Minggu, 27 Januari 2019

PANCATAN


Minggu Pahing 27 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 8:1-10
Jabur 19
1 Korintus 12:12-31a
Lukas 14:14-21
“Sang Roh Suci dumunung ana ing Aku. Awit Pangéran wis milih Aku supaya ngabaraké. Injilé Allah marang wong miskin. Pangéran ngutus Aku mertakaké pangluwaran marang wong sing dikunjara, lan mulihaké pandelengé para wong wuta; sarta ngluwari wong sing ditindhes,”Lukas 4:18

Saben titah urip, klebu menungsa, arep  obah, alihan, mingket, mingker apa meneh mlumpat, mesti mbutuhake PANCATAN, supaya luwih lancar. Yen ora percaya,coba wae para sedulur sing maca tulisan iki kon mlumpat seka blethok’an utawa lendut, kra-kira isa apa ora anggone mlumpat. Umpama’a isa mesti rekasane ora ukur. Sing baku, PANCATAN sing pas dibutuhke kanggo ngayahi samubarang kanthi luwih apik, yen PANCATAN’e apik mesti hasile apik, ananging yen PANCATANE ora pas, apa meneh tanpa PANCATAN, jo ngarep isa mlumpat luwih apik.

Nalika miwiti piwulange, Gusti Yesus murwakani lumantar mbukak Kitab Suci, ndilalah ya pas wacan sing kdu diwaca Kitab Yesaya, sing intine yen Panjenengane wis kadunungan Roh Suci. Kadunungane Roh Suci kuwi ora mung kanggo pamer,dicritak-critakna nengndi-ndi papan, ananging kuwi diagem Gusti kanggo PANCATAN anggone Gusti makarya. Denen nats kuwi negesake yen Panjenengane didapuk ngayahi gawean sing abot. Gawean kuwi areane Ngabarake Injil,  dene teknise ngabarke Injil kuwi ngluwari sing kinunjara, mulihake sing pada lara lan nuwuhake pengarep-arep sing apik bab urip sing bakal klakon ing tembe. Kuwi kabeh dadi tugase Gusti, lan kuwi wis ana PANCATANe, yakuwi kadunungan Roh Suci.
Sang Roh Suci sing dumunung kuwi kayadene SANGU, sing bakal nyukupi kabeh butuhe sing makarya martak’ake Injil utawa kabar apik, mula Gusti ora was sumelang yen ngadepi apa wae perkara. Ora wedi dianiaya, ara wedi kapiran, ora wedi dewek’an lan ora wedi kelangan..

Mula saka kuwi, kudune wong-wong sing ngaku kressssten, kalunge salib, ngger natalan nggaya ngeropa nganggo phon natal, sadar yen wis duwe PANCATAN, yakuwi Gusti Yesus piyambak. Sejene wis diparingi PANCATAN, kabeh sing kresssten kuwi yaw is disangoni, ben lancar anggone makarya. Yen wis disangoni njur wegah nyambut gawe, iki apik’e diarani apa jal?Aja-aja gek sing maca tulisan iki ya akeh sing kaya mengkono..wis disangoni Gusti lan diparingi PANCATAN ning wegah obah,mingket apa meneh mlumpat?

“In, kok paklik esuk iki gasikmen, entuk sawab apa kae?”, Dalijo tangi turu, karo ngucek-ucek mripate mala ngrasani Lik Ndoleng sing wis klimis dandan, meh mangkat kebaktian.
“Jare piket esuk kang, mula rajine ngeram”, I’in mangsuli.
“E…ya sokur, nggere ora mung meh mampir ngopi warunge yu Wasti wae”, Grenenge Dalijo.
“Lambemu crigis Jo, minggu  kuwi Wasti op,libur, prii, ngabekti..mula rasah sujanan. Iki aku sadar wis disangoni Gusti, wis duwe PANCATAN nggo urip luwih apik, mula mangkat gasik”, Lik Ndoleng semaur karo nyruput wedah the sing jik kemebul, dene Dalijo klunuh-klunuh nyang kali, mbuh meh adus po mung raup..

Mbahe..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH