Jumat, 18 Januari 2019

NGAPUSI


Jemuah Pon 18 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 3:19-25
Jabur 36:5-10
Mateus 2 ;13-18
“Sang Prabu Hérodès duka banget, sebab pirsa yèn diapusi déning para ahli palintangan saka ing tanah Wétan mau….” Mateus 2:16a

NGAPUSI kuwi tumindak utawa ngomong sing beda karo kasunyatan, bisa uga ora nglakoni jumbuh karo sing dikarepke. Nganti tekan saiki, racak’e wong ngarani yen NGAPUSI kuwi luput utawa salah,mbuh apa alesan sing diaturke. Pokok’e NGAPUSI kuwi salah,dosa. Titik!! . Kamangka yen dirasakne, arang menungsa sing bisa nglakoni urip tanpa tumindak sing bisa diarani NGAPUSI, apa meneh kanggone wong Jawa, lambok luwe, durung madang, ananging nalika ditawani madang mesti alesane “pun tuwuk..”. Lha yen ngono kuwi apa ya bisa diarani NGAPUSI? Sakdurunge entuk wangsulan bab NGAPUSI kuwi apik apa ora, ayo sinau seka critane Kitab Suci.

Neng Mateus 2 dicritakne bab para Majus sing nyuwun pirsa Herodes,bab nengndi manggone Sang Mesih, Ratuning Ngisrael. Herodes mestine ya Njondhil, wong dekne retune kok iki ana sing takon bab laire ratu ngisrael. Sanadyan njondhil ananging Herodes reka-reka eslow..sante..woles. banjur meling supaya sakbubare ketemu lan sowan Sang Mesih, kon bali liwat kratone. Ananging merga sasmitane Gusti, pra Majus sadar yen ana bahaya saumpama balik liwat kratone Herodes,njur liwat dalan seje. Bab iki sing dirasakne dening Herodes minangka tumindak apus-apus utawa NGAPUSI saka para Majus. Herodes duka merga kalodangan ngerteni panggonane Sang Mesih Ratuning ngisrael sirna, kamangka wis ngarep-arep isa entuk kabar, lan sakbanjure isa nyingkirke Sang Mesih. Dene kena ngapa para Majus “mbeljani” panyuwune Herodes,kuwi merga entuk wangsit saka Gusti. Herodes rumangsa DIAPUSI dening para Majus, dene para Majus ora rumangsa NGAPUSI, merga ora njanjieni yen bakal bali liwat kratone Herodes lan atur pawarta. Ananging yen tumindak’e para Majus kuwi tetep diarani NGAPUSI,ana perangan apik sing isa dadi alesan, yakuwi supaya wong liya ora entuk cilaka. Tujuanne para Majus enda seka Herodes,kuwi supaya wong lya (Gusti Yesus) ora entuk cilaka, dadi tujuane ngendani kahanan kuwi ora merga nggolek keuntungane dewe, ananging supaya wong liya raharja.

“Jo, jan-jane NGAPUSI kuwi dosa pora ta?”, Lik Ndoleng takon karo Dalijo.
“Yo genah dosa ta lik, luput, kleru…salah..pokok’e NGAPUSI kuwi ora apik…”, Nduk I’in alah sing ndrimimis mangsuli,kaya  manuk Prenjak ilang sariawane..
“Biyuh…lha kok malah ngamuk,kowe kui ta nduk..”Grenenge lik Ndoleng.
“Ora kabeh sing diarani NGAPUSI kuwi kleru lik..”, Dalijo mangsuli sinambi klapas-klepus karo pacar sejatine, djarumsuper.
“Oooo..dasar wong lanang..kleru wae dibelani..mbelgedes kabeh  cenan…”I’in jik ngamuk,mbuh kena apa, mungkin bar dientup Tuma Kathok..
“Haiyah..rasah nesu In, saiki jale jujura, nalika anakmu mbarep takon kowe “kok isa meteng mbok,kepiye critane’, pas kowe meteng,piye wangsulanemu?”, Dalijo mangsuli ning jian nyemes I’in.
“Lhadalaaa..kepiye lehmu wangsulan nduk?”, Lik Ndoleng ngombyongi Dalijo.
“Weh, malah kabeh ngroyok aku…hmmmm”, Wangsulane I’in lirih, lan raine katon prembak-prembik meh nangis ning sajak’e isin..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH