Kamis, 03 Januari 2019

SEDULUR


Kemis Pon 3 JAnuari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Ayub 42: 10-17
Jabur 72
Lukas 8:16-21
“Nanging Gusti Yésus ngandika: “Ibu-Ku lan sedulur-sedulur-Ku yakuwi sakèhing wong sing padha ngrungokaké lan ngèstokaké pangandikané Allah.” Lukas 8:21

Tembung SEDULUR kuwi tegese ana talining pangiket. Biasane trah utawaketurunan, mbuh kuwi jik cedak apa wis rada adoh. Neng petungan Jawa, sing diarani SEDULUR kuwi akeh la nana tingkat-tingkatane. Sedulurn cedak, nakndulur, ponak’an lan sakpiturute, sing baku, sedulur kuwi ana garis sing nyambungake,lan kuwi racak’e “trah” utawa “Turunaning RAH”. SEDULURan kuwi ya meneka werna kondisine, ana sing apik, apik banget, ananging ya ana sing ora apik. Ana uga sing ngaku-aku SEDULUR, sing kaya ngene iki biasane duwe “motif” sing didelikne, kayata yen ana sing dadi pejabat utawa wong terkenal, njur ana sing ngaku-aku SEDULUR. Ya ora salah ning ya bab SEDULURan mung dingo tujuan sakwetara, ana uga sing wegah ngaku SEDULUR sanadyan kuwi sejatine SEDULUR, merga perkara sing ora becik.

Crita saka Kitab Suci bab SEDULUR ya akeh, salah sijine neng Lukas 8. Kuwi crita nalika ana wong sing matur marang Gusti Yesus yen neng njaba gedong pedaleman suci ana kanjeng Ibu lan para SEDULURe Gusti Yesus. tanggepane Gusti cen nggawe kaget, merga ora langsung “njranthal” methuk’I ibu lan para SEDULUR’e, malah Gusti paring piwulang yen sing dadi SEDULUR’e Gusti kuwi sapa wae sing ngrungokake lan ngestokake pangandikane Allah. Kuwi ora ateges ibu Maria lan para adine Gusti Yesus dudu sedulure, kuwi SEDULUR’e, ora isa ilang. Ananging Gusti ya kagungantujuan ngendika ngono kuwi, supaya wong akeh isa nyadari yen kabeh isa dadi SEDULUR’e Gusti nalika ngrungokake,nggatekne lan nglakoni kersane Gusti. Tegese, sing pengen dadi SEDULURe Gusti kuwi orasah ndadak nunggu ana ‘Turunaning RAH’ utawa TRAH, ananging sapa wae sing ngrungokne, nggatekne lan nglakoni dhawuh pangandikane Gusti. Kuwi wae wis cukup.

Pitakonane, sapa sing wis isa ngrungkone,nggatekne lan nglakoni kersane Gusti? Wong maca kitab suci wae arang, ndonga ya arang baget, pomeneh maca buku, lha wong maca renungan rada dawa sithik wae wis sambate ngaru-ara. Kamangka Gusti Yesus kuwi sregep sinau, sregep ngangsu kawruh baba pa wae, mirunggan bab Kitab Suci, mula yen pengen dadi SEDULURe Gusti, ya ayo nulada tumindak’e  Gusti Yesus.

“Lik, jare wiwit 2019 iki arep ana doa pagi saben rebo esuk ya?”, Dalijo nakoni Lik Ndoleng.
“Jarene ya ngono Jo, ning mbuh isa mlaku pora, wong warga kui saiki malese poll”, Lik Ndoleng sing saiki dadi Majelis.
“Lha jare piwulange Gusti, sing dadi SEDULURe Gusti kuwi sing sregep lho lik,lha yen males piye?”, Nduk I’in melu cawe-cawe kaya padatan..
“Yakuwi, senenge mung ngaku-aku SEDULUR ning bab tumindak blas ragelem nindakne kersane Gusti”, Lik Ndoleng mangsuli kanthi sareh.
“Mbok ben wae ta lik, arep sregep,arep males, mbok ben, kuwi pilihane dewe,kuwi tandurane urip,yen ngko panene ora jumbuh karo kersane  Gusti,ya ben dirasakne”, Dalijo semaur sajak esmosi..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH