Kamis, 17 Januari 2019

NJRANTHAL


Kemis Pahing 17 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yerimia 3:1-5
Jabur 36:5-10
Yokanan 20:2-8
“Wong loro mau padha mlayu, nanging sekabat sing sijiné playuné luwih rikat ketimbang karo Pétrus. Mulané tekané ing pesaréan luwih dhisik.”Yokanan 20:4

Sanadyan kahanane  meh padha, ananging isa diarani bedha menawa ana perangan sing ora pleg, mbok’o kuwi mung sithik. Semono uga bab anggone menungsa nggambarke wong mlaku. Mlaku sakpenak’e diarani jalan santai, mlaku luwih banter diarani ngingkring, luwih banter seka ngingkring diarani mlayu, mlayu tanpa tolah-toleh isa diarani nggendring, lan mlaku banter banget merga kaget kuwi isa diarani NJRANTHAL. Tembung NJRANTHAL iki biasane dingo tumrap kewan sing kaget lan njur mlayu buantuerrr banget. Mula yen ana menungsa sing kagetan merga wedi, njur nalika ketemu sing diwedeni banjur mlayu, kuwi isa diarani NJRANTHAL.

Ana neng Injil Yokanan ana crita bab para sekabate Gusti lan sedulur-sedulure.  Crita iki ana ing sekitare seda,wungu lan sumengkane Gusti.nalika bubar wae kakubur, njur para sekabat pada mulih, mbuh wisuh,mbuh meh sarapan po mindoni,ora jelas kahanane,sing baku pada mbalik. Bareng etungane teka telungnidinane, njur anasing meh nglengani “jisim’e” Gusti, ananging jebul wis kothong. Bareng ujug-ujug mak jedul ana sing njedul, kabeh akeh sing njondhil.  Sakbubare kagaet, njur para wong wadon sing neng sarean Gusti sarujuk bali neng para sedulure meh crita. Ora kabeh ngrespon critane para wodon kuwi, dene sing ngrespon, njur kaget lan bingung mulane njur pada NJRANTHAL. Tujuanne NJRANTHAL yakui pengen neksekake., apa tenah kabar sing mblekutug kuwi.
Anggone NJRANTHAL kuwi merga rasa bungah, dene kekuatane bungah kuwi ngedab-edabi, mulayen bubar entuk kabar bab ilange jisime Gusti lan bab wungune Gusti, akeh sing pengen mbuktekne. Kanggone saiki, bab kabar lan timbalane Gusti kuwi tetep jika ana. Ananging arang sing pada ngerti merga wis winengku ing dosa kabeh. Sing dadi pasinaon yukuwi, kepiye  ndadekne  kahanan sing ndadekne cah nom-nom balik meneh neng greja, kaya playune para sekabate Gusti sakbubare etuk kabar bab ilaneg jisiMe Gusti.

“Jo, hasile rapat mau bengi, kowe didadekne anggota komisi neng nggreja”, Lik Ndoleng mbuka rembukan..
“Luweh..ranggagas, paling apike kaya ngapa yadirasani, dicacat”, Wangsulane Dalijo..
“Jo sebarangan njeplak kang, kwalat kowe ngko” Nduk I’in melu nimbrung.
“Jo, ngertio, ngko sing dadi  anggota komisimu ana mbah Mardiyem, mbahe Tarsi. Mula gelema, pngerti ngko isa njawil Tarsi neh Jo…”, Lik Ndoleng sansaya ndadi ngecene..
“Weh, yowis aku tak siap  neknu…”, Dalijo njur mbalik rembug’ane.
“Oalah kang Dal, bareng krungu Tarsi kok langsung iyess…”Asor men kowe kuii..I’in kumat criwise..
“Ngger krungu Tarsi, langsung NJRATNHAL   awakmu Joo…hmm, Wangsulane  sinambi mecucu, kaya laron ngemut bal poli”,Lik Ndoleng jik ngece Dalijo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH