Sabtu, 08 September 2018

MILAH MILIH


SETU  LEGI 8 SEPTEMBER 2018
BENINGE  EMBUN ESUK

Yesaya 33:1-9
Jabur 146
Matius 1:1-16, 18-23

“Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni kaya sing didhawuhaké déning Malaékaté Pangéran mau. Maryam banjur diningkah..” Matheus 1:24

Sakwise wingi ngrasak-ngrasakne apa kuwi kesanggeman utawa bab SAGUH, dina iki ayo mlebu neng babagan MILAH njur MILIH. Jejere menungsa kuwi sing mbedakne karo titah liyane yakuwi nduweni pikiran. Fungsine pikiran kuwi dinggo mikir, mulane yen duwe pikiran, ananging radinggo mikir, ya isa diarani ngudukne drajate titah, kaya sing urip ananging ora isa mikir. Mulane , ayo miwiti dina iki, setu legi wolu September rongewu wolulas migunakae pikiran, dingo MILAH samubarang sing tansah kumliwer neng sakiwa tengene urip iki, njur yen wis MILAH, saktruse MILIH. Mulanekudune isa dinalar, yen wis milih kuwi mesti njedul seka Milah sing migunakake pikiran, kanggo nenimbang samubarange.

Rama Yusuf jian ngadepi kahanan sing sarwa angel, sulit. Lire kepiye? Lha lagi tunangan, lha kok ujug-ujug didawuhi Malaekate Gusti, kon ngepek bojo Maryam tunangane. Jan-jane ya mothak-mathuk wae, wongya wis lopyupul (jare swargi mbah Surip). Umpamane bacah saiki ngono ya rindik asu digitik. Ning merga ana “sesuatune”, banjur tuwuh rasa sing beda ana ing pikiran lan rasa pangrasane rama Yusuf. Apa ta kuwi? Lha ana apa ta janjane kuwi? Anane rama Yusuf nduweni pikiran rada abot kuwi merga pacangane wis ngandhut, kamangka rama Yusuf rarumangsa nDePe, lha pora ya kojur. Ora ngapak-ngapakne, bareng tunangane isi, njur kon tanggungjawab. Kahanan kuwi jian abot tenan tumrape rama Yusuf, ananging sakwise ditemoni Gusti lumantar impen, banjur setuju tanpa syarat ngrabi Maryam. Kabeh wis ditimbang-timbang, diunggahne diudukne lan diwolak-walik, mula apa sing dadi keputusane rama Yusuf kuwi jain joss tenan.

Kabeh menungsa kuwi mesti diadepake marang kahanan sing ora gampang, tur ya ora ijin. Akeh pilihan-piliha, mulane kudu isa milah kanthi pas sakdurunge millih. Yen wis milih ya kudu sembada, aja mung milih ning bar kui colong palyu tinggal glanggang. Patuladane rama Yusuf jian apik tenan dingo uripe awake dewe saiki, wani milih ya kudu wani sembada nangung resiko pilihan. Sanadyan wis ngandut, lan kuwi dudu anak’e, nanging rama Yusuf saguh nampa satus persen. Mulane pitakonane kanggo pribadine dewe-dewe, sing mbok pilih kuwi wis mbok pilah durung?Njur yen wis milih apaya sembada samubarange?

“Lik, mbiyen Yu Wasti tikrasida mbok pilih ki apa sebab’e?”, Dalijo takon Lik ndoleng karo nyumet Dajrum Supere sing kari sakler.
“Gah Jo, jik waris, tangga dewe, nggolek sing adoh wae..”, Wangsulane Lik Ndoleng karo nyilakne rambute, sanadyan mlunthun merga rambute mung kari limolas ler..
“Halah…rawani nembung wae ndadak alesan neko-neko Lik…”, Nduk I’in semaur seka pawon karo nggawa kopi kemudul, sajak jik mongah-mongah.
“Ora ponakan lanang, ora wedok, kabeh ngeceni bapakne cilik, jian dlondonng kabeh…”, Muni ngono lik Ndoleng sinambi mesem rada kecut..

Lur, ayo sinau seka rama Yusuf, milih kuwi sakwise dipilah-pilah ndisik, benra getun ing tembe mburine..

Mbahe..








Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH