Jumat, 25 Januari 2019

IMSERGNAYAL


Jemuah Kliwon 25 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 2:1-10
Jabur 19
Yokanan 1:35-42
Aku banjur nyuwun layang kanggo para gubernur ing propinsi Éfrat, supaya nyepetaké lakuku tekan Yéhuda.” Nehemia 2:7

Ana kalane sing babagan resmi lan ora kuwi dadi perkara sing wigati. Ana pagawean sing mbutuhke laying resmi minagka tanda ananging ana uga pagawean sing ora mbutuhke layang resmi. Sing magayutan karo gawean pribadi, ora ana gandeng cenenge karo liyan,ora mbutuhke laying rsmi, dene sing ana sesambungane karo wong akeh, kuwi mbutuhake laying sing resmi, supaya ora diprotes dening liyan.

Crita saka kitab Nehemi 2 ayat 1-10 menehi piwulang marang sapa wae sing gelem maca, yakuwi bab strategi utawa trik lan laying resmi. sadar daerah asale lagi ajur mumur ora karuan, Nehemia nalika nyugata bendarane masang praienan suntrut, ora sumringah. Perkara iki ndadekne ratu Artahsasta bingung, njur takon. Bareng ditakoni bendarane nabi Nehemia njur blaka suta, blak kotang terus embuh..eh terus terang yen mikirke daerah asale sing  ajur mumur. Mireng ketrangane Nehemia, ratu Artahsasta njur trenyuh lan ngijini Nehemia mulih kanggo mbangun (yen renungan wingi NGREHAP) Negara utawa kutane. Bungahe ora njamak Nehemia, njur siap-siap meh balik, ananging dekne sadar,yen mung mlaha mulih njur arep mbangun, mesti ditampik akeh wong, mulane njur njaluk LAYANG RESMI. tujuane ben nglancarke sabarang kalir..

Nabi Nehemia mbutuhake LAYANG RESMI kanggo  ndadekne atine teteg mbangun Negara utawa kutane. Bareng wis entuk LAYANG RESMI, njur mbangun kuta utawa negarane kanthi semangat sing ngedab-edabi, ora mung mbangun babagan pisik, ning kabeh aspek dibangun, mula sakbanjure Yehuda jamane Nehemia dadi Negara utawa kuta sing luwih apik tinimbang sakdurunge.
Awak’e dewe iki kabeh sejatine luwih unggul tinimbang nabi Nehemia bab LAYANG RESMI kanggo mbangun ben luwi apik. Yen Nehemia ndadak ngempakne kapinteran kanggo ngrayu ratu ben oleh ijin, awake dewe sakdurunge njaluk malah wis diparingi. Dene sing maringi malah RATUNING URIP, kanggo mbangun lan mangun urip ben luwih apik. Sing dadi masalah mung siji, saiki awake dewe iki gelem po ora mbangun lan mangun urip supaya luwih apik? Yen gelem mesti klakon ning ye ora gelem, diparingana LAYANG RESMI saka Gusti piyambak, ya mokal klakon. Mula kabeh gumantung awak’e dewe, ya sing maca tulisan iki, rasah thingak-thinguk, tolah-toleh, isin kae diinjen Cecak bar”dines” malem jemuah..hehe..

“Dal, aku kok mikir, mesakne…”, Lik Ndoleng esuk kuwi karo ngopi ngudarasa karo Dalijo.
“Weh, ana apa Lik, sajak sengrius?”, Dalijo ya sajak kagete poll..
“Lik..mbok nggih enggal blaka kemawon, ampun disimpen, kula malah nderek bingung”, Karo nyuguhke kimpul bakar Nduk I’in sing biasane srota-sroto ndadak basa karma sing alus kaya putri kraton.
“Tak critane ya, ananging aja melu bingung lan trenyuh..ning kudu janji, pisan-pisan aja melu trenyuh”, Sajak melas Lik Ndoleng njawab’e.
“Inggih Lik,inggih…”Bebarengan Dalijo karo Nduk I’in mangsuli, tur ya nganggo basa karma, jian nganeh-anehe tenan..
“Kuwi lho Jo, In..sing maca judul BENINGE EMBUN ESUK iki kira-kira isa maca pora ya?”, Jawabe Lik Ndoleng..
“Weladalahhhh..mung kuwi ta jebule…” Dalijo nyauri karo misuh-misuh neng ati, meh muni pekewuh .

Ayo mbangun kutane dewe lur, kaya Nehemia…

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH