Rabu, 23 Januari 2019

LESEHAN


Rebo Pon 23 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Musthakaning Kidung 4:9-5:1
Jabur 145
Yokanan 1:19-28
“….nanging nguculi taliné trumpahé waé aku ora patut.” Yokanan 1:27b

Jaman modern ngene iki, kabeh kaukur karo sepira kesugihan sing diduweni. Ajining kamanungsan ora diukur karo kahanane yen menungsa kui tinitahake dening Gusti, ananging ajining kamanungsan kuwi dikur lumantar sepira bandane sing diduweni. Mula saka kuwi, kabeh wong njur ngukur samubarang kalawan akehe banda sing diduweni lan uga sing isa diusahakne. Ana bab sing isa dingo gegambaran bab ngene iki, yakuwi bab wong nduwe gawe. Sansaya gumebyar dekorasine sansaya kewaca ajining kahanane. Liyane kuwi, saiki wis mokal ana wong nduweni gawe njur mung LESEHAN, ora nyugata dayoh kanthi luwih apik. Saiki kabeh kursinan lan kepara malah neng gedung. Alesane praktis,

LESEHAN kuwi sejatine gegambaraning urip,yen menungsa kuwi pada kabeh neng ngarsane Sing Akarya Jagad. Ora ana menungsa sing beda neng ngarsane Gusti, mula greja ben minggu mratelakne kapercayan kuwi srana Sahadhat Rasuli. Neng sahadhat kuwi disebutke yen pasamuan (menungsa) kuwi kabeh pasamuan sing suci sarta Wradin, sing tegese sejajar/setara/pada. Sing neng nduwur ya mung Gusti, ora mberduli kaya ngapa bagus lan nggantenge, ora mberduli sepira sugihe, ora mberduli sepira seksine..hehe..kabeh pada neng ngarsane Gusti. Ana ing ngarsane Gusti kabeh kudu LESEHAN, ora pareng trunyukan neng nduwur, kaya Laler sing randuwe anggah-ungguh. Lan  kabeh kuwi  dadi gegambaraning piwulang, supaya menungsa kuwi andhapasor lan lembah manah, ora kumlungkung kaya Jago butuh babon..klurak-kluruk wae..

Piwulang bab andhap asor  kuwi nate dipratelakne Yokanan, nalika nyawisi dalan kagem Gusti Yesus. Yokanan sanadyan populer, nduweni bolo utawa pendukung akeh, ananging moh sombong, malah mratelakne gayane urip sing andhap asor, kuwi dibuktekne nalika ana sing ngarani dewekne Mesias . Yokanan ora gelem diparingi gelar kinurmat kuwi, dewek’e adoh neng ngisor, mung LESEHAN, malah kepara sadar yen mung ngudari talining sendale Gusti wae ora prayoga. Kuwi kabeh piwulang andhap asor.supaya saiki isa diconto. Kabeh kuwi kahanane mung ana ing posisi LESEHAN neng ngarsane Gusti.

“Gawean anggere aku ramelu, blass ra pakra, pating penthalit ora karuan..”Esuk Kuwi Nduk I’in muring-muring kaya Kirik kawin njur digoda cah cilik-cilik..
“Ngapa Nduk, esuk-esuk kok ngamuk, pilangmbara esuk-esuk nggawe gethuk..” Lik Ndoleng nyoba nyaruwe ponak’ane sing kemayune ngungkuli ngartis kui
“Ngapa piye ta lik, genah kabeh acara aku sing ngurusi, kamangka panitiane ya ake” .Wangsulane I’in.
“Yen gelem dilakoni yen wegah ya tinggalen...njur yen gelem, ora usah umuk, sombong,pamer…santai wae”, Dalijo melu-melu nanggepi gremengane I’in.
“Tumben mlethik pikiranmu Jo, ngombe apa kowe mau awan?”, Lik Ndoleng ya njajal ngalem Dalijo.
“Haha..isa njawil Yu Wasti Lik..pas tuku udhud, nyusuki tak jawil…kowe rawani ta?” Kalah mbek aku lik..haha..” Karo dolanan HP Dalijo mangsuli sinambi semu ngece pakne cilik.
“Kamprett..Duss…malah ngece bocah siji iki…njaluk disunati neh cah iki” Batine Lik Ndoleng, meh muni wedi dirasani sing maca tulisan iki..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH