Selasa, 29 Januari 2019

NESU


Selasa Wage 29 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 36:11-26
Jabur 119: 89-96
Markus 6:34-44
“Yehudi enggoné maca lagi entèk telu patang kaca, bareng Sang Prabu mundhut sing wis kawaca mau, nuli disuwèk nganggo péso lan dicemplungaké ing geni. Mengkono saterusé nganti kitab gulungan mau entèk kobong kabèh.” Yeremia 36:23

Salah siji gawean neng ndonya iki sing ora butuh sinau yakuwi NESU. Saka bayi ceprot tekan wong tuwa botak gundul tanpa rambut, sing jenenge NESU kuwi isa dilakoni, rasah meguru, rasah kuliah, rasah mertapa neng kali tempur lan rasah pasa, kabeh isa.  Aku yakin, sing maca tulisan iki, anggere macane serisu lan pokus, mesti mesam-mesem ngguya-ngguyu dewe merga lagi NESU’nan karo bojo, karo calon bojo lan mbok menawa mantan bojo..hihihi.. Balik neng bab NESU, kuwi sebab musabab’e sejatine mung sederhana alias sepele, yakuwi nalika sing klakon ora gathuk karo kekarepane. Yen ngarepke dialem malah diece utawa dikritik, kuwi wae isa marakne NESU, yen bayi kae nalika ngelak njur pengen  Menthil, lha jebule mbokne malah ngrumpi karo pakne, isa ndadekne NESU, njur nangis gero-gero, beda yen sing NESU Pakne, ora nangis ning lunga nyang pos ronda…

Saiki serius ahhh… Bab NESU kuwi jebul kawit mbiyen mula wis ana, lha neng jaman Nabi Yeremia ya klakon. Critane Gusti Allah meling marang nabi Yeremia, supaya ngelikna raja Yoyakim supaya mertobat, ben ora kena paukuman saka Sang Yehuwah. Lha kena apa kudu mertobat?Merga lakuning uripe wis nyingkur adoh saka kerane Sang Yehuwah. Anane Sang Yehuwah ngelikne lumantar nabi Yeremia kuwi sejatine malah pratanda tresna, ora merga gething. Ananging panampane ratu Yoyakim beda, dielikne kuwi rumangsane ngece, mula njur nyuwun Kitab Suci sing diagem Gusti, Sang Yehuwah ngelikne kuwi. Kitab Suci disuwun kuwi ora arep disinaoni luwih jero, ananging malah diobong, lha pora jian ngece tenan, kamangka sing diece kuwi Sang Yehuwah piyambak.

Apa kang klakon ing jamanne Nabi Yeremia, lelakone Ratu Yoyakim kuwi ya jik kerep klakon ing jaman saiki, yakuwi watak sing gampang NESU. Dielikne ngamuk, usule pas rapat ora disetujono NESU, kekarepane ora dituruti NESU, kleru dielikne ramung NESU malah ngamuk. Iki kaya paribasan, ngilo dandane (ora raine lho) elek, eee..malah kacane sing dikepruk..lha kan kaca kuwi jujur, ora ngapusi, mosok awak luemu nalika ngilo pengen langsing?Hehe..NESU, kuwi jik dadi pirus sing medeni ing saben jaman lho..

“Jo, iki ngko aku nitip”, Lik Ndoleng esuk kuwi ujug-ujug masrahke kertas sebendel..
“Iki apa lik, apa sertipikat, isa nggo jaden utang ra lik?”, Dalijo semu bingung takon.
“Sertipikat dengkulmu mlocot..iki laporan seksiku pas dadi panitia wingi, ngko bengi jare meh pembubaran. Aku gah mangkat, wong anane do maido kabeh, liwat we’a..aku ya mung jare, tapi aku moh…wegah ketemu sapa-sapa”, Unine Lik Ndoleng karo Ulate padang njero guwa tanpa cahya..
“Weh, jebul sampeyan NESU ta lik?”, Nduk I’in nrocos takkon, ora ngerti yen pakne cilik serius NESU’ne.
“Sssstt…menenge, likmu lagi NESU, merga wingi sore Kang Markun jalan-jalan sore nggadeng Yu Wasti”, Alok’e Dalijo..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH