Senin, 07 Januari 2019

APGRED*


Senen Pahing 7 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK
Daniel 2:1-19, Jabur 72, Efesus 4:17- 5:1
Batinmu lan pikiranmu kudu dianyaraké babar-pisan. Efesus 4:23

Jaman saiki akeh sing migunak’ake teknologi super modern, salah sijine aplikasi. Dene aplikasi kuwi yakuwi sakperangkat alat lan system teknologi kang wis dirancang kanggo nggampangake manungsa ngadepi urip lan panguripane. Sing jenenge aplikasi kuwi isane mlaku lumantar sitem internet, kudu didonlot sik ben isa ngangokne. Akeh jinise aplikasi, kayane gojek,grab,internet banking lan sakpiturute. Aplikasi iki sakwise didonlot kudu nganggo data internet supaya isa nggunakne, lan saben wektu kan tinamtu kudu di=APGRED,utawa dianyarake supaya bisa dilakok’ake. Dene ng-APGRED kuwi ya ora gratis, butuh biaya utawa ragad.
Yen bab aplikasi sing mligi ngurus babagan kadonyan wae kudu di-APGRAD saben wektu, masa ta pikiran lan batine menungsa ora di-APGRAD saben wayah?

Bab ng-ABGRAD batin lan pikiran kuwi wis dadi piwulange rasul Paulus nalika kirim surat pastoran marang pasamuan neng Efesus. Tujuanne ng-APGRED batin lan pikiran kuwi supaya bisa nyawang samubarang kanthi luwih wening lan wicaksana. Menawa pikiran lan batine ora tahu dianyarake, mesti kurang bisa ngetutne obah mosik’e jaman sing malyune prasasat cendol mrucut saka genggeman tangan. Dene cara ng-APGRED batin lan pikiran kuwi mung srana ngguwang cara-cara urip sing lawas. Menawa mbiyen males, saiki kudu rajin, menawa mbiyen pelit saiki kudu loma, menawa mbiyen nesunan saiki kudu kebak ing pangapura, menawa mbiyen senenge ngrasani lan maido, saiki  kudu mbangun seduluran sing diwasa, aja dirasani ning dijak rembugan,aja dipaido,dijak diskusi. Kuwi sakperangan tanda-tanda yen batin lan pikirane menungsa wis di-APGRED.

“In, manut penemumu piye yen krungu kabar bab “tarip ngamar 80 yuta sewengi?”, Dalijo sore kuwi sinambi ngopi lan klepas-klepus karo djarumsuper takon Nduk I’in.
“Yen aku sih ben wae kang, kuwi urusan pribadi. Urusane dewe-dewe, lha ngapa melu-melu ngurusi, ngapa polisi ndadag melu nyanggong lan nggrebeg barang”, Wangsulane I’in karo ngethok’I kuku drijine.
“Weh, lha kuwi pora ngrusak’I generasi muda?”, Dalijo sajak kaget.
“Lha justru media iki sing ngrusak, ngapa bab kaya ngono leh’e mbritakne ora umum, ben wae ngapa..santai eslow. Yen sansaya dibritakne ya sansaya dadi kabar sing ndadekne cah nom-nom penasaran”, I’in jik kekeh karo penemune.
“Ora ngono’a, iki ngrembug apa ta jane?”, Lik Ndoleng teka seka kali bar adus langsung nimbrung, tur sajake ora dong kabar sing anyar.
“Mula di-APGRED uripe lik, ben isa entuk kabar sing anyar. Kuwi lho bab cah wedok ayu ngregani awak sewengi wolungpuluh yuta..”, Dalijo wangsulan.
“Weh, lha kok ya ana-ana wae.. yawos aku tak ng-APGRED pikiran lan batinku, karo ndonga supaya mbak-mbak sing ayu, sing jaremu bubar digrebeg kuwi ya isa ng-APGRED carane urip, lan sapa ngerti ana mujijat, gelem mbok RABI JO…”, Jawabe Lik Ndoleng semu nglirik Dalijo,sajak ngece alus..
“Trondoloooooo…cah tuwek siji iki saiki wasismen ngece…”Batine Dalijo..

*APGRED=Up Grade

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH