Minggu, 06 Januari 2019

MADHANGI


Minggu Legi 6 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 60:1-6, Jabur 72:1-7,11-14, Efesus 3:1-12, Matheus 2:1-12

“Tangia hé Yérusalèm lan nyunarna pepadhang kaya srengéngé; awit kamulyané Pangéran wis madhangi kowé!” Yesaya 60:1

Tembung MADHANGI kuwi asale seka tembung lingga Padhang, sing tegese kahanan kang sumilak tanpa aling-alingan. Dene sing isa ngaling-alingi kuwi isa barang liya utawa kahanan liya. Dene kahanan kuwi isa wae merga peteng. Yen nembe gerhana kae, sejatine ijik ana Padhang, mung wae padhang kuwi ka’aling-alingan barang liya, mula banjur dadi kahanan peteng. Seka tembung Padhang kuwi njur isa dadi tembung MADHANGI, sing tegese isa nyunari utawa mantul’ake sumbering padhang kang tumeka ing awak’e marang sakiwa-tengene.kahanan MADHANGI kuwi ndadekne kahanan kiwa lan tengene padhang, dene isane MADHANGI merga nampa sumunare pepadhang lan mantulake padhang mau, ora malah nggae aling-aling cikben padhang mau ora kaendum marang kiwa lan tengen.

Ana neng Kitab Yesaya, ana dhawuh supaya para umat pada tangi, njenggelek lan uga nyunarake padhange marang kiwa lan tengene, merga wis nampani cumloroting pepadhang. Dene sumbering pepadhang mau ya saka Gusti Allah dewe. Anane dhawuh kaya mengokono kuwi merga wong ngisrael sing lagi mbalik seka Babel, mulih saka pambuangan, nglentruk kelangan daya semangat kanggo mbagun lan mangun Yerusalem utawa Negara asale. Kahanan sing diarep-arep nalika neng pambuangan, jebul beda,kuwi sing njalari umat ngisrael loyo kelangan daya. Ing kahanan kaya mengkono kuwi, nabi Yesaya nyemangati ben tuwuh semangate kanggo mbangun urip sing manut karo kersane Gusti. Nabi Yesaya ngelikne yen sejatine kahanan muluhe wong ngisrael kuwi merga Gust iwis kersa paring pepadhang utawa MADHANGI, mula ya kudu gentenan MADHANGI uripe dewe lan sakiwa tengene.

Mingu sepisan 2019 iki, kabeh sing maca tulisan iki ya dijak sadar, yen sejatine merga saka natal, awake dewe iki wis entuk pepadhang, mula kudune ya isa MADHANGI. Iki merga kahanan jagad sing peteng ndedet merga menungsa wis kelangan kendali bab urip apik lan prayoga. Mulane, ayo pada sadar yen sejatine wis entuk pepadhang, lan banjur isa MADHANGI urip ing sakiwa tengene.

“Tumben wis tangi Jo?”, Lik Ndoleng esuk kuwi njumbul nalika jam 4 dina minggu Dalijo wis tangi lan arep adus.
“Arep mangkat gasik neng Nggrejo lik, arep ngelapi kursi, masang korden, karo nggodog banyu, ngrewangi pakaryane pak koster”, Wangsulane Dalijo sareh, karo nyumet Djarumsupere.
“Wah, apikmen niatmu Jo, kuwi sing jenenge isa MADHANGI uriping liyan, apik, jos Jo”, Lik Ndoleng ngalem lan  sajak gumun.
“Rasah gumunan lik, kang Dal ngono kuwi merga wingi bar diskusi mbek aku. Aku mung ngomong, jare Mbahndito, greja kuwi kudu gelem andum kamulyan lumantar andum pakaryan. Lha kang Dal ya pengen nampa kamulyan kuwi, sanadyanlumantar gaweansederhana”, Nduk I’in melu cawe-cawe lan mbuh entuk roh apa mletik pikirane.
“Iki do entuk apa ta, kok padang kabeh polone?”, Lik Ndoleng jik rung percaya.
“Duss..apik ya jik dirasani, pomeneh elek..”Batine Nduk I’in, saiki wani misuh neng batin, merga ketularan Dalijo, ning yamung dibatin, wedi dibalangi sing maca BENINGE MEBUN ESUK…

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH