Rabu, 02 Januari 2019

SINAU


Rebo Pahing 2 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Wulang Bebasan 1:1-7
Jabur 147:12-20
Yakobus 3:13-18
“Pangabekti marang Allah iku etuking kawruh. Wong bodho ora ngajèni marang kawicaksanan lan wegah sinau.” Wulang Bebasan 1:7

SINAU kuwi tumindak, yakuwi tumindak supaya isa nambah samubarang. Dene samubarang kuwi ora mung awujug barang, merga SINAU kuwi pangupaya nambah pangerten. Wong sing seneng SINAU kuwi njur sansaya ngrumangsani bodho, ning ora dipamer-pamerke bodhone. Dene sing senenge pamer bodho kuwi sejatine wong males, merga wis rumangsa pinter, mula wegah SINAU. Bali marang bab SINAU mau. SINAU kuwi mbutuhake rasa tresna marang sing bakal diSINAOni, apa wae kuwi. Yen bab piwulang bocah sekolah, yen sakdurunge wis wedi karo basa nginggris, mula mokal yen isa nggunakne basa nginggris, matematika ya ngono, yen seka wiwit mula wis ora tresna karo matematika, mesti ora bakal ngerti apa kuwi ilmu etung.

Semono uga bab urip, tanpa sadar yen urip iki penting, tangeh lamun gelem SINAU bab urip sing manut kersane Sing Ngecet Lombok, anane urip mung sakkarepe dewe, sakmareme dewe, rumangsane kabeh kuwi mung dewek’e. ana  neng urip ana bab kapercayan. Tumrap kapercayan Kristen, ngerteni bab Greja lan uba rampene jian pentinge ora njamak, ananging akeh para pangarsaning pasamuan sing wegah sinau. Alesane maneka werna, ana sing muni “Ngene wae pun mlampah”, ana meneh sing sok rohani..” Sing penting tumindak’e..”, lha yen ora nate sinau njur arep nindakne apa?Lha ana sing lucu tenan, lha yen wong tani kuwi paling ora nduwe pacul,arit,linggis, yen isa traktor, lha yen arep macul njur ora nggawa pacul kepiye?Iki kaya pangarsaning pasamuan, kepriye meh ngerti bab pranatan pasamuan yen buku panduan wae ora nyekel lan kepiye arep sinau yen ora kagungan?

Manut piwulange Wulang Bebasan, SINAU kuwi kawiwitan saka manembah (meh nulis ngabekti rada piye ngono..hehe.) Lan ing sajroning manembah kuwi entuk kawruh, kawruh kuwi sing isa nuntun marang kawicaksanan, dene sing wegah SINAU  kuwi sing (jarene wulang bebasan lho nggih..) diarani Bodho…
Mula saka kuwi, ayo ing wiwitaning 2019 iki, mumpung jik tanggal 2 januari, ayo miwiti SINAU bab apa wae, klebu bab pasamuan utawa greja.

“Jo..njajal takokno si Markun sing majelis, kira-kira anggaran buku nggo greja pira. Iki nggo greja lho, dudu kagem bapa pandita?” Lik Ndoleng ujug-ujug nggatekne greja.
“Lha ngapa lik ndadak ditukokne buku, dianggarne, lha mengko tuku’o buku malah mung disimpen neng lemari konsistori. Wong awak’e dewe kuwi yen kon sinau malese ramekakat”, Wangsulane Dalijo karo ngudak kopine, merga I’in rung tangi..
“Greja kuwi yen pengen maju, kudu gelem SINAU, lan salah sini lantarane SINAU kuwi ya buku, yen wegah utawa males SINAU, mesti angel MAJU..ngono Jo..”, Lik Ndoleng sajak serisu.
“Tik mletik pikiranmu lik, po merga entuk tinggalan dulur-dulur njakarta?”, Takone Dalijo rada sinis.
“Denggelmu mlenthung kuwi, aku iki meh melu cawe-cawe nggatekne grejo, kowe mbok melu, ora mung nggagas Tarsiii wae..ayo sinau,maca buku ben ora diarani bodho dening Wulang Bebasan”, Unine Lik Ndoleng manteb..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH