Jumat, 14 September 2018

RAHAB


JEMUAH  PAING 14 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK
RAHAB

Yosua            2          : 15-24
Mazmur          116     :1-9
Yokanan        3          :13-17

"Pangucape Rakhab marang wong mau: “Panjenengan kula aturi tindak dhateng ing pareden, supados sampun ngantos kepanggih kaliyan ingkang sami ngoyak panjenengan; wonten ing ngriku panjenengan kula aturi umpetan tigang dinten, ngantos ingkang ngoyak panjenengan sami mantuk, wasana panjenengan kula aturi nglajengaken lampah" Yosua 2:16

Rahab, kuwi salah siji jeneng tokoh neng Kitab Suci Perjanjian Lawas. Pancen jeneng Rahab ora patio popular, mbuh kuwi mbiyen jaman Kitab Suci apa saiki jaman modern. Lire kepiye? Arang ditemokne jeneng Rahab neng Perjanjian Lawas lan Perjanjian Anyar. Dene ana ing jaman saiki, kayane luwih angel nggoleki pawongan sing jenenge Rahab. Mbuh apa salahe jeneng Rahab kok ora popular, kamangka yen disawang seka tumindak’e, Rahab ora kalah karo tokoh-tokoh wadon Kitab Suci liyane, yen manut “sejarahe” pancen ana sithik perkara  sing bisa wae ndadekna wong rada rishi ngidola’I Rahab. Ananging apa ana wong ing jagad iki, klebu tokoh Kitab Suci, sing tanpa sejarah lan uga tanpa cacat (awas macane sing pas) sejarahe? Kabeh mesti nduweni kekurangan.

Bali neng crita Kitab Suci, babagan Bulik Rahab. Sanadyan ora patio popular, ora tokoh, ora selebritis, ananging bulik Rahab wis tumindak sing apik, kanggo wong liya lan kuwi uga kanggo dewek’e. nalika utusan telik sandi sing utus Yusak ngindik Yerikho konangan raja Yerikho, njur kon lunga meneh, kamangka durung rampung olehe naliti, banjur dawuh marang bulik Rahab kon ngetokne seka omahe. Ananging bulik Rahab ora tumindak kaya sing dikarepke retune, telik sandi 2 kuwi diumpetke ndisik neng omahe, sebab meh dipateni tentarane Yerikho. Telik sandi 2 seka ngisrael kuwi nembe dikon lunga nalika kahanan dirasa aman. Merga tumindak mengkono kuwi, mulane telik sandi kuwi janji yen mengkone Yerikho dikalahke, dijur-jur, bulik Rahab dijamin aman.

Saka crita ing nduwur, pasinaon sing isa dipethik yokuwi, wong kuwi sing penting tumindak’e saiki,dudu sejarah mbiyene. Kuwi sing diyakini bulik Rahab, elek rapapa, ora terkenal rapapa, sing penting saiki sadar tumindak kudu sing apik lan migunani wong liya. Kaping pindone, tumindak apik kuwi mesti ana resikone, kaya bulik Rahab kuwi, yen konangan ndelikne telik sandi ngisrael, mesti entek uripe, ning tumindak’e bulik Rahab kuwi ditalesi iman utawa kapercayaan, yen sing bener kuwi wong 2 kuwi lan bangsane. Dene sing pungkasan, sanadyan tahu nglakoni tumindak sing guedi tumrab wong akeh (bangsa Israel), ananging bulik Rahab ora nesunan, ora mutungan, orangamuk’an, ora baperan. Lho kok isa nduweni penemu ngono? Lha isa wae, nyatane sandyan saiki arang wong Kristen sing njenengke anak’e wedok nganggo jeneng Rahab, ananing ora tahu dipripeni bulik Rahab njur diamuk kan?hehe..
“Dal, kira-kira mbiyen kuwi Rahab kuwi ayu pora yo?”, Lik Ndoleng takon karo Dalijo, nalika lagi jejagongan neng teras sore kuwi.
“Mestine ayu ta lik, lha yen ora poya payu, kan manut critane Kitab Suci, bulik Rahab kuwi anu..hmm..anu”, Dalijo ora wani blaka ngarani sapa sejatine Rahab.
“Yen menurutku kuwi yo ayu lik, wong ya wong wedok, mosok bagus”, Nduk I’in cluluk karo ndondomi seragam satpam pacare.
“Sing mesti rosa/kuat, lha isa ngedukne-ngunggahke wong loro liwat tembok ik, brarti lemu ya cah?”, Lik Ndoleng jik penasaran karo tokoh Rahab.
“Hush, sing lemu kuwi sing dina iki ulang tahun lik..kae jian berbobot tenan..”, Wangsulane Dalijo.

Nulada’o tumindak apik, aja mung watong nuladha sing popular wae..

Mbahe..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH