Selasa, 08 Januari 2019

KEBAK


Selasa Pon  8 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Daniel 2:24-49, Jabur 72, Efesus 5:15-21
“Aja padha seneng mendem minuman keras; kuwi mung bakal ngrusak uripmu. Aluwung padha penuha ing Roh Suci.” Efesus 5:18

Sing diarani KEBAK kuwi kahanane sabarang wadah sing isine pas nutupi sakambane barang kuwi. Yen barang kuwi gelas, ya isine pada karo wilayah utawa ruang  ing barang kuwi, mula sejatine ora bakal ana barang kang suwung utawa kosong, sabab nalika ketok suwung kae sejatine kae KEBAk angina, utawa hawa. Mula nalika angin kang ana ing ruang  kuwi keganti kahanan utawa barang liya, kudune nganti KEBAK, sabab yen ora KEBAB sisih sing kayane suwung kuwi sejatineana isine. Mula yen nggawa barang cair nganggo ember misale, yen ora KEBAK mesti kocak, lan kuwi marakne swara sing ora kepenak dirasa.

Bab KEBAK kuwi tau dadi piwulange Rasul Paulus kanggo pasamuan ing Efesus. Para pasamuan dikandani supaya aja seneng mendem, merga mendem kuwi wetenge KEBAB karo wedang galak. Manut Rasul Paulus, aluwung ngebak’e urip lan pengangen-angen lumantar Sang Roh Suci, utawa Sang Daya Kekuatan Apik. Mergane yen urip kuwi dikebak’I daya kekuatan ala, kuwi kegambarake mendem minuman keras, mesti ora bisa ngendaleni diri. Dene yen dikendaleni dening Sang Daya Kekuatan Apik, mesti sakparipolahe ya tetep apik. Sing marakne mendem kuwi ora mung minuman keras, ning kabeh kahanan sing luwih saka ukuran. Lho njur piye carane ngukur kuwi?
Carane ngukur jan-jane sederhana wae, manut piwulange Gusti Yesus ana ing Donga Rama Kawula, nyuwun tetedan sakcekapipun ing dinten punika, sakcekapipun ING DINTEN PUNIKA, ora sesuk…
Yen diKEBAK’I karo Daya Kekuatan Apik, sing dipikir ya sing apik, sing ditindakne ya sing apik. Iki beda karo yen sing ngebak’i daya kekuatan ala utawa lagi mendem, mesti sing dilakoni ora kekontrol, lan isa wae nekakne kapitunaning liyan. Mulane ayo pada ngebak’I urip kanti barang sing apik tur migunani..

“Lik kok wis suwe ratahu ngrembug Yu Wasti, tumben?”, Nduk I’in sore kuwi ujug-ujug takon neng Lik Ndoleng.
“Lha wong ya kabeh becik apik kok ndadak dirembeg ta nduk, In. saiki kudu pokus karo ayahane dewe-dewe. Urip iki kudu KEBAK karo pikiran apik”, Lik Ndoleng mangsuli kanthi sareh, wicaksana banget sajak’e.
“Wah, yo esip tenan lik, salut kula niki”, Nduk I’in mangsuli kanthi mantebs.
Aku ya melu I’in lik, salut karo sampeyan. Muga-muga ora lamis, merga saiki weruh mesrane Yu Wasti karo kang MArkun, njur ora duwe kesempatan ngilrak0nglirik, toka-tuku rokok, njur sok wicaksana”, Dalijo melu nimbrung sinambi nyawangi androite, lan ora lali klepas-klepus.
“Badalaaaa bocah iki, wong tuwa arep nata ati, ngebak’I pikiran apik malah jik dicuriganii wae…dussss!!!”, Mbatin Lik Ddoleng merga sujanane Dalijo, meh misuh pekewuh karo sing maca tulisan iki, sing pada mesam-mesem macane..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH