Selasa, 15 Januari 2019

NAMPIK


Selasa Kliwon 15 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Para Hakim 5:12-21
Jabur 106:1-12
Yokanan 1:1-18
“Sang Sabda ngrawuhi bangsané dhéwé, nanging bangsané mau padha nampik marang Panjenengané.” Yokanan 1:11

NAMPIK kuwi tumindak ngendani utawa malah nulak sabarang kang sejatine ngener marang dewek’e. Dene alesan anggone NAMPIK kuwi isa maneka warna, isa merga ora gathuk karo kekarepane, isa marga ora mangerti pigunane bab sing ngener dewek’ne kuwi. Dene sing isa diTAMPIK kuwi isa awujud barang, piwulang lan kahanan. Menawa ditakoni, kepiye sikep’e karo Gusti Allah, mesti kabeh mangsuli yen percaya lan nampa kabeh kahanane. Ning kuwi biasane mung winates neng pitembungan, yen urusan tumindak, durung tentu nampa sing saksejatine.

Paseksine Yokanan bab sikepe menungsa marang rawuhe Sang Sabda jian ngece sing pada maca tulisan iki. Lire kepiye? Lha nampane racak’e mung ana ing pitembungan, dene ana ing tumindak jian ora nampa babar blas. Lha buktine yen nampa Sang Sabda ora mung neng pitembungan thok  kuwi  kepiye? Ya uripe kudu ana ing pepadhang, merga Sang Sabda kuwi Sang Pepadhang Sejati. Mula saka kuwi, sapa wae sing ngakoni Sang Sabda, sing ya Sang Pepadhang kuwi ya uripe kudu jujur, tertip,setyatuhu,tekun, sregep lan kabeh tumindak apik. Yen ngakune nampani Sang Sabda ananging jik ana ing pepeteng, kuwi ya mbelgedes. Kuwi tegese jik urip ana ing pepeteng. Sang Sabda kuwi ngrawuhi kagungane, ananging sing dirawuhi,kagungane malah NAMPIK, merga ora gelem urip ana ing kahanan kang padang.

“Jo, wingi pas rapat Majelis, kowe diusulke dadi panitia paskah”, Lik Ndoleng sore kuwi miwitiobrolan neng teras sinambi ngopi pacitane telo bakar.
“Weh, lha tik asal tunjuk sakpenak’e dewe wae ki kekarepane sapa ta lik?”, Dalijo sajak nyoba suwala.
“Kabeh ngusulke dirimu kang Dal, rasah nyalahke paklik. Kuwi tegese akeh sing percaya karo pakartimu kang”, I’in nyoba njelaske.
“Lha ning kok ora mangkat ditujuk, iki pora nyalahi hak asasi manusia ?’, Unine Dalijo sok-sok’an kuminter.
“Haiyah..rasah crigis,pethakilan Jo, diundang ora mangkat, dirih-rih kokean alesan,bareng ditunjuk kokean alesan. Cangkemmu muni nampa,percaya Sang Sabda, ning tumindakmu mbuktekne yen NAMPIK Sang Sabda Jo”, Lik Ndoleng sajak duka..
“Kamprettttt…malah dikroyok…sirku meh alesan,meh enda malah konangan…ning aku yakin mbolokin..sing maca tulisan iki ya akeh sing kaya aku, mung nampa Sang Sanda neng cangkem wae, bab tumindak..mbelgedessss….”, Dalijo misuh-misuh neng batin, merga meh muni pekewuh karo sing ora kulina misuh..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH