Minggu, 20 Januari 2019

MBLUDAG


Minggu Kliwon 20 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 62:1-5
Jabur 36:6-11
1 Korinta 12:1-11
Yokhanan 2:1-11
“Gusti Yésus ndhawuhi marang para peladèn: “Genthong-genthong kuwi padha isènana banyu.” Para peladèn nuli ngisèni genthong-genthong mau nganti kebak.” Yok 2:7

Yen ana barang, njur diwadahi,lan merga akehe barang,mula isa ndadekne barang kuwi MBLUDAG. Mula saka kuwi, yen oleh diartekne, MBLUDAG kuwi kahanan kang linuwih lan ndadekne wadahe ora cukup. Mula saka kuwi MBLUDAG kuwi sejatine laporan kahanan yen barang sing ana luwih akeh tinimbang wadahe. Sakliyane kuwi MBLUDAG kui ya isa dadi pratanda kaya ngapa sikep lan tumindak’e menungsa, merga sejatine kabeh wis diparingi berkah sing MBLUDAG. Yen ora gelem andum berkah (berkah kuwi ora mung awujud barang/banda, merga kesehatan lan wektu ya berkah), mesti uripe ora nate tentrem..

Bab kahanan MBLUDAG kuwi nate klakon nalika Gusti Yesus miwiti pakaryane, ana ing susun Kana, ing Galelia. Nalika ana wong ewuh mantu, njur kentek’an anggur.perlu dimangerteni kabeh, yen anggur ing jaman biyen dadi minuman pokok,mula nalika kentek’an anggur kuwi isa dadi prahara. Pirsa anggure entek ibu Maryam pirsa, mula njur nimbali Gusti. Ananging Gusti Yesus ora kersa diatur sapa ae, klebu ibune piyambak. Ning Gusti tetep nindakne apa sing dibutuhke wong akeh, mula njur nimbali para laden, dikon ngiseni genthong kabeh,cacahe enem. Njur sakwise diiseni kanthi kebak, kon ngicipi,lan anehe banyu kuwi wis dadi anggur.

Mestine sing kagungan gawe pirsa yen anggure meh entek, njur anane banyu dadi anggur sing esip. Anggur apik dewe. Sing dadi pasinaon apik bab MBLUDAG kuwi nalika sing duwe gawe ora ngeman anggur jos dewe kuwi didumke para tamu. Sing nduwe gawe sadar yen kuwi ana merga berkahe Gusti Yesus, mula ya ora didelikne ananging kudu didumke marang sapa wae sing rawuh,ben isa ngrasakne.
Kuwi kabeh sejatine piwulang, yen berkah kuwi kudu diddum, ora disimpen dewe, merga berkah kuwi asale seka Gusti,mula ya kudu diagem kanggo para kahungane Gusti..

“Jo, sesuk bengi rapat. Rasah alesan kesel, randuwe wektu,radiundang..iki aku ngomongi kowe ya minangka undangan”, Lik Ndoleng sore kuwi udud karo mrengut pas mulih seka rapat.
“Weh, aku mesti mangkat lik, nggere diundang lan ora ana alangan. Beda karo liyane, ora mangkat malah nggolek alangan..”Wangsulane Dalijo.
“Mesti mangkat dengkulmu amoh kuwi…ping pindo rapat ora njedul, jare kesel jebule malah remi neng mae kang Mitro”, Lik Ndoleng jik muni sajak esmosi.
“Iya kang Dal, berkah kuwi kudu diedum, ora dicekethem dewe, kuwi saka Gusti. Jenenge berkah kuwi oramung duwit, ning ya wektu, tenaga,pikiran lan sabarang kabeh. Gusti wis maringi kanthi MBLUDAG, mula ya deumen sakcukupe”, Nduk I’in melu urun rembug.
“Crigis In, kaya ngerti-ngertio wae..kana gek nggawe kopi, rasah nyoal-nyael wae..” Dalijo sajak nesu karo dulure wedok..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH