Rabu, 09 Januari 2019

GESEH


Rebo Wage 9 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 24:15-19
Jabur 72
Lukas 1:5-25
“Apa sing dakkandhakaké iki mesthi bakal kelakon, ing wektu sing wis ditemtokaké déning Gusti Allah. Nanging sarèhné kowé ora ngandel karo kandhaku, mulané kowé bakal dadi bisu, nganti tekan wektuné sing dakkandhakaké iki mau kelakon kabèh.”Lukas 1:20

Kasunyatan sing beda karo kekarepan atau malah impening menungsa, kuwi sing diarani GESEH. Dene tembung GESEH dewe sejatine tegese menggok,nyimpang,nyingkur sing kabeh isa diringkes  dadi karo tembung “ ora pada karo sing dikarepke.” Kabeh sing maca tulisan iki nate ngalami kahanan ini, sing klakon ora pada karo sing dikarepke, ora mung nate sajak’e malah kayane kuerepe poll..sing maca karo mesam-mesem, pomeneh karo nyruput kopi njur kleru nglebokne neng irung, kuwi sing kerep ngalami…hehe..

Bab kahanan GESEH kuwi ya nate dialami deneng bapak Zakaria, somahe ibu Elisabeth, rama lan biyunge  Rasul Yokhanan. Kuwi kelakon nalika wis sepuh lan durung kagungan putra. Lha ngepasi  pelados mirungga neng papan pangabekti, entuk wangsit. Wujud wangsit kuwi yokuwi rawuhe malaekat Gabriel, maringi kabar yen dilukneh arep duwe anak. Mestine wae bapak Zakaria ya kaget,njondhil, wong bojone wis monopos, mosok isa mbobot. Ning merga sing rawuh malaekat, mula kagete bapak Zakaria ora dipamerke, njur malah takon apa sing dadi tandane..Kayane mas bro Gabriel iki ya rada esmosi, wis rekasa adoh-adoh seka swarga mlaku neng ngalamndonya, dikon ngabari bab sing apik malah semune ditampik,mula njur bapak Zakaria diparingi tanda yen sing dingendikane mas bro Gabriel kuwi klakon yen pas metu seka papan pangibadah bakal bisu.

Sejatine apa sing dialami bapak Zakaria kuwi lumrah. Lire kepiye?Lha wong wis tuwirrr (tuwek banget) masak ya isa meteng..eh mbobot..(klakon di japri sing maca kingko, jare saru..) Lana pa sing dialami bapak Zakaria ya kerep dialami menungsa liyane. Ora ndang percaya karo pangandikane Gusti, jan-jane ya tembunge percaya,yakin mbolokinn..ning neng kelakuan ya blasss…geseh antarane rembug lan laku..

“Lik, aku krungu kabar, jare nggo acara suk maret kuwi jik kurang dana ya?”, Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Iyo kok Jo, iki sing diarani GESEH. Iman marang Gusti mung lamis. Lha wong mung kurang ak bil gowang, jian..kamangka ya wargane dewe kuwi sugihe ramekakat. Mobil akih,,onda nggladeg..omah oramung siji…bojo..opsss..ketrucut Jo..”, Lik Ndoleng sajak nesu tenan.
“Wong kuwi pikirane dewe-dewe lik, rasah nesu..eslow..sareh..santai..”Nduk I’in ngerem-rem pakne cilik sing bagus dewe sak omah..
“Lha sampeyan dewe meh umbrug apa lik?”, Dalijo nakoni Lik Ndoleng.
“Aku wis nazar Jo, prosepuluhanku wiwit 2019 arep takaturke Gusti, ya salah sijine liwat acara-acara mirunggan ngene iki. Raketan iki etungan bau kuli macul, ning sakprosepuluhe takaturke Gusti, ben imanku ora GESEH..tembung lan laku beda” Lik Ndoleng njur kojah..
“Apik lik, ejoss..esipp..ning sing ora pisungsung ya aja mbok rasani..ben wae..wong kana ya dame sejahtera kok..rawuhe Gusti kan ndadekne dame sejahtera, bab kuwi jumbuhkaro kersane Gusti apa ora, dudu urusane dewe lik”, Dalijo melu-melu minteri..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH