Jumat, 01 Februari 2019

MANUT


Jemuah Paing 1 Februari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

2 Babad 35:20-27
Jabur 71:1-6
Lukas 5:12-16
“Gusti Yésus ngulungaké astané, ndemèk wong mau karo ngandika: “Aku kersa. Dadia waras!” Sanalika iku uga lelarané kusta mari.” Lukas 5:13

Ngendikane wong pinter, apa wae sing ana neng njagad iki jangkeb utawa sakjodho  kahanane. Ana padhang ana peteng, ana sugih ana mlarat, ana adoh ana cedak, ana akeh ana sethitik  lan uga ana sing ngeyel la nana uga sing MANUT. Beninge Embun Esuk dina iki, siji pebroari rongewu songolas, arep ngrembug bab MANUT. Manut kuwi kosokbaline ngeyel, yen ngeyel kuwi nglawan utawa nampik samubarang sing klakon, mula MANUT kuwi nampa sadengan sing dinawuhan utawa nglakoni apa wae sing dikarepake.

Crita bab “kasektene” Gusti Yesus pating telcek neng Kitab Injil, lha salah sijine nalika ana daya kasekten liya sing MANUT nalika ditundung dening Gusti Yesus. Kasekten sing ditundung Gusti Yesus kuwi awujud lelara, ora ngenyang (iki beda karo warga GKJ, apa-apa ngenyang..mula isa diarani yen greja kuwi kaya pasar, isine nyang-nyangan..hehe), langsung MANUT sakdawuhe Gusti. Crita iki klakon nalika Gusti Yesus tindak lan mrangguli ana sing lara Kusta. Lara kusta kuwi jian rekasa tenan, wis ambune mbanger,tinampik dening masyarakat lan kudu manggon adoh saka masyarakat. Sanadyan kaya mengkono, Gusti Yesus ora nampik, malah dicedak’i njur kasekten sing awujud lara kusta kuwi ditundung minggat, merga kalah sekti mula ya minggat.

Ngaca saka crita iki, sejatine uripe menungsa kuwi ya kadunungan “kusta”, sing jman saiki isa awujud merinan, nesunan, mutungan,ngamuk’an, wegahan,pelit,egois,kemaki, sombong,kumlungkung,nggembeleng lan sakpanunggalane. Yen “kusta” jaman saiki kuwi ijik manggon neng uripe wong, klebu wong “kressten”, uripe mesti ora tentrem,ora penak, mula kudune nyuwun marang Gusti Yesus kon nundung minggat “kusta” jaman modern kuwi. Yen Gusti Yesus sing nundung mesti minggat, ilang mbuh nyangndi. Ananging sing isa malah klakon kuwi ana sing seneng “ngingu kusta” ana ing uripe, mula ya wegah nundung wong jenenge wae ingon-ingon. Mula yen wis suiiiiii nderek neng Nggreja (aku rawani matur nderek Gusti lho..) ning jik nesunan,mutungan, ngamuk’an, egois, kemaki,kemlinthi lan sakpanunggalane, kui tegese malah ngingu kusta ana ing uripe, wegah nundung lunga, pomeneh nyuwun Gusti nundung, wong kui ingon-ingon je..hehe. Sing meh nesu ben WA aku wae…

“Jo..awakmu ngerti alamat iki ora, aku meh mrono”, Lik Ndoleng takon karo Dalijo sinambi nuduhne kertas ana tulisan alamat.
“Rak….”Dalijo nyawang saktleraman njur mangsuli cekak.
“Mbok nganggo gugel mep lik”, Cluluk’e Nduk I’in.
“Ngertio nginternet lan gugel mep aku ratakon In..Dadi ora ngeti blas Jo?”, Lik Ndoleng jik takon marang Dalijo.
“Orakk…”Cekak aos Dalijo mangsuli meneh.
“Cekno internet Jo”, Lik Ndoleng jik meh njaluk tulung.
“Gah..” Dalijo mangsuli cekak meneh.
“Atur ngono’o kok wangulan cekak kabeh kaya Jago Nombo Belek Babon ki ana apa ta cah?”, Takone Lik Ndoleng nyang I’in lan Dalijo.
“Wedi dipisuhi sing maca BENINGE EMBUN ESUK paklik..akeh sing komentar kedawan”, Wangsulane Dalijo lan I’in kompak.
“Hmmmm..mung kari maca wae kok pada crigis ya cah..tundungen sing kaya mengkono kuwi, muga-muga MANUT lan lunga..” Lik Ndoleng Kojah..

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH