Senin, 31 Desember 2018

NJENENGI


Senen Kliwon 31 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 6:22-27
Jabur 8
Galatia4:4-7
Lukas 2:15-21
“Sawisé umur wolung dina, Sang Bayi nuli ditetaki, lan ditetepaké asmané: Yésus, yakuwi jeneng sing dingandikakaké malaékat marang Maryam, sadurungé ngandheg Sang Bayi mau.” Lukas 2:21

Titah sing paling dwe kwasa dewe neng njagad iki ya menungsa. Sakliyane sing paling moncer pikirane, menungsa uga sing nduweni kwasa (mung jan-jane dipasrahi Gusti apa ya mung ngaku dewe) NJENENGI sakrupane wujud sing ana neng njagad iki. Watu kuwi ora ujug-ujug nyang dinas kependudukan njur lapuran yen jenenge watu, semono uga Pitik, Kebo,Manuk,Gendruwo,Pocongan, Banaspati lan sakabehe, kuwi ora nate usul jeneng ananging sing NJENENGI ya menungsa. Aja meneh mung titah lha wong Sing Ngreksa Jagad, Sing Tan Winates  wae sing NJENENGI menungsa, ana sing nyebut Deo,Dei,Gusti,Allah (sok-sok “a” dadi “o”), Tuhan, God, Lord lan sakpiturute,kuwi sing NJENENGI menungsa dudu Sing Tan Winates dewe.

Crita saka Kitab suci, khususe neng Lukas 2 ayat 21, ngelingake menungsa kabeh (sing dudu menungsa melu dielingke ya rapopo,rasah mesam-mesem maca tulisan iki..hehe) bab sepira gedene kwasane menungsa neng njagad iki, lha wong Sang Juru Wilujeng wae sing NJENENGI ya menungsa, yakuwi rama Yusuf lan Biyung Maryam. Ananging sanadyan sing NJENENGI, kuwi merga nindakne dhawuhe GUSTI ALLAH, ora mung sakkarepe dewe. Saking gedene kwasa “Tetembungane” menungsa, mula ing poncoting 2018 iki,ayo nyawiske utawa ngrancang sing apik lan nyenengake tumrap urip bebarengan. Yen seka wiwitan wis ngrancang sing apik, NJENENGI sing apik, mesti sing klakon ya bakal apik. Daya sawab’e tetembungane menungsa kuwi jian oramekakat, oraumum, mula yen mungkasi 2018 lan meh mlebu 2019 kanthi ujar  utawa NJENENGI apa wae sing bakal ana APIK, mesti bakal apik. Sinau kaya rama Yusuf lan Biyung Maryam, wisik saka Gusti dirumati, njur nalika klakon tenan dilakoni,mula Jeneng YESUS kuwi awet teka saiki lan saklawase.

Mula saka kuwi, ayo NJENENGI urip ing 2019 lan sakbanjure kalawan apik, ngrancang sing apik kabeh. Rasah ngrancang nesu,meri,ngamuk,mutung,ngrasani,mbalesan kuwi kabeh yen dirancang utawa jik dirumati neng ati lan urip, bakal tuwuh lan babar tumangkar, mula yen jik ana, uncalno nyang segara wae. Saiki pada ngrancange sing apik,loma,sumanak,andap asor,rame ing gawe sepi ing pamrih,ethengan, seneng tetulung lansakpiturute. Yen isa NJENENGI urip sing bakal klakon ing 2019 lan sakteruse, mesti binerkahan apik saklawase..

“Jo, ayo pamit, matur karo dulur-dulur kabeh, I’in jak’en ora mung nyetatus WA wae, kuwi jak’en matur karo dulur-dulur kabeh. Ayo pada nyuwun ngapura yen neng 2018 klerune awake dewe umpuk undhung. Aku wing iwis ketemu Markun, Wasti, aku karo bulikmu Trinil sing ayu dewe sakpawonku iki wis salaman..” Lik Ndoleng sesorah esuk kuwi.
“Pamit arep pindah ngendi Lik?”, Dalijo sajak bingung.
“Arep nyang Mars jare kang”, Nduk I’in nyauri sinambi nyilingi banyu nggo nggae kopi esuk kuwi.
“Badalah, arep ngapa tekan mae Marsi?”, Dalijo sajak luwih kaget.
“Joooo.Innnnn….malah takan Marsi baarang..iki meh ninggalke 2018, ayo matur nyuwun ngapura yen akeh klora-klerune…” Lik Ndoleng mangsuli sareh, mbuh entuk roh apa kuwi..
“Siapp lik…aku meh ngangkah urip sing esip neng 2019..NJENENGI apik kabeh…ben ya klakone apik terus..”

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH