Jumat, 04 Januari 2019

NJEDUL


Jemuah Wage 4 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 6:1-5
Jabur 72
Lelakone Para Rasul 7:44-53
“Wangkot temen manah panjenengan menika! Panjenengan menika kados tiyang kapir, ingkang mboten tepang kaliyan Gusti Allah. Panjenengan mboten béda kaliyan leluhur panjenengan, ingkang tansah nglawan dhateng Roh Suci!” LPR 7:51

Saktemene saben wong kuwi katitahake kanthi nduweni rasa wani,sanadyan minangka jejangkepe ya kinantenan rasa wedi. Rong rasa iki tansah akrab banget sakdawane menungsa urip, lan metune rukun banget, genten-genti. Yen lagi rasa wedi sing kuwat, mula rasa wani ndelik ora wani NJEDUL ana ing tata uriping menungsa, dene nalika rasa wedi kahanane luwih cilik, sing NJEDUL rasa wani. Dene NJEDUL dewe tegese metune samubarang kang sakdurunge katutupan, mbuh apa sing nutupi,pokok’e ketutupan.

Critane Stefanus neng Kitab Lelakone Para Rasul 7 nyaritakake kahanan kaya ngapa ke-wanene bisa NJEDUL, lan kuwi dipamerake marang para penggedene agama Yahudi sing wektu kuwi galak’e handubilah. Stefanus nembe ditangkep merga wani crita bab Gusti Yesus,wani dadi seksi baba pa sing klakon bab Gusti Yesus, yen sejatine Gusti Yesus kuwi Sang Mesih. Anadene wanine NJEDUL’ake paseksi kuwi merga bisa ngrasak’ake pangalaman sing pribadi babagan Gusti Yesus. dene pengalaman kuwi aji banget, luwih aji katimbang urip ana neng ndonya, apa meneh yen uripe ora manut tatanan dhawuh pangandikaning Gusti Allah. Pengalaman endah bab Gusti Yesus lan pakaryaNe kuwi sing ndadekne Stefanus wani NJEDUL’ae rasa wanine, isa nelukake rasa wedi sing kerep dumunung ana ing uripe. Kanggone Stefanus, nyritak’ake bab Gusti Yesus uwi luwih aji tinimbang urip kuwi dewe, mula sanadyan ana pangacem, mbelgedes..kabeh tinggalke,luwih aji nyritakne bab Gusti Yesus.
Kanggo para pasamuan ing jaman saiki, sejatine orasah ngadepi kahanan kaya Stefanus, merga kahanane beda. ananging bab NJEDUL’ake rasa wani sing beda. saiki pada jirih-jirih dadi seksi bab pakaryane Gusti Yesus. mbuh apa sebab’e, ananging bisa wae sebab’e merga durung ngalami kahanan apik bab Gusti Yesus, merga neng nggreja ya merga kwajiban lan ora merga ngalami pengalaman pribadi bab Gusti Yesus, kaping pindone mungkin merga rasa wedine lueih gede tinimbang rasa wanine, mula kewanene ora bisa NJEDUL. Mula saka kuwi, kanggone sing maca tulisan iki kudu ngilo lan nakoni awak’e dewe, ngapa durung  NJEDUL’ake rasa wani dadi seksi bab Gusti Yesus? Kuwi isa lumantar kasregepan, lumantar pikiran, wektu,tenaga lan uga banda. Apa merga cen sejatine pelit bab wektu,pikiran,tenaga lan banda apa cen merga durung ngerti bab Gusti Yesus?Kuwi balik marang pribadi sing maca tulisan iki..

“Kang Dal, saiki paklik jian kuendill..wani NJEDUL neng pasamuan, wani dadi majelis. Kuwi motipe asli po merga apa ya?”, Nduk I’in sore kuwi takon neng dulue lanang, nalika Lik Ndoleng jik neng pawon.
“Mbuh kuwi, kok ya nyalawadi. Aku jik rung yakin yen kuwi merga niatan tulus”, Wangslulane Dalijo sinambi klepas-klepus karo Djarsuper’e lan maca majalah mbuh apa majalahe.
“Arep do setuju po ora, arep nyurigai po piye, aku ora urus, sing penting niatku siji,wani neksek’ake Gusti Yesus ana ing urip iki”, Ujug-ujug lik Ndoleng Njedul.
“Dudu merga Yu Wasti brarti Lik?”, Dalijo takon sajak ngece.
“Kaya kowe wae, aktip mung ben disawang Tarsi Jo”, Lik Ndoleng genti ngece Dalijo, sing mak kembeng,sajak kisinan.

Ayo bebarengan NJEDULne rasa wani neksek’ake Gusti Yesus neng urip iki lurr..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH