Rabu, 16 Januari 2019

DISENGITI


Rebo Legi 16 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 27:1-11
Jabur 106:1-12
Mateus 10:17-22
“Wong kabèh bakal padha sengit marang kowé merga saka aku. Nanging sing sapa mantep tekan wekasan, bakal slamet.” Mateus 10:22

Yen gelem jujur, ora ana siji-siji’o wong sing gelem DISENGITI ana ing sajroning uripe. Kabeh wong kuwi mesti ngarep-arep uripe disenengi utawa ditresnani dening liyan. DISENGITI kuwi kahanan abot, merga meh kabeh kahanan uripe ora tinampa dening liyan. DISENGITI kuwi abot, merga kabeh wong ora gelem nyrawungi,mula akeh sing ngupadi ora DISENGITI liyan,sanadyan kudu tumindak salah utawa ala,supaya ora sepi lan dewek’an nglakoni urip.

Nats ing Mateus 10 ayat 22 iki nyritakne bab kepiye “konsekwensi” sapa wae sing nderek Gusti ngalkoni tumindak bener, yakuwi bakal DISENGITI dening jagad, sing urip ana ing pepeteng. Titik’ane gampang wae, sing sapa diajak tumindak ala nampik, mesti bakal DISENGITI kanca-kancane. Menawa sakgrup pada korupsi, njur nulak, mesti DISENGITI, menawa sakgrup ajak-ajak main utawa judi, njur nulak, mesti DISNGITI. Kabeh kuwi wis dadi pepesthene Gsti. Mula saka kuwi, sing sapa meh tumindak apik, lan kuwi digambar’ake lumantar tetembungan NDEREK GUSTI, kudu siap sakabehe konsekwensi, salah sijine DISENGITI liyan. Ora mung liyan malahan, brayate dewe wae bisa wae nyengit.

“Nduk, In..ngerti ra, mbiyen pas aku rembug’an bab gelem pora dadi majelis, bulikmu Trinil nesu”, Lik Ndoleng nyruput kopi pahite sinambi nyritakne lelakone mbiyen.
“Lha kenapa ta Lik?’,I’in malah mbalik takon.
“Wedi yen wektu neng uripku entek neng nggreja, jare dadi majelis kuwi kokean rapat, nganti rapatut”, Wangsulane Lik Ndoleng. “Ning sakbubare tak jlentrehne, mbokmu cilik njur manthuk-manthuk sarujuk, mula aku ya semangat dadi majelis”, Lik Ndoleng mbacutne..
“Semangate merga isa sawang-sinawangan karo Yu Wasti, merga pada-pada majelis ya Lik?”, Dalijo nyaruwe sinambi ngece..
“Asembbb..” Sambate Lik Ndoleng..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH