Selasa, 22 Januari 2019

SUSU


Selasa Pahing 22 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Musthakaning Kidung 4:1-8
Jabur 145
Lukas 2:16-21
Payudaramu kaya anak kidang kembar sing padha nyenggut ana ing tengahing kembang bakung.” Kidung Agung 4:5

Urip neng tengah masyarakat  kuwi isa diarani angel, ning ya diarani gampang. Gampang nalika kabeh pada isa pada-pada ngerti siji lan sijine, beda ora masalah. Dene sing diarani angel kepiye contone?Ya nalika kabeh kudu diatur, ditata,dicocokne. Ananging emane durung temtu kabeh kuwi isa dadi lan apik’e.
Urip isa diarani angel nalika apa-apa kleru, nalika apa-apa diarani salah utawa luput. Saiki jajal pada dibayangke lan dirasakne, arep ngarani kewan sing sejatine wis cetha yen kuwi aran utawa jenenge wae, wedine ora umum. Ora mung ngarani jenenge kewan, saiki meh ngomong sing dirasa ora pas, kamangka kuwi ya jenenge asli, wedine poll.

Sebenere sakdurunge ngarani apik apa elek kwi kudu disinaoni. Kabeh supaya wong liya bisa ngerti lan paham apa kang dikarepake .Saiki ayo pada digagas, ngarani SUSU wae merga tradisi, mesti angel banget, mesti diarani saru. Meh ngarani SUSU sing sejatine kuwi kaendahan titahe Gusti, dadi ora ana artine. Ngaranine dadi dislamur-slamurke kanthi aran sing mbingungi. Ora mung SUSU, kabeh organ menungsa sing sejtine nduweni jeneng sing khas utawa unik, dadi ilang merga diarani sing ora kaya sing dipahami. Apa abote ngarani SUSU utawa liyane? Sing ngebot-boti kuwi pikiran, dene pikiran kuwi kebangun merga piwulang lan pengalaman. Yen piwulange bener lan uga didepne karo dunia sosial sing pas, mesti ora bakal klakon kaya mengkene.

Kanggo ngerti luwih jero bab aran ingaranan apa titahe Gusti kanthi sakbenere (sing dadi kesepakatan umum), ayo sinau saka Kidung Agung. Neng kana, meh ngarani apa wae kepenak, meh ngarani SUSU sing kulina dingo nyusoni bayi, ya penak wae ngarani Payudara. Kuwi  kabeh klakon merga cara berpikire wong Yahudi positif, ora tansah negative. Lumantar pikiran positif,kabeh sing tumitah iki isa dadi srana memuji Gusti,ora malah srana maremke kekarepan kamangsan. Yen pikirane positif ngarani apa wae kanthi kepenak, ora wigah-wigih, mula sing kudu ditata ora liya kejaba cara berpikir. Yen pikirane bening kaya BENINGE EMBUN ESUK, ngarani SUSU ya penak wae, ngarani MANUK utawa planangan ya biasa wae, rasah ndadak thithit, dedek kecil lan liya-liyane, sebut wae lumrahe ananging kudu tujuane kanggo mulyakake Gusti sing nitahke.

“In,yen caramu mulangke pangerten seksualitas neng anakmu piye?”, Mbuh kencokan apa esuk kuwi Dalijo ujug-ujug takon sing neka-neka.
“Ale saruu kang, takon kok ya sing aeng-aeng, takon liyane wae, aja takon kuwi. Saru,railok,ngeres sing mbok pikir..”Nesu I’in lehe mangsuli.
“Wong au mung takon,sebab aku rung ngerti, malah nesu kaya Kinjeng Kasmaran”, Dalijo gah kalah lehe mangsuli.
“Bener dulurmu lanang Dalijo nduk, wulangen sing sakbenere, ngarani orang wigatine wong wadon, ya arani wae sing umum, rasah Bakpao, Bothok lan sakpiturute. Ajarana jujur anakmu…malah kudune lumantar kabeh kuwi isa mbok gunakne kango mulang nyang anak-anakmu”, Lik Ndoleng bar maca buku Tata Gereja njur sesorah.
“Bar rapat, ketemu Yu Wasti, mesti bening penggalihe ya lik?”, Dalijo nakoni Lik Ndoleng.
“Dusss..kabeh kok mbok gathukne karo Wasti ta Joooo? Wong nyatane yora gathuk..” wangsulane Lik Ndoleng..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH