REBO
PON 5 SEPTEMBER 2018
BENINGE
EMBUN ESUK
Pangandaring
Toret 4 : 21-40
Jabur
144 :9-15
Markus
7 : 9-23
“Padha lakonana prenatan-prenatan sing
dakkandhakaké marang kowé ing dina iki, supaya kowé lan anak-turunmu padha
slamet. Kowé bakal tetep manggon ana ing tanah sing diparingaké déning Allah
dadi duwèkmu ing selawas-lawasé.”PT 4: 40
Yen mung
diomongke, kayane gampang nglakoni tembung MANUT, merga ya mung limang huruf,
tur ya sajak gampang. Ananging kaya unen-unen sing sumebar neng masyarakat,
gedang wong pakel, omong gampang ananging nglakoni angel, semono uga bab
nglakoni tetembungan MANUT. Apa ta tegese manut kuwi? Manut kuwi tegese
nglakoni samubarang jumbuh karo pranatan sing ana. Kosokbaline manut kuwi
Mbalela, sing tegese nglawan utawa ora nglakoni kaya apa sing dadi pranatane. Contone,
yen neng lampu Bangjo kae,sing diarani manut kuwi, nalika lampu murup abang
njur pada mandeg, ben ora ana kacilakan, ning yen mbalela, sanadyan abang ya
diterak wae, mula isa ndadekne kacilakan. Manut kuwi nalika pamite sekolah ya
mangkat sekolah, ora malah dolan neng papan sing beda, lan sekolah kuwi entuk
elmu sing anyar, dene dolan mung olih senenge awak pribadi.
Saka
wacan leksionari dina iki, rebo pon lima September rongewu wolulas, khususe seka kitab Pangandaring Toret, bab 4 ayat 40,
akeh piwulang luhur sing isa dadi paugeraning urip. Gusti Allah paringdhawuh
marang wong ngisrael supaya manut karo pranatane Gusti, tujuanne supaya slamet, malah karo ank turu kabeh. Saliyane kuwi, Gusti Allah uga ngelikne yen
wong ngisrael manut, ora mung kanggo dewek’e ananging uga kanggo anak putune, tegese yen pada manut,
sing slamet kuwi karo tedak turune, utawa anka-putune. Kayane gampang apa kang
dadi kersane Gusti, mung kon manut pranatan-pranatanne, ananging ing kasunyatan
ya angil tenan. Sejene ana panggoda-panggodaning urip, wong ngisrael kuwi ya
aleman lan angel dimangerteni. Senengane kekarepane klakon kabeh, yen ora
klakon sanadyan elek njur mbalela, ora manut maneh. Mulane kuwi sanadyan kayane
gampang, ananging bab manut kuwi ya rumpil
utawa angel, merga urusane karo karepe dewe lan kersane Gusti. Ananging sing
baku, yen manut Gusti, mesti nuju marang bab sing apak lan nyenengke, beda karo
yen mung manut karepe dewe.
“Arep
ngandi Lik, kok sajak serius men? Niki taksih enjing lho?”, Nduk I’in takon
marang paklik’e Ndoleng.
“Arep
ngeriti pari nggon sawah dul kali nduk, wong dientenana ya ora panen. Wis garing
sring, gabahe ora metu berase. Kojurr ndukk…apesss..”, Lik Ndoleng mangsuli
karo sajak nggrantes.
“Salehmu
ta Lik, mbiyen dielikne, rasah nandur pari, kacangijo po kacang brol wae,
ketigane sajak dawa, malah sampeyen ngeyel, alesane nandur palawija dientekne
Kethek. Njur yen saiki parine rapanen kan yaw is lumrah”, Dalijo ngelikne apa
sing pernah klakon.
“Iyo
Dal, jenenge wae kleru, ora manut, ya ngene iki lelakone, ningya tetep kudu tak
tampa”, Lik Ndoleng mangsuli.
“Kaya
lelakon rasida omah-omah karo Yu Wasti ya lik, ora manut pitutute mbah Pawira
ya?”, Daijo mangsuli ning sajak ngece.
“Lambemu
Dalll..tekan kuwi meneh…!!”, Lik Ndoleng sajak nesuune tenanan.
Lur,
ayo nglakoni urip iki sinartan manut pepakon sing ana, klebu pepakone
Gusti..ben ora getun ing tembe mburine,,,
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar