Rabu, 30 Januari 2019

SUWUK


Rebo Kliwon 30 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia  36:27-32
Jabur 119:89-96
Markus 6:45-52
“Saking wediné nuli padha njerit, sebab kabèh padha weruh sing dikira memedi kuwi, mulané kabèh padha kagèt. Nanging Gusti Yésus banjur énggal-énggal ngandikani murid-murid mau: “Hé! Aja wedi! Iki Aku!”Markus 6:50

Kanggone sing lair sakdurunge tahun 1980an, mesti ora bingung yen krungu tembung SUWUK, yakuwi tumindak sing dalakoni dening pawongan kang tujuane kanggo nyirep kahanan ben luwih anteng. SUWUK biasane kanggo bocah cilik sing nembe panas apa rewel. Merga teknologi medis durung majune kaya saiki, mula jaman mbiyen  arang sing digawa nyang puskesmas utawa rumah sakit, sakliyane adoh ya merga regane brobat larange ngeram, mula siji-sijine dalan kanggo maraske sing lara lan sing nembe rewel njur di SUWUK’ne. Biasane yen bar disuwukne banjur luwih apik utawa luwih anteng. Dene SUWUK dewearang sing ngerti kepriye isine unen-unen sing diomongke sing tukang Nyuwuk, sing genah ana rapalane dewe lan rakabeh wong isa entuk ngelmu SUWUK.

Sanadyan rada beda kahanane, ning bab “NYUWUK” kahanan ben owah saka elek nyang apik ya nate klakon neng Kitab Suci, malah sing ngayahi gawean per-SUWUK-an kuwi malah Gusti Yesus piyambak. Critane nalika bar marakne wareg wong lanang mangewu (bayangke wae yen kabeh nggawa anak bojo siji lan anak siji, njur pira sing diwareg’I  Gusti), njur para murid  meh “dolan” nyebrang Tlaga Galelia, dene Gusti meh dewek’an, mbuh arep ngapa, pa mungkin arep apel?Hehe..
Lha ndilalah pas wis wengi, tekan tengahing Tlaga njur ana angina gedene ngeram, kuwi ndadekne prahune oling lan kahanan sansaya nggegirisi. Ning kahanan kaya mengkono kuwi ujug-ujug mak pethutug, njedul  wewayangan sing mlaku neng nduwure banyu. Kabeh para murid pada njerit,wedi yen kuwi setan. Jebul para murid’e Gusti wong akeh jik wedi karo memedi, jik kendel Dalijo, ora wedi memedi, jare nggantheng memedine, mula sing wedi malah memedine..hehe. bareng pating Jlerit, njur wewayangan kuwi ngomong, “Aja wedi, iki aku..”
Sakwise cedak, njur munggah prahu, njur angine menda, kuwi merga wis di SUWUK dening Gusti.  Lumantar pangandikaNe, angina wae kalah lan manut, mula sanadyan mung sakkecap,kuwi kabeh manut,kuwi merga dayane SUWUK saka Gusti. Intine, arasah pada kuatir, sajeg’e nindakne kersane Gusti. Perlu dimangerteni yen numpake prahu para murid kuwi merga didawuhi Gusti, mula ya Gusti sembada, nguwalake saka bebaya.

“Lik, yen maca critane Gusti Yesus nyirep, eh NYUWUK angin barat dadi anteng, aku dadi yakin yen programe grejane dewe bakal klakon”, Esuk kuwi, karo ngeteh pacitane karag aking goring Dalijo miwiti obrolan.
“Cen iyo Jo, ning akehe pada ora gelem percaya, akeh sing pada keweden,njur nglalekne Gusti, kamangka iki kabeh dikersakne dening Gusti”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Pokok’e nggere wis diSUWUK Gusti,kabeh sing dilakoni awake dewe mesti binerkahan ya Lik?”, Nduk I’in malah takon.
“Iyo” Cakak wangsulane Lik Ndoleng.
“Mbiyen Yu Wasti pora tak SUWUK lik, kok wurung?”, Dalijo sidane njarag pakne Cilik, sing baguse kaya irus gosong.
“Dussss..sidane ngece aku kowee Jooo..taksuwuk dadi bagus, klakon rabi kowe..”,Lik Ndoleng jik sempet males pangecene Dalijo..

Mbahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH