Kamis, 31 Januari 2019

NGRENOPASI


Kemis Legi 31 JAnuari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

2 Babad 34:1-7
Jabur 71:1-6
Lukas 4:14-22a
“Yosia banjur ngobong ing mesbèh mau balungé para imam sing biyèn padha ngladèni para brahala. Mengkono Yosia enggoné nucèkaké Yéhuda lan Yérusalèm manut pranatané agama.” 2 Babad 34:5

Istilah kuwi beda-beda, seje istilah seje artine. Kaya bab mbangun omah lan ngrehap utawa renovasi, arane gawean meh pada ning beda arane. Mbangun kuwi seka nol,saka durung ana njur dadi ana, dene renopasi kuwi kahanan sing wus ana ananging ora wangun mula banjur didandani, mula diarani renovasi, dene ilat Jawa angele ngeram ngarani renovasi mula ben gampang njur renopasi. Dene NGRENOPASI kuwi tumindak sing tujuane  ngayahi gaweaan babagan renopasi, yakuwi ndandani bangunan sing wis dirasa ora apik, ora wangun,ora mungguh meneh. Dadi cekak’ing tembung, NGRENOPASI kuwi pagawean dandan-dandan supaya lueih apik. Dene pas ndandani ana sing ora pener,ora pas, ya kudu siap diguwang, siap ditugel lan siap diobong.

Raja Yosia nalika jamanne,mempeng anggone nindakne pagawean NGRENOPASI tata uriping masyarakat ing Yehuda. Dewekne rishi ngrasakne lan nyawang tata uriping masyarakat ora bener,tata kapercayan sing babar blas kleru utawa luput. Kabeh sing nyingkur saka pranatane Sang Yehuwah disikat, diresiki, diobong. Kabeh tujuanne supaya ilang seka panguripane wong Yehuda, merga yen mung dielikne wae, mesti mengko nalika Yosia wis ora jumeneng nata, mbalik maneh, mula tumrap’e Yosia sing ora manut karo kersane Gusti kang tinulis neng Toret ya kudu diresik’i. apa sing ditindakne Yosia mestine ora lancer, ora muls-mulus wae, mesti akeh sing nampik lan kepara nglawan, ning tetep ditrajang merga meh ngedekake kabenenran.

Mbokmenawa apa sing diadepi Yosia kuwi memper jaman saiki, khususe bab tata kapercayan. Akeh sing wegah sinau maneh marang Kitab Suci, ana’a sing sinau paling mung sing tinulis, dene pesen saka sakwalik’e tulisan  kuwi arang sing gelem sinau. Kamangka akeh piwulang Kitab Suci kuwi ora mung sing “Tersurat”, ananging ana ing sakjroning kang “Tersirat”. Ora gelem sianu ora apa-apa, nggere yen ana sing sinau njur dikandani manut, dijak maju gelem, ora mung alesane kawit mbiyen ngene nyatane ya jik anal an sakpanunggalane. Mula saka kuwi, apik yen sing pada maca tulisan iki,mbuh sapa wae lan nengndi wae parane, siap NGRENOPASI diri, bab urip lan pangertene. Yen kleru utawa luput, ya siap-siap wae dimbrukne, diobong lan diguwang nyang segara, ben sing anyar kuwi sing bener ana ing ngrasane Gusti. Mula njo NGRENOPASI diri..

“Lik, coba saiki cek’en lik, rata-rata umur majelis kuwi pira?Kok kayane manula kabeh, mula grejane ya dunak-dunuk mlakune, lha sepirite ya tuwek..”Dalijo takon ning sajak semu ngece Lik Ndoleng.
“Mbuh Jo, ra apal aku, ning kayane luwi seka 58nan, lha kabeh sing wis pengsiung..Mung aku sing nomdewe” Lik Ndoleng mangsuli sareh.
“Nom dewe wis gundul prucul kaya mengkono..hihi”, Dalijo jik njarag.
“Lha wingi diusulke calon kudu enom, ning ana sing cluluk, rasetuju yen majelis enom, jare rung diwasa, aja sembrana ngurus greja,lan mbuh unine ngebak’i jagad..” Lik Ndoleng semaur meneh.
“Pangerten kaya mengkono kuwi kudu DIRENOPASI lik, meskane grejane, ramaju-maju..”Dalijo urun rembug.
“Aja ngono kang Dal, ngko yen usule raditampa nesu lho..”I’in njedul karo nggawa kopi kemedul seka pawon..
“Nesu mbok ben,pakakne Jingklong wae rakwis..”Semaure Dalijo saja magol…


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH