Sabtu, 12 Januari 2019

PAS


Setu Pahing 12 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Kohelet 3:1-15
Jabur 29
Lukas 1:46-56
“Panjenengané nitahaké samubarang kang becik ing wektu sing ditetepaké, malah ndunungaké urip langgeng ing atiné manungsa, nanging wong ora diparingi kawruh kanggo njajagi pakaryané Allah sasampurnané.

Ana neng jagad’ing etungan ana pirang-pirang istilah. Ana sing diarani Kurang, ana sing diarani Luwih la nana sing diarani PAS. Yen kudune 18 ananging mung ana 17,9 (pitulas koma sanga)kuwi tetep diarani Kurang, semono uga nalika etungane 18,1 (wolulas koma siji), kuwi ya diarani Luwih. Yen ngarah utawa ngener sing PAS ya kudune ana ing etungan 18 (wolulas). Mula bab etungan PAS kuwi ora bisa dinyang utawa diparingi bpnus, manut apa anane..

Menungsa kuwi seneng nata malah kepara ngatur, kabeh-kabehyen isa ditata utawa diatur, malah Gusti Allah barang yen isa meh diatur supaya manut kekarepane. Ananging ora kabeh isa diatur utawa ditata menungsa, ana sing luwih kuwasa natal an ngatur samubarang. Bab nata lan ngatur obah osik’ing jagad iki wis diatur dening Gusti piyambak, menungsa ora bisa ngenyang,mbuh kuwi ngulur wektu pa nyepet’ake wektu. Gusti mulang lumantar Kohelet, yen sabarang sing gumelar ing njagad iki wis ana wektu utawa wayah sing PAS. Dicepetne ora becik, dialonke ya ora pas. Isa nggo conto bab malih’e Ungker dadi Kupu.
Yen ana sing pernah nyepadakne, kaya ngapa rekasane (manut panyawange sing nulis renungan iki) Ungker nyuwek/mbukak cangkange, kayane ngetokne tenaga sing ngluwihi kahanane. Ananging kuwi kabeh wis ditata dening Gusti, rekasane mbukak cangkang tumrap Ungker kuwi cecawis kanggo nglatih otot-otot’e Kupu supaya mengkone bisa kuwat kanggo mabur. Yen ngasi ana sing jian “apik’an “ tenan ngrewangi Ungker kuwi mbukak cangkaknge, bisa-bisa mengko malah ndadekne Kupu lempoh.
Mulane, nalika ngadepi urip sing kayane abot banget, rekasa banget, rasah nangis, rasah cengeng, rasah isin, kuwi sejatine lagi nyawiske BERKAH sing lluwih gede. Kudu nyadari yen wektune Gusti kuwi PAS. PAS nalika nyawiske lan PAS nalika maringi, ora isa dinyang,ora isa diowahi.  Pokok’e kabeh sing ana ing jagad iki wis diatur PAS dening Gusti..

“Jo, wingi pas ana acara reunian warga perantau kae kok ora ngetok?”, Takone Lik Ndoleng.
“Jare mbriyeng lik, mula ramangkat”, Nduk I’in nyosor menehi wangsulan, sinambi ndondomi jakete bojone.
“Aku takon Daijo Nduk, ora takon awakmu”, Sajak nesu sithik Lik Ndoleng karo ponak’ane wedok sing ayu dewe sak pekarangan.
“Anu lik, pekewuh yen bola-bali wangsulan nalika ditakoni kapan rabiku”, Wangsulane Dalijo blaka.
“Ngono wae bingung Jo, wangsuli wae wektune durung PAS..mayar mangsuline”, Lik Ndoleng maringi wangsulan.
“Jane ki ya wasis yen nuturi wong liya, ning nalika kena masalah kok malah kaya Kodok ngemut premen. Wingi kae pas konangan ndolani Yu Wasti pesen kopi, njur konangan Lik Trinil, wangsuli wae iki lagi PAS wektune  bu’ne…mesti aman lik”, Nduk I’in njawab karo sajak ngece..
“Trondolo benthet..ora Dalijo,ora I’in,kabeh wasise ngeram yen kon ngoso pakne cilik”, Batine Lik Ndoleng, wedi ngomong langsung, ngko dipaido sing maca tulisan iki…

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH