Jumat, 11 Januari 2019

MUSPRA


Jemuah Legi 11 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Kohelet 2:1-11
Jabur 29
Lukas 1: 39-45
“Bareng aku nliti sakèhé pegawéan sing wis daklakoni kanthi ngrekasa, ketitik yèn kuwi mau kabèh tanpa guna. Ora béda karo mburu angin.” Kohelet 2:11

Yen ana kalodangan nyawang poto-poto jaman mbiyen, kereb mesem utawa ngguyu dewe karo klakuan sing nate dilakoni. Coba wae para maos nggoleki poto-poto jaman SMP utawa remaja, nur digatekne, mesti krasa isin lan ngguyu dewe karo polah tingkahe dewe ing jaman kang wus kawuri. Apa yen pengen luwih ngguyu isin, jajal wae golek’I arsip surat-surat “cinta kethek” ing jaman mbiyen, kepiyen anggone ngrayu,nggombal,njanjeni,ngalem sing lagi ditaksir lan sakpanunggalane. Takjamin ngguyu kepingkel-pingkel. Lan pungkasane ana sing ngarani yen  sing wis klakon ing jaman mbiyen kuwi MUSPRA. Dene MUSPRA kuwi tegese kahanan sing ora ana artine utawa maknane babar blas.

Rasa keduwung sing gede ndadekne Kohelet rumangsa yen sabarang kang wis dilakoni ing jaman mbiyen kuwi ora ana tegese babar blas. Lha apa ya mengkono kekarepane Kohelet? Ora. Kuwi kabeh diarani MUSPRA nalika dijejerke karo pangerten sing bener karo sing nggawe urip. Kanggone Kohelet, Sing Nggawe Urip kuwi luwih aji, luwih wigati tinimbang urip kuwi dewe, ing kahanan ini Kohelet memulang bab “Prioritas”. Yen dirasak-rasakne sejatine urip lan sing nggawe urip iki ora kena pinisahke, ananging akeh menungsa sing kleru mapanke,ana sing mung nggatekne urip’e dewe lan lali karo Sing Nggawe Urip. Merga mung nggatekne bab urip lan kesenengane dewe, mula menungsa kerep lali karo Sing Nggawe Urip,apa wae diburu,diuyak soroh nyawa mung kanggo maremke uripe,kuwi kabeh jare Kohelet kaya “mbledig angin”. Caba wae para maos bayangne, kepiye rekasane mbledig angina kuwi..

“Ngapa mesam-mesem dewe kaya wong waras Jo?”, Lik Ndoleng sore kuwi nakoni Dalijo, sing nyekel kertas kummel, mbuh laying apa.
“Nemu surat cinta, mbuh sapa sing nulis lan ditujokne sapa, wong wis lamuk-lamuk, tur ya tanda tangane mung singkatan”, Wangsulane Dalijo.
“Nengndi nemumu kang Dal?”, I’insajak kaget, mbokmenawa kuwi surate seka yayange sing ora dadi bojone.
“Neng lemari nggudang In..bahasane jian romantis poll..jaman mbiyen wis kenal tembung lop yu..iki jenenge singkatan ya kebusak,angel dikenali nggone sapa”, Dalijo njelasne.
“ Jale kene tak melu maca kang”, I’in langsung nyrobot nyedak Dalijo..
“Weladalah, iki inisiale pora jenenge paklik ta kang?”, I’in njondhil merga ngertikuwi surate lik ndoleng, mbuh mbiyen kok ora tekan.
“Lho, kok isa ta nduk, jojo mbiyen aku nitip awakmu pas kowe jik esde kae lali?”, Lik Ndoleng sajak kaget..
“Iyo lik..lali tur paseling wis kesuwen mula mboten kula caoske Yu Wasti..”, I’in jujur sajak keweden tur ya blaka sapa tujuane surat kuwi..
“Weladalah..nyat MUSPRA nduk..”, Sambate Lik Ndoleng..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH