Selasa, 01 Januari 2019

PANEN


Selasa Legi 1 Januari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Kohelet 3:1-13
Jabur 8
Wahyu 21:1-6a
Matheus 25:31-46
“….lan sakèhing wong ing bumi bakal kaklumpukaké ing ngarsané. Panjenengané nuli bakal misah wong-wong mau dadi rong pantha, kaya pangon sing misahaké wedhusé gèmbèl lan wedhusé bérok.” Matheus 25:32

Saben wong nenandur mesti ngarepake PANEN,lan wis mesti yen sing diarep-arep bab PANEN kuwi ya manut karo apa sing ditandur. Yen nandur jagung, ya kudune mesti sadar mengkone bakal panen jagung,mbuh nalika jik gembakar,gemoreng utawa wis garing. Sing mesti yen nandur jagung bakalane panen jagung, semono uga yen nenandur liyane, yen nandur klapa,ya kudu siap-siap panen klapa lan sakubarampene sisan paham wektune pirang tahun anggone kudu nunggu. Pokok’e sing kudu dimangerteni, nenandur bakalane panen lan pepanenane kuwi mesti jumbuh kare winih sing ditandur.

Piwu;ange Kitab Suci ana ing Matheus 25 nyadarke sapa wae sing maca yen urip iki ana batese, lan ing bates mau kudu siap dipilah lan uga dipilih. Arep mlebu golongan apa kuwi gumantung “winih” utawa tumindak sing dilakoni saksuwene umure. Yen winihe winih kabecik’an lan dijaga lumantar kabecik’an, mesti ing tembe, ing mangsane PANEN ya bakal dipilih kare Sing Kagungan Tanduran, yen apik kabeh mosok’o arep diobong, semono uga,yen elek tur ya ora migunani, mosok’o meh disimpen,mestine kan yo diobong wae…
Iki tanggal 1 januari 2019, wiwitane tahun anyar. Arep nenandur apa sakdawane 2019 kawiwitan seka dina iki, yen meh nandur kabecik’an, ya nandura sing temen. Dene kabecik’an kuwi akeh modele, isa bab andum-inganduman, bab tulung tinulung, bab apura-ingapura lan sakpiturute. Dene yen ing 2019 arep nandur apa wae sing ala/elek, ya sumangga. Arep mbesengut wae ya manga,arep ora aktip kegiatan pasamuan ya manga,arep mung dadi “Juru Pamaido” ya manga,arep dadi pasamuan sing pasif, ya manga,karep lan pilihane. Ananging yakuwi, kabeh kuwi ana titi mangsane, yen nandur ya mesti panen, mulakudu siap wae mengkone meh PANEN apa, kuwi gumantung sing ditandur.

“ Anu lik, hmmmm..anu…”, Dalijo sajak gupuh pas ngobrol malem tutup tahun.
“Ona-anu..ona-anu, arep ngomong apa ta Jo?”, Lik Ndoleng ora sranta pengen ngerti kekarepane Dalijo.
“Anu..ngene lik…hmmm..maksutku kuwi..hmmmanu..”
“Ngene lho lik, kang Dal kuwi meh matur, arep rabi, ning ya mbuh karo APA”, Nduk I’in melu nyoal-nyael karo ngekekne kopi panas.
“Anu lik, aku arep dadi wong sregep neng tahun 2019, ora nesunan,ora cuek bebek, ora mutungan,ora merinan,ora ngeyelan…pokok’e aku arep nandur sing apik-apik wae, ben ngko PANEN sing apik-apik uga”, Dalijo akhire isa wangsulan.
“Melu bungah Jo, muga-muga klakon karepmu. Oiyo Jo, lha Tarsi powis bali Njakarta?”, Lik Ndoleng njur nakokne Tarsi.
“Mpun Lik, tahun niki ajeng nikah”, Wangsulane Dalijo manteb.
“Oalah Jo, melu bungah yo…”Lik Ndoleng seneng abnget sajak’e.
“Bungahe sampeyan kuwi larane kang Dal Lik, lha wong Tarsi nikah ning sanes kalih kang Dal”, Nduk I’in njlentrehke ben tabling.
“Asembb..malah dibukak tatuning atiku..dusssssss…..!!!”, Batine Dalijo, ora wani nywara wedi diseneni wong akeh, merga yaw is janji arep nandur kabecik’an ben PANEN sing apik-apik….

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH