ana pangon sing nggebuki ingon-ingone nalika kahanane manut lan tertib,ning yen ndendeng ya klakon sikat..

Piwulange Kitab Suci ana neng Kitab Yeremia bab 31 ayat 7 tekan 14 kuwi bab Gusti Allah sing dadi pangone para umat. Sing jenenge Pangon ya kudu  tumindak tegas, yen pathing slenthir ara gelem manunggil ya mesti bakal diklumpuk’ake. Sakwise diklumpuk’ake, mengko kudu siap DI’NGON dening Gusti piyambak. Nalika Gusti sing ngengon, ya kudu siap nalika dicethen,i uatawa dipecuti, digiring menyang papan sing apik manut pangone, lan yen wis tekan titi mangsane kudu bali menyang kandhange. Sepisan meneh, kewan sing DI’NGON kuwi sakparipolahe ya kudu manut karo sing angon, aja malah sing angon sing dikon manut karo sing DI’NGON.
Mulane kuwi yen pasamuan mapan’ake uripe mingangka “Mendha Pepangenane Gusti” ya kudu manut karo Gusti minangka Sang Pangon, kudu siap DI’NGON dening Gusti. Nalika ditimbali dijak nyambut gawe ya kudu siap, nalika dielikne ya aja nesu, nalika dijak nyangga tanggungjawab bebarengan ya aja ngetokne ajian endha. Pokok’e kudu manut sing ngengon.

“In..saiki dupeh dadi Majelis wae paklik sithik-sithik ngrembug bab pelayanan..jian poll…”Dalijo sore kuwi rerasanan karo dulure wedok sinambi klepas-klepus karo jarumsupere.
“Iyo ik kang, ning miturutku ya apik, kuwi luwih becik tinimbang mung dadi tukang maido. Merga tahu ana sing muni yen paklik kuwi pantese dadi ketua “Komisi Pamaido” greja, lha wong gaeane mung maidooo wae..”, Nduk I’in mangsuli rembug’e Dalijo.
“Nggere tujuanne tulus iklas In, ora ana motip ben dialem Yu Wasti..”, Rada seru Dalijo nyebut jenenge Yu Wasti, ben Lik Ndoleng krungu njur metu.
“Ora kokean nggambleh Jo, kowe kuwi kok sujana terus yen mbek aku. Elinga yen awak’e dewe iki DI’NGON dening Gusti, luput sithik siap-siapo dipecut Gusti koe..”, Metu seka senthong Lik Ndoleng muni ning sajak ora patio nesu.

Elinga lur yen awake dewe iki sejatine tansah DI’NGON Gusti..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH