Selasa, 18 Juni 2019

NGGANJEL


Selasa Wage 18 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

KUNCI SUKSES


Wulang Bebasan 8:4-21
Jabur 124
Markus 10 :13-16
“Wong-wong padha nyowanaké anak-anaké ana ing ngarsané Gusti Yésus, supaya padha diberkahi. Nanging wong-wong mau padha disrengeni déning para rasul.” Markus 10:13

Tembung NGGANJEl kuwi tegese nglakoni tumindak kanggo ngalang-alangi, dene sing dinggo ngalang-alangi kuwi biasane barang, ananging merga kemajuane jaman, tembung NGGANJEL kuwi ora mung srana barang, apa wae isa kanggo NGGANJEL.
Menawa tembung  NGGANJEL kuwi tumindak, mula sing kanggo lantaran tumindak diarani GANJEL. Ana ing tetembunan padinan lan kuwi asli bab tegese tembung NGGANJEL lan Ganjel, mesti tansah gepok senggol karo barang. Conto sederhana kaya nalika ana mobil parkir lan posisi dalan rada mudun, mesti mbutuhake GANJEL lan pakaryan NGGANJEL kuwi mesti mbutuhake GANJEL.



Kaya tembung-tembung liyane, sejatine NGGANJEL  kuwi ya netral, apik lan ora apik kuwi gumantung sing nindakne. Menawa ing conto nduwur NGGANJEL kuwi tumindak apik, ana uga bab NGGANJEL sing ora apik, yakuwi nalika NGGANJEL Berkahe liyan, NGGANJEL kariere liyan,NGGANJEL kabar apik kanggo liyan. Ana neng Kitab Suci nate Gusti Yesus duka, merga para sekabat pada kemaki lan sok nguwasani. Kuwi klakon nalika ana sakrombongan bocah cilik nyedak lan meh sowan Gusti Yesus. Ngerti sing kaya mengkono,para sekabate Gusti nyoba ngalang-alangi, NGGANJEL lakune para bocah. Lha ing kahanan kaya mengkono kuwi Gusti mulang marang wong para sekabate. Kawiwitan karo duka karo tumindake para murid, lan sakbanjure dituturi bab urip sing apik. Para sekabat diweling yen justru wong-wong sing nduweni polapikir kaya bocah-bocah kuwi sing nduweni kratone swarga.

Ana ing urip iki, akeh sing seneng tumindak kaya para sekabate Gusti, NGGANJEL liyan nampa berkah kan uga ANDHUM berkah. Mula saka kuwi, sinau seka crita ing Markus 10 ayat 13-16 ini, ayo nyingkirake apa wae sing isa dadi pepalanging berkah liyan, mesti bakal nampa pengalamaning urip sing nyenengake wae, ya ana kalane rekasa lan ndadekne sedih. Ayo pada ngilangi GAJELANing urip, ben berkahe mblabar kanggo sapa-sapa.

“Jo, tulung ngko soree wangi ewangi nyortir pakaian ya, meh tak kekne Panti Asuhan” Lik Ndoleng sajak ngresaya baune tanggane.
Iya Lik, ngandi la jam pira?” Takone Dalijo, lan durung diasauri, Nduk I’in metu seka pawong lan kojah, “Wong kanggo liyan kok sing ala, mbok sing anyar! “
Paklik randuwe sing anyat In,ora dijatah bulik pasa lebaran iki’ Semaure Dalijo.
“Dus, sidane kenek meneh..”Sambate Lik Ndoleng.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH