Selasa
Pon 12 Pebroari 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Samuel 9:10-20
Jabur
115
Markus
2:23-28
“Dhuh Allah,
sampun dhateng kawula, inggih sampun dhateng kawula, namunga asma Paduka
kémawon ingkang kamulyakaken, awit saking sih lan kasetyan Paduka.”
Jabur 115:1
Saben
ana acara pahargyan sing nggunak’ake basa Jawa krama inggil, mesti kereb krungu
tembung NGGEMPIL. Dene tegese NGGEMPIL
yokuwi njupuk samubarang sing dudu duwek’e
sing dilakoni kanthi sengaja. Dadi wong sing NGGEMPIL kuwi nglakoni kanthi
sengaja, ananging sing dijupuk mung sithik.
Akeh
tumindak sing isa digolongke NGGEMPIL, ana NGGEMPIL wektu, NGGEMPIL kamardikan,
NGGEMPIL Kamulyan lan sakpanunggalane.
Hayo,
saiki sapa sing maca tulisan iki wis tahu NGGEMPIL?Mesti wis ana sing nglakoni,
raketang mung NGGEMPIL wektu nyawang sing ayu..(kanggone sing lanang, yen sing
wadon ya nyawang sing bagus..hehe)
Ana neng
urip iki ora sithik sing senengane NGGEMPIL, malah ana sing NGGEMPIL kamulyane
Gusti. Kuwi kerep dilakoni sesideman utama malah sok dislamurke. Ngomong katone
andhapasor,ning sejatine sombong, NGGEMPIL kamulyane Gusti. Tumindak sing ketok’e
tulus iklas ning tujuane ben dialembana, kuwi kabeh klebu tumindak NGGEMPIL
kamulyane Gusti.
Kitab
Suci paring piwulang, yen bab NGGEMPIL kamulyane Gusti kuwi ora pareng, kaya
paseksine Juru Jabur. Nalika semana Juru
Jabur ndedonga, masrah’ake kamulyan
marang Gusti. Juru Jabur sadar yen kabeh sing kalkon, kabeh sing dilakoni kuwi
mung merga Sih Rahmate Gusti, mula nalika ana sing ngalembana,Juru Jabur emoh
nampa pangalembana. Tumrap Juru Jabur, pangalembana kuwi mung kanggo Gusti
Allah, lan dewekne babar pisan moh NGGEMPIL pangalembana kuwi.
Yen Juru
Jabur emoh NGGEMPIL kamulyane Gusti, jaman saiki ora sithik menungsa sing malah
senenge NGGEMPIL kamulyane Gusti. Ana sing senenge yen dialem, ana sing nesu
nalika ora ana sing ngalembana, ana sing njaluk dituruti karepe kabeh
kekarepane lan akeh banget moel-model
utawa “modus” NGGEMPIL kamulyan’e Gusti. Mula saka kuwi, yen nuladha Juru
Jabur, kudune yen ana sing ngalembana , enggal endha lan nyuwun ngapura marang
Gusti merga wis wani NGGEMPIL kagungane Gusti.
“Jian,
kabeh saiki pada rapeduli mbek aku. Ora ana sing nggatekne babar blas, kamangka
akeh sing wis taklakoni, yen aku ora tumandang mesti kacau acarane”, Lik
Ndoleng sore kuwi nesu-nesu, ngamuk-ngamuk kaya Pitik meh ngendog raentuk
tarangan.
“Wh,
sampeyan ngapa ta Lik, kok kabeh diamuk,kabeh dinesoni?”, Nduk I’in njajal
nakoni pakne cilik’e sing baguse ngromyong kuwi.
“Lha
piye ora kemropok ta In, lha wong kene wis nunjang palang njungkel njempalik
kok ya babarblas reneksing ngaruhke, renek sing ngalem babar blas. Mula ya aku
nesu, sukneh wegah aku..”, Lik Ndoleng ora sansaya sareh malah sansaya ngamuk.
“Nek
makarya kuwi kudu iklas lik, makarya apa wae. Rasah nunggu eleman, rasah
ngenteni disubya-subya. Kabeh pangalembana kuwi mung kagem Gusti. Begja sampeyan
diparingi kesempatan makarya, mange ling, kathah sing mboten entuk kesempatan. Sing
penting sampeyan wis isa nyawang Yu Wasti kan”, Dalijo ngojahi Lik Ndoleng
sinambi semu ngenyek lan klepas-klepus
karo djarumsupere lan menthelengi hapene.
“Lawa
bungkrettt….bocah siji iki isa wae ngece wong tuwa kaya aku..hmmmmm…Baj….”, Lik
Ndoleng sajak nesu tenan, ning mung dibatin, merga wedi diamuk sing pada maca
tulisan iki..hehe
Mbahe.
Cocok pak
BalasHapushahaha...
BalasHapus